Rabu, 21 September 2016

Nurul mardianti/18
Sekolahku Penting

Ing kutha kangge dheana arek sing urip ing kaluwarga sing paanguripane susah. Saben dina gawe mangan wae kekurangan duwit gawe tuku beras, apa maneh gawe nyekolahake anak-anake. Kaluwarga iku yaiku mbok siti. Wis lima tahun bojone wis seda. Mbok siti nduwe 3 anak sing paling cilikisih SMP nangingora bias nerusakesekolah. Jenengerina. Padahalrinaarek sing pinter lan sregep sinau. Gawe nerusake sekolah wae ora ana danane. Saben dina rina mung dodolan e sing ngarepe SMP 1 depok. Saben dina mung bias nguwasi kanca-kanca sing saumuran bias sekolah.
Kadang ing omah rina takon marang ibune “mak kapan kula saged sekolah kaya rencang – rencang liyane? Napa kula mung bisa mriksani saking njaba mawon?”
Mbok siti nangis nalika rina takon kaya ngunu. Wong tuwa endi sing bias nguwasi anake ora sekolah. Nanging syukur wae ana tanggane sing maring ibuku bekas kanggo rina sekolah. Rina isih bias sinau ing omah sawise dodolan es.
Ing dina sabtu iku, rina dodolan kaya biasane, ambek ngenteni sing tukurina maca – maca buku pelajaran. Lan mara – mara teka uwong “nduk, kenapa kok ora sinau kaya kanca-kancamu ing sekolah iku wae”. Rina mung mesem lan njawab,”kula mboten wonten biaya. Ibu kula sampun ditinggal seda bapak.” Wong iku ngomong maneh,”apa kowe pingin kaya kancamu in njeroiku?”
“inggih” jawab rina. Wong iku nekei pirang-pirang pitakonan pelajaran marang rina lan rina bisa njawab kabeh. Wong iku takon ala materina lan muleh sakarina.

Dodo lan wis mari. Rina mulih ing omah. Sawise sholat maghriba nata muya iku wong sing mau nakoni rina. “bu kula ngerti yem rina niku lare sing pinter. Dadi kula ten mriki badhe maringi rina kesempatan damel sekolah male. Segala biaya kula sing nagging.” Tegese wong iku. “loh kula niki mboten sapa-sapane sampeyan pak” jawab mbok siti. Wong iku ngomong yen wong iku ikhlas nulung rina. Eman yen ana bocah pinter sing ora bisa nerusake sekolah kaya rina. Keluwarga rina seneng ngrungoake kabariku. Lan rina sesuke bisa sekolah maneh.

Senin, 19 September 2016

Anni Hanifan Muslima / 06

"Sombong Nggawa Cilaka"

Semilir angin ing wayah udan riwis – riwis iku, nggowo atiku menyang suasana sing ora karuan. Rasa wedi kaliyan bingung perang ono jero atiku, rembulan lan lintang ora jelas ono ngendi panggonane amarga ketutup langit mendung. Lampu – lampu omah padha murup, lan tiyang – tiyang sampun sare. “yen wes ngerti koyo ngene iki, aku wegah ngulangi maneh, kapok aku wes.” Pikir ku ing jero ati. Ya, sakniki aku kejebak wonten jero rumah kosong ing desa tetangga. Desa kasebut Desa Sidomulya, sing wis terkenal kaliyan keangkerane. Jare gosip sing beredar saka wong menyang wong, bc menyang bc lan sms menyang sms. Wonten salah setunggalipun griya sing wis ora di panggoni manungsa. Griya niku wonten ing salah setunggalipun dalan sing rawan kecelakaan, mesti ing setahun wonten wae sing kecelakaan wonten dalan niku, mulai sepeda pancal, sepeda montor, montor lan sak panunggalane. Korbane uga macem macem, ana kucing, pithik, bocah – bocah, bapak – bapak, ibu – ibu, nganti tiyang sepuh. Mulai tatu ringan, tatu berat lan ono sing nganti kilangan nyawanipun wonten dalan niku. Jarene gosip iku, wonten pesugihan sing mangan tumbal yaiku korban kecelakaan niku. Lan arwahipun korban padha pindah menyang griya sing kosong wonten cedhakipun dalan.
Hawa panas nandhaake srengenge wonten dhuwuripun sira, semilir angin uga dadi barang langka sing dibutuhake tiyang katah, pas wayah wangsul sekolah niku, kula, Amir, Budi lan Joko mlaku mlaku bareng lan mampir wonten salah sijinipun warung. “Bu, es serut setunggal tambah roti nggih bu..” aku pesen, “Iyo, le”. Pas sakmarine pesenan teka, Budi cerita masalah griya sing angker wonten desanipun. “Eh rek, wau bengi pas aku wangsul saka nobar wonten griyane kancaku, aku mlaku lewat ngarepe griya sing kosong. Eh pas enak – enak mlaku, sing mbendok watu. Aku kaget rek lan ngamuk. Tak selidiki asale sing mbendok saka griya sing kosong iku. Pas aku mbukak pagere aku krungu suara wong nangis rek, kaget aku. Suara iku tak goleki saka ngendi asale. Pas ketemu ana rambut dowo rek, rambutipun ngelayang. Aku kaget, orah usah babibu aku langsung kabur ae wis. Wedi aku.” “iya wingi sore pakdheku lewat kono rek, krungu suara wong nangis” saut joko. Budi lan Joko niki griyanipun wonten Desa Sidomulyo yaiku desa tetangga, jarakipun ora adoh kirang luwih 2 kilo. Joko lan Budi niki sekolah wonten SMA ing desa ku, saben dina nitih sepedha pancal, Budi lan Joko niki kanca sakelasku, Budi iku tiyang sing ceria, asik lan olah ragae wis sae, lan Joko niku tiyang sing humoris, pinter tapi ora remen kaliyan olah raga, bedho 180 derajat kaliyan Budi. “Hahaha, ra percoyo aku bud, kowe palingan ngapusi” jawab aku “Iyo budi iku senengane ngapusi.” Saut Amir. “Ngapusi opo ta? Aku ora ngapusi rek, iki temenan, kedadeyane aku dhewe sing ngerasakne.” Jawab Budi. “Alah bud, palingan kowe yo ngarang cerito, supaya aku lan joko wedi.” Jawab aku “iyo bud, ojo ngarang cerita” saut Amir. “lho rek aku percoyo Budi, soale omah iku pancen angker.” Jawab Joko “wes jok, nek ono setan, engko setane tak tabok cekne kapok, hahahaha” jawab ku “wes le, ojo sombong – sombong, ora becik” jare Bu Sa sing duwe warung “lha sinten sing sombong bu, niku budi bu remen ngapusi tiyang liya” jawab Amir “ya wis yen kowe padha wani, engko bengi nginepo menyang omahku, kesok minggu kan?” jawab Budi “ah kecil iku” jawab ku.
Hawa bengi wis mulai nusuk balung lan nembus kulit, jangkrik lan kodok sawah wis mulai konser musik, ing wayah bengi niku kula, Amir lan Joko nginep wonten griyanipun Budi. “wis siap rek? Ayo budhal” Budi ngomong, kula lan rancang – rencang kula budal ngawiti petualangan wonten griya kosong. Sakniki Budi ngajak mas sepupunipun sing duwe ilmu spirirtual. “Mas mengko menawi wonten masalah, kula nyuwun tolong nggih” Budi ngomong menyang mas Arid, “Gampang wes” jawab mas Arid. Jam wis nunjuk angka 8, awakdewe sampun tutuk wonten ngarep griya kosong niku. Aku mlebu pertama griya iku, krekk, suara pager bukak, ora suwe setitik, ono suara benda sing tiba. “gedubrak” “tikus paling” pikirku, ra usah babibu kula, Budi, Joko, Amir lan Mas Arid mlebu wonten jero griya kosong niku. Pas lawang dibukak udan riwis – riwis tiba saka langit, hawa adem nabrak badan kula, nembus kulit lan nusuk tulang. “gedubrakkk” suara benda tiba metu maneh. Sak iki aku wis ngeroso ora enak, ati ku ora karuan, rasa pesimis wis ngumpul wonten jero otak lan ati, nanging rasa isin marang rencang uga wonten jero ati, yen kula ora wani konco ku gelem dolan karo aku nopo ora, pikirku.
Kula lan rencang – rencang mlaku – mlaku nelusuri saben pojok wonten griya niku. Griya niku lumayan gedhe, desain wonten jero griya niku model eropa lan jawa. Lorong – lorong sing boten wonten lampu, di telusuri kabeh. Pas tutuk kamar pertama wonten griya niku kesannipun kagum uga prihatin amarga griya sing duwe kamar gedhe lan sae niku boten dipanggoni. “hiiii, hiiii, hiiiii” aku krungu suara wong nangis, suaranipun nyayat ati lan nggarai wulu alus wonten badan podho ngadek kabeh. “wedus, suara opo iku?” aku ngomong “ono suara opo bud? Aku ora krungu opo - opo?” jawab Amir “aku pisan” jawab Budi lan Joko . “suara wong nangis yo bud?” takon mas Arid “nggih mas” jawabku, “engko ojo nganti pencar yo rek” Mas Arid ngongkon “Nggih mas”. “Sret…sret…sret…” sakniki metu suara barang sing diseret – seret, rasa wedi wis nguasai awakku, merinding wis nyerang badan lan gemeter padha meneng wonten sendi – sendi awakku. “hihihihihihi” suara wong ngguyu wes krungu sakniki Amir sing krungu, aku krungu nanging setitik, Joko, Budi lan Mas Arid ora krungu suara opo – opo. Pas tutuk ruangan keluarga aku ndelok bayangan putih sing lenggah wonten kursi, tapi ora suwe, sak marine awakdewe lanjut nganti pawon sing cedhak karo toilet. Pas wonten kono, lampu senter sing digawa padha mati kabeh. Angin nyebul tambah banter, jendela lan lawang wonten dapur padha gedebrukan. Pas aku ngadep nduwur, aku ndelok pemandangan sing ora enak didelok, ing dhuwurku wonten wong wadon sing gawe klambi putih, lan rainipun boten berbentuk. Amarga kaget lan campur wedi aku langsung mlayu menyang griyanipun Budi. Wonten dalan pas wayah udan niku kula mlayu lan maca dzikir lan do’a sing kula hafal. Wonten griyanipun Budi kula langsung salin klambi lan sare lan nutupi badan kaliyan selimut. Badan adem panas, tandanipun penyakit demam nyerang badan kula.

Tigang dinten kula boten mlebet sekolah, jare dokter kula kena tifus, lan kudhu istirahat lan Alhamdulillah kula sakniki sampun waras lan penyakitipun boten disebabno gangguan setan. “eh Jar, piye kabarmu?” takon Budi lan Joko “Alhamdulillah” jawabku “Eh Jar, wes waras?” takon Amir “Iyo bro, eh pas aku mlayu kabur ono cerita sing apik tah?.” jawabku. “eh jar pas kowe mlayu saka griya kosong niku, amir ndelok pemandangan bantal guling warna putih sing duwe rai, saking wedine Amir nganti ora sadar aliyas semaput, Aku lan Joko podho bingung. Akhiripun mas Arid ngajak wangsul, amarga suasanane wes ora enak, lan bahaya. Aku diceritani mas Arid nek ing griya niku wonten katah setan sing ngganggu manungsa, salah sijinipun kuntilanak sing kowe delok lan pocong sing didelok Amir.” Cerita Budi. “Mangkane jar, yen dadi wong iku ojo sombong” saut Amir “ala kowe yo sombong pisan, jarene wani karo setan?” jawabku “wes rek, kowe mari nggarap PR ta?” takon Joko “waduh iyo” jawab Budi lan Amir “bud, bud, mir, mir” pikirku. Sak marine kedadeyan iku aku ora wani sombong maneh lan percaya marang kehidupan wonten alam lain yaiku alam ghoib.
Makhinuddin Nuh/15

Lunga Menyang Pantai Prigi


Cerito pengalamanku wayah cilik, aku lan kluargaku mlaku2 menyang pantai prigi. lungaku numpak mobil pribadi. aku budhal saka omah jam 4 isuk nganti jam 8 isuk tekan kono. wayah kuwi dalane isih ala banget dadi lakune suwi. ning tengah dalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing apik banget. sak marine menyang kono, aku ndeleng akeh wong podo adus. banjur aku cekat ceket genti klambi. aku lngsung mlayu nang pantai. banjur bapak nyeluk aku ngongkon mangan dhisik. saenteke mangan, aku nyewa ban gae adus menyang pantai. ora krasa wayah wis sore, banyu segara apene pasang. banjur aku genti klambi lan mulih. ora krasa aku turu nang njero mobil. rasane cepet banget perjalanane. tangi2 aku wis ana nang ngarep omah.
Nisa Assifa Hakiki/ 31

Katresnanan Ketemu saka Bimbel

Salah sawijining urip, ana bocah jenenge Rahman. Areke sekolah ing SMA. Senadyan iku pinter nanging ora tau umuk kepinteran kuwi. Amarga kabeh wus diuningani kepinteran rawuh saka Gusti Allah SWT.
Sawijining dina dheweke sinau ing Bimbel. Karo pandonga lan dukungan saka wong tuwa, kang bisa kanggo nggawe prestasi akademik lan non akademis mundhak. Ing sekolah, piyambakipun uga disenengi amarga kang pinter mitek gitar, ramah, becikan ing kancane, sabar lan kaprigelan. Dheweke ora umuk apa sing bisa ngrambah amarga weruh iku sing akèh cacat lan kawikanan uga kalebu ing peparinge Allah. Pakulinan ing ngarep ing kalodhangan iku kanggo mitek gitar, nggawe anyar lagu lan nggoleki soko migunani internet, kayata nemokake buku ing dokumen. Dheweke ora cepet nyerah lan tetep nyoba.
Dina sawise dina, kang disenengi Rahman jenengé Hakiki. Rahman nyoba kanggo sinau bebarengan Hakiki saben dina ing bimbel, sanajan ora ana jadwal kursus.
"Ki, sesuk aku arep ujian fisika. Isa ngajari aku fisika? ", ujare Rahman.
Hakiki, "ya Man, nang ngendi lan jam piro?"
Rahman, "Sawise sekolah ing Bimbel"
Mereka nggawe wong kaget amarga sanajan sekolah beda nanging tansah sinau bebarengan ing Bimbel gentur. Saben saiki banjur guru sorak amarga mereka kompak banget kang nyilih-nyilihake buku-buku kang bakal diujike sesuk.
Nalika ing kelas Bimbel kasebut, padha uga diijolke panemu bab piwulang kang wis ora mangertos. Rahman tansah mulang pawulangan Sajarah Hakiki amarga areke pinter banget lan pangerten saka perkara. Panjenenganipun mulange sabar banget nganti Hakiki ngerti bener. Senajan Hakiki ora seneng pelajaran iki, nanging Rahman nyoba kanggo nggawe piwulang iki bakal di senengi dening areke.
Ing wektu Hakiki jaga dadi Palang Merah Remaja ing sekolah, kabeh kang dadakan tak kabar saka pakaryan kang bakal diklumpukake ing dina sabanjuré lan wus ora makarya lan ora nggawa laptop. Rahman iki ngirimke laptop kanggo Hakiki ing sekolahake, sanajan dheweke ora kepikiran yen nyuwun bantuan nang Rahman iso. Amergi kebecikane Rahman, tugas Hakiki pungkasanipun rampung.
Ing wayah wengi, Rahman menehi Hakiki ngerti yen ing laptope dheweke ana lagu dening Rahman. Banjur Hakiki uga muter lagu. Lan pungkasanipun Hakiki karo kanca sing mirengke kagum karo swara lan lirik lagu digawe dening Rahman. Wiwit kuwi Hakiki tresna lagu lan pengin krungu Rahman nyanyi maneh ing ngarepe dheweke.
            Sawijining dina, Rahman lunga ing Bali kanggo preian. Hakiki aran sedih amarga ora ana siji iki dijak kanggo sinau bebarengan maneh sanajan iku mung 3 dina. Amarga padha kaya saben liyane, Rahman ngehubungi Hakiki supoyo tetep dadi bebarengan. Rahman gelem nglampahi kalodhangan kanggo sinau senadyan wektu iki kudu mung kanggo seneng-seneng.
Ing tanggal 17 Agustus, Rahman balek saka Bali lan ngengken Hakiki kanggo ketemu dheweke ing Bimbel. Sifa oleh hadiah sing akeh saka Rahman. Hakiki kaget dening sikap dheweke sing wis saya nggawe kepincut.
Saben dina Hakiki tansah nyandhang gelang sing tulisane "Hakiki". Amarga kang seneng sanget  lan panginten sing Rahman tansah dadi dening sisih senadyan kasunyatan sing iya ora tansah bebarengan amarga beda sekolah.
Saben jam kursus, Hakiki dibully dening kabeh kancane kang amarga kanca-kanca arep cepet nemokke lan nyata ngerti yen mereka tresna saben liyane. Nanging karo sabar, Hakiki ora bakal menehi ndhelikake kang uga tresna marang Rahman. Amargi pengin ngerti saka tembung Rahman langsung yen dheweke tresna Hakiki.
Sawijining dina kanca-kanca Hakiki nyuwun bantuan kang guru kanggo bullying Hakiki lan Rahman, supaya padha cepet nyawiji. Nalika krungu lonceng bunyi, Hakiki lunga menyang jedhing lan banjur lali hp ne ana ing kursi guruhe. Akhire hp iku didhelikake dening guru lan kanca-kanca. Hakiki ndeleki hpne nganti ora mari-mari
"Coba Rahman kamu suruh misscall. Areke ana ing masjid, "ngandikae Guru.
"Kenapa harus Rahman mboten sing liyane?" Hakiki jawab.
Guru, "Emange kanca mu gelem mbantu?"
"Males. Ora duwe pulsa ", dumadakan kabeh kanca-kanca.
Hakiki ngejarno kancane lan tindak menyang musholla kanggo ndedonga. Ternyata ana akeh kancane Rahman. Panjenenganipun mlayu bali menyang kelas lan ngajak kanca sing jenenge Tasya kanggo ngancani supaya ora dibully kancane Rahman. Rampung wudhu, iku Tasya bali nang kelas. Hakiki mlayu lan neson karo Tasya narik kanggo bener-bener ngancani pandonga. Tekan ing masjid, dheweke ora gelem melbu nanging ngenteni ing njaba, tapi Hakiki ora pengin. Akhire kanca krungu suwara kasebut lan eling yen iku swarane Hakiki. Wong loro dibully maneh. Nanging Hakiki terus shalat. Nanging nalika pandonga rampung, iku dadi metu Tasya ninggalake dheweke, lan areke mlayu kanggo kelas.
Ing tanggal 17 September, senajan ora sengaja duwe jadwal Bimbel padha lan ruangane dempet. Pembullyan wiwit maneh nanging ing kelas dhewe-dhewe. Kelase Hakiki kapisan rampung, nanging budhal pandonga ing musholla lanjut wifian. Kang pirang menit sakwise, kelase Rahman rampung. Siji kanca Rahman jenenge Harun, bully nemen nganti Hakiki nangis. Nalika Hakiki bully kancane, dumadakan hp ne lali dhelehe lan katemu dening Harun. Dheweke lan Rahman mbukak hp ne Hakiki lan ndeleng kabeh isihe. Rahman pungkasanipun ngucap katresnan ing Hakiki lan nyanyike lagu kang digawe khusus kanggo areke. Akhire mereka bersatu amergi wis padha ngerti katresnanane.
RICHO FEDHIA S / 30
PERJALANAN HIDUP

Aku lahir ndek jombang tanggal 16 februari 1999 aku lahir ndek keluarga seng iso dianggep kurang mampu, aku duwe dulur 5 lanang kabeh utowo iso disebut pandhawa 5, Ayahku kerjoane tambal ban lan ibu kerjoane mung dodolan pakanan kewan. Aku biyen sekolah tk ndek cidek omah yaiku tk pertiwi, pas tk aku tau juara bal balan tingkat kabupaten, terus aku ngelanjutne sekolah ndek SDN Ploso, biyen pas kelas 1 sampek kelas 3 aku tau diseneni guruku gara gara tulisanku seng kayak cekeremes tapi aku biyen ya terkenal pinter e pas SD mesti rangking 5 besar terus pas kelas 6 alhamdulillah danemku apik 26,65 lah aku pingin mlebu RSBI smp 2 jombang tapi aku ndelok kondisi ekonomi keluarga gak mencukupi, aku takon nang ibuk “ Buk aku tak sekolah nang Smp 2 jombang yo buk” ibu Cuma jawab “ ojo nak, ojo adoh adoh seng cidek cidek bae”, akhir e aku aku dikokon sekolah nang SMP 1 Tembelang, pas pertama budal sekolah aku diterne ayahku numpak sepeda, ndue kenalan konco nyar, tapi sak terus e aku numpak len sak ben budal sekolah, pas kls 3 smp kajenge UN, aku ditinggal karo wong seng biasane motivasi aku lan gelem ngerungokne curhatanku pas aku lagi down down e yaiku Ayahku, ayahku jarene dokter kenek penyakit dalam, ayahku dimakamne nang lingkungan pondok pesantren Shidiqiyah. Akhir e yo nilai UNku yo jeblok, nang sekolah jombang aku gak onok seng ketrimo akhir e aku dikokon ibuku sekolah nang mojokerto. Pas aku isek kelas 1 SMA aku urip mung karo ibu nang omah ploso, masku seng nomer 1 lan nomer 2 kerjo nang Jakarta, seng no 3 kerjo ndek jawa tengah, masku seng no 4 isek kuliah nang Surabaya. Pas tanggal 29 ulan 11 2014aku ditinggal wong seng tau bimbing lan ngajari urip seng apik, seng nasehati aku, seng nyeneni aku pas aku ndablek, wanita tangguh yaiku ibuku, ibuku meninggal e nang Jakarta nang omah e masku seng no 2, tapi dikubur e nang ploso nang lingkungan pondok pesantren shidiqiyah dijejerne karo ayahku, pas ibuku gaonok rasane wes pengen gak sekolah ae, nang pikiranku “gae opo sekolah lek wes gandue wong tuo” tapi mas masku nasehati aku kabeh “ masio wong tuo e awakdewe wes gaonok tpi beliau isek iso ndelok awakdwe tpi awadwe seng gaiso ndelok beliau”. Jarene dokter e ibuku kenek penyakit dalam yaiku Kanker darah. Akhir e aku kelas 1 semester 2 dipindahne karo mas nang SMA 3 Jombang. Nang sma 3 aku ya isek down down e, aku wes kayak aras arasen sinau, tapi akeh koncoku seng gelem ngehibur aku gelem bangkitne semangatku, aku ket ciik ya ndue cita cita pengen dadi dokter, pas ayah meninggal kenek penyakit dalam aku tambah semangat pngen dadi dokter trus ibuku barang ya kenenk penyakit dalam ya aku malah semangat maneh, pengen ngerti kenek opose penyakit e wong tuoku iki, meskipun aku ya sedih wes gaiso bahagiane wong tuoku, gaiso lunggo kaji bareng bareng karo wong tuoku.

Sepunten e lek wonten kata kata seng nyelekit ten ati panjenengan sedoyo, ngapuntene seng katah :D
CITRA LIZA T / 29
SEKOLAHKU SEMANGATKU

Ing sawijining dina, Dion bocah kang pinter, sopan lan asor kuwi lagi ngelamun ing ngisore wit kapuk pinggir sawahe pak lurah. Wajahe sumelang kaya ana masalah sing dipikir. Nalika Pak Lurah lagi ndeleng tebune ing sawah Pak Lurah kaget ngerti Dion lang ngomong “Loh nak Dion, kenopo to kok tak sawang kaya mikir abot ngunu?” banjur Dion njawab “Oh Pak Lurah, mboten ana napa-napa kok Pak” jawabe Dion karo mesem. Pak Lurah ngendikan yen ono masalah kuwi ojo disimpen dewe, amarga iso marai setres. Dion ugi nywang Pak Lurah karo mesem “Ibu kula mboten saged nyekolahaken kula malih Pak” jawabe Dion. “Loh la kenopo to nak?” Pak Lurah kaget. Dion njawab amek kudu nangis “Ibu kula mboten sanggup malih mbayar biayanipun kangge sekolah kula Pak.” Pak Lurah banjur nenangake atine Dion lan janji yen PakLurah wis panen tebu bakal mbantu Dion lan ibune, banjur Dion diterake mulih karo Pak Lurah.
Dion kuwi bocah sing sregep. Karo ibune yo manut. Pancen sapaninggale Bapake Dion lan ibune urip serba kakurangan, ibune ora bisa kerja abot amarga duwe lara sesek. Gawe nyambung urip Dion dodolan es muter-muter desane. Bengine deweke sinau lan mbantu ibune nyepakake dagangan. Isuk e sawise sembayang subuh Dion nyepakake buku-buku lan sarapan. “Dion, ayo cepet sarapan!” ibu ngutus Dion. “inggih bu” jawabe Dion. Wektu Dion sarapan ibune ngendikan “Le, ibu ketone wis gak sanggup mbayar biayamu sekolah meneh le” ngendikane ibu karo sedih. Dion mesem karo nguasi ibune “Boten napa-napa bu, kula usahaake saged sekolah tanpa biaya sing katah”. “sakkarepmu le, ibu bakal ndukung sampeyan sampek sukses” omonge ibu kao ngelus sirahe Dion. Sawise sarapan Dion pamitan karo ibune banjur budal menyang sekolah. Ing sekolah Dion aktif takon-takon lan njawabi pertanyaan tekan guru-gurune. Kancane ya akeh sing ngajak sinau baren Dion.
Wektu istirahat gak sengaja Dion maca pengumuman yen iso oleh peringkat paralel deweke oleh reward gratis SPP setaun. Akhire Dion dadi luwih semangat maneh olehe sinau. Saben mulih sekolah Dion mesti nang perpustakaan gawe sinau, nggarap tugas utawa nyilih buku kanggo sekolah. Sawise tekan kunu deweke banjur ngedolne dagangane muter-muter desone sampek dagangane entek. Tekan omah Dion sinau meneh, ibune seneng nyawang Dion semangat gawe sekolah. “Le sampeyan saka mau kok durung mangan ta? Wis dicepakake karo ibu kawit mau lho”. “Inggih bu, kula tasik mgerjakaken tugas” jawabe Dion karo maca bukune. Akhire ibune melebu kamare lan ndulang Dion supaya gak lali mangan.
Senen mene iku wis ulangan kenaikan kelas, Dion atine wis nderedeg amarga deweke durung ngelunasi SPP lan sak sembarange. Tne Dion wis gak kepenak sampek kegawa mulih. Pas deweke mlaku mulih lewat sawah deweke ketemu Pak Lurah maneh “Dion!” pak Lurah nyeluk Dion. “Wonten napa Pak Lurah ?” jawabe Dion. “Ikilo aku kate menehi dhuwit awakmu kanggo mbayar sekola” pak Lurah banjuh menehi dhuwiy marang Dion. “Maturnuwun Pak Lurah sampun mbantu kula lan ibu. Maturnuwun sanget Pak” jawabe Dion karo salim. “Iya nak, digawe sing temenan yo dhuwite” ngendikane Pak Lurah marang Dion. Sawise iku Dion langsung mulih, atine seneng banget. Tekan omah Dion sinau mempeng gae nyiapake ujiane. Deweke sinau lan ndungo marang Gusti Allah gawe ujiane iku. Senen isuk Dion pamitan lan njaluk dunga marang ibune supaya isa ngerjakake ujian kuwi “Buk, kula nuwun dunganipun nggeh” jare Don karo salim marang ibune. “Iyo le, ibu mesti ndunga supaya kowe oleh hasil sing apik” jawabe ibu.

Sawise seminggu mari ujian, pas rapotan ibune Dion kaget banget amarga Dion bijine palin apik sak sekolah. Ibune seneng banget. Akhire Dioan isa mujudake kapinginane gawe nerusake sekolahe tanpa biaya sing ngaboti ibune. Iku mau sekilas critane Dion sing kapingin isa sekolah terus. Yen awakdewe duwek kapinginan sing kuat kudu diimbangi karo dunga lan usaha sing temenan. Lan aja lali manut kkaro wong tuwa.
Za'imatul Hakimah Septiani (28)

Jam Weker

Tak pandeng kanthi jero langit wengi kang peteng lan elok. Kanthi tampilan lintang - lintang ing langit lan bunder e rembulan kang sampurna.Bangunan-bangunan pencakar langit ingkang inggil dipajangi karo kelap-kelip lampu kutha. Tak rasakno semilir e angin wengi kang ngenai pasuryan lan rambut dowo ku. Hawa kang adhem ngenani pori-pori kulitku.

            Keprungu swarane sikil saka mburiku. Tak ambakake mripatku nalika aku weruh menawa iku Tia, kancaku. Katon saka tangan lorone nyangking barang gedhe werna biru. Tia mlaku tumuju aku, banjur lungguh ing sisihku. Katon ing sorote mripat sawijining kabejan. Rumangsa keganggu karo pandelengku, dewekne noleh menyang aku lan mandengi aku banget.

            “Ana apa? Kok kowe mandeng aku kaya ngunu?” pitakone nyadarake aku.
            “Kowe ora apa-apa?” pitakonku heran marang dhewekne.
            “Apa maksudmu? mesti aku apik-apik wae.” Semaure alon.
            Rodok aneh, nanging aku ora nggatekake.
            “Hil, aku duwe barang kanggo kowe.” Semaure Tia.
            “Oh, apa kuwi?” pitakonku lirih.
            Tia mbuka barang biru sing dicangking mau. Tak deleng ana sak kothak roti cilik lan 4 kaleng soda.
            “Sugeng tanggap warsa Hilda!” semaure Tia alon menehake sak kothak roti cilik sing tak deleng mau.
            “Ohh… maturnuwun, Tia. Jebulane kowe iling, tak kirakno ora ana sawijining wong kang iling ulang tahunku.” Semaurku rada memelas.
            “Halah kowe iki… ora apa-apa, wes ben wae. Paling ora ana aku sing iling marang ulang tahunmu. Nah, saiki sebulen lilin e!” semaure Tia ngibur aku.
            Nyenengake banget ngrayakake ulang tahunku bareng karo Tia. Deweke ngrencaknakake sekabehe, malah durung tak pikir jalaran pribadine Tia dewe katutup saking kumpulan karo liane lan kadang ora nate peduli marang bab sing ora penting kanggo deweke.
            “Tia, Maturnuwun!” semaurku.
            “Ojo kaya ngunu, iki ombenen!” tanggape nyodorake sekaleng soda marang aku.
            Yo, iki kebiasane awake dewe. Nalikane kita sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane kita tansah ngrayakake ing nduwur payonan omah keluargane Tia.
            “He da.” Gemreneng e Tia.
            “Hmm?” wangsulanku.
            “Apa kowe rumangsa ana sing kurang?” pitakon e Tia marang aku.
            “Ora, kowe rumagsa?” Takonku balik.
            “Ndedungo marang Kang Kuwasa, bodho!”  semaure Tia nyawang aku kuciwa.
            “Ah… iyo, sepurane” semaurku balik nyawang dewekne
            “Ora opo-opo, delehen ngombemu! Ayo diwiwiti!” Ajak Tia.
            Tak deleh ngombeku lan ngrubah posisi lungguhku ngadhep marang Tia, semono uga dewekne ngrubah posisi lungguhne ngadhep marang aku.
            “Becike tutupen mripatmu! Opo wae kang kedadean ojo kok bukak mripatmu sakdurunge aku rampung, oke?” semaure Tia sing mung tak bales karo manthuk.
            “Kanggo Hilda sing tak trisnani, sungeng tanggap warsa. Muga-muga kowe bakal dadi wong kang luwih apik ing sakteruse. Aku ngerti, kowe duwe masalah karo kulawargamu, nanging pengarep-arepku kowe bisa nampa kanthi bijak. Ojo nganti kowe ngrasakake kaya opo sing tak rasakake saiki. Tansah dewean senajan diubengi dening wong akeh. Pengarep-arepku kowe ora bakal ngrasakake nalika sing nggugah kowe yaiku jam weker, dudu belaian drijine ibu.” Semaure Tia nahan tangis.
            “Sak ora-orane kowe nduweni kulawarga sing tansah tresna marang kowe. Lan sing tansah aku arep-arep, aja nganti kowe nduweni pamikiran dadi kaya aku. Senajan ketok e kaya ratu kang adhem, sakbener e aku mung kaya tikus elek rupane kang manggon ing peceren. Dewekan, tanpa ana kanca.” Teruse Tia mingset-mingset.
            “Sing tansah ngenteni obahe jarum jam ndadekake dering jam weker kanggo ndeleng mesem e wong lanang ing ngarepku. Ngenteni kumlawene tangan ngelus rambutku alus nalika aku nangis, dudu ngombe soda ing nduwur payonan omah. Ngenteni wong lanang nggeret tanganku alon nalika ndeleng rapotku sing apik, dudu malah ditinggal dewekan ing sekolahan amerga angka rapotku sing elek.” Omonge nganggo swara sing dibanterake.
            “Aku weruh kowe wis bisa ngrasakake apa sing pingin tak rasakake, nanging kowe durung bisa ngrasakake apa sing saiki tak rasakake. Lan pangarep-arepku iku ora bakal kedadean. Aku pancen meri tenan ndeleng kowe ngarasakno opo sing pingin tak rasakake. Apa kowe saiki nyesel wis kenal karo aku?” pitakon e Tia sing ora liya yaiku kancaku.
            “Aku ora ngomong iku” semaurku panik.
            “Nanging kowe nulis ing buku harianmu. He bodho! Lereno entokmu nyandiworo!” semaure Tia ninggalake aku.
            “Tia……” celukku marang Tia
            “Sepurane, aku wis ngeremehake sawijining wong kang pancen trisna marang aku. Aku pancen wis kesel banget, lilanono aku lungo. Nalika jam weker muni,  persis ing jam 12 wengi, mandek lan tangio! Aku pamit Hilda!” semaure Tia kang nyeblokake awake saka nduwur payonan omah sing nduweni jubin 2 tumuju tanah rata ing ndisor.

            Kring… Kring… Kring…
            “Tia…” aturku minangka muni jam weker nangikno aku.
            Tanpa sadhar aku nangis, aku iling marang mimpiku mau.
            ‘Opo iku mau ngimpi?  Rasane kok koyok temenan.’
            Tak deleng jam sing nuduhake ing wektu 12 wengi.
            ‘Aneh, padahal aku ora ngatur jam weker luwih awal. Opo yo mungkin…?’
            “Hilda, bukaen lawange!” panjerite Ibu ing ngarep e lawang kamarku
            Naliko tak buka lawang e, ora ana sinar opo wae sing tak temokno.
            “Surprise… sugeng tanggap warsa, Hilda!”
            “Tia……” kagetku menawa ngerti yen ana Tia ing ngarep lawang kamarku karo nyekel sak kothak roti kaya sing ana ing mimpiku.
            “Sugeng tanggap warsa sing ke 17 taun yo hil! Dhowo umure, mugi-mugi tansah binerkahan, bhakti marang wong tuwa loro, tetep dadi kancaku sing paling tak trisnani, sukses UNBK 2017, lan dilancarake sekabehe urusan dening Gusti Allah!” pandongane Tia marang Aku.
            “Amin… maturnuwun yo ti kanggo surprise e! aku seneng banget kowe ora lali marang ulang tahunku hehehe” semaurku marang Tia.
            “Ora mungkin lah aku lali marang ulang tahune koncoku sing paling njengkelno iki wkwkwk… saiki ndang ndedungo marang Kang Kuwasa lan sebulen lilin e!” semaur e Tia.
            Aku banjur nggawe panyuwun marang Kang kuwasa lan nyebul lilin, wengi iku dadi wengi sing paling nyenengno kanggo aku, bisa ngrayakno ulang tahunku sing ke 17 taun bareng kulawarga lan kanca sing paling tak tresnani. Ora butuh acara kang gedhe kanggo ngrayakno ulang tahun, asal karo wong-wong kang kita tresnani, iku wes cukup kanggo aku.
            Aku yo seneng banget nduweni kanca kaya Tia, kang ana nalika aku sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane, deweke tansah ana ing jejerku. Aku ngerti yen sejatine Tia nduweni masalah sing akeh, nanging deweke ora tau nduduhno sungkowone marang wong liyo amarga Tia iku wong kang kuat banget. Aku ora bakal nyia-nyiakne kanca sing kaya Tia, aku tresna banget marang deweke. Maturnuwun ti, kowe wis dadi kanca sing apik banget kanggo aku! (:


                                                                                                                        -Rampung-