IRA
AMALIA MUFIDA / 11
PASANG SURUT
Keterbatasan sing
dipek Nanda ket lair ora nggawe dheweke dadi lumuh, minder utawa
isin karo keadaane. Amarga keterbatasan sing dheweke duweni
pergaulane Nanda sethithik keganggu, dheweke kerep diadohi karo
kanca-kancane lan Nanda kerep dinesoni karo emboke
wektu Nanda arep metu omah kanggo dolan, amarga embok
e Nanda wedi yen ana kedadean samubarang sing nimpa Nanda,
pangrungone Nanda dibantu saka piranti khusus kanggo
pangrekasa tunarungu utawa bisa diarani headphone.
Wektu Nanda ngancik umur 8
tahun,dheweke disekolahno neng Sd sing ana ing daerah
e, nanging akeh saka kanca-kanca Nanda sing ngadoh amarga rumangsa
isin kanca-an karo Nanda, hal iki ora
nggawe Nanda rumangsa putus asa sakjeroing sekolah,
dhewek e tetep semangat sanajan ora duwe kanca.
Suara angin saiki nggenti udan,
wektu iku Nanda munggah kelas 6 SD lan umure
10 tahun, ing sekolah e Nanda klebu anak sing pinter,
senajan dheweke sawong tunarungu Nanda iku arek sing aktif lan
tanggep jero pendidikan, dheweke tau
dadi juara 1 sak-Kabupaten
jero lomba mendaur ulang
barang-barang bekas dadi barang anggo.
Kreatifitas Nanda anyak kedelok
neng masa dheweke SMP, wektu ana acara lomba
daur ulang lingkungan, dheweke seneng banget melu lomba-lomba
kaya iku, dheweke nggawe inovasi produk kesregepan
saka bebed perca,wektu iku bebed perca disulap dadi gaun pesta sing
becik lan elegan, ora kalah karo gaun-gaun larang sing diadol ning
toko ternama, karya e kedadeyan nyenengna peringkat pisan nggawa
jeneng becik sekolah e, amarga prestasi sing dipek Nanda,
saiki dheweke panitaya saka gurune kanggo
dadi mentor kanca-kancane jero hal mendaur ulang barang
bekas. Lan ing kunu Nanda nemu sawong sahabat sing
ngerti keadaane, jenenge iku Ronita,
dheweke seumuran karo Nanda, dheweke ora tau ndeleng
Nanda saka kahanan fisik sing diduweni, Nanda lan Ronita
iku kanca sing kelet banget,akeh wektu sing dheweke entekno bareng. Nanging wayah
sing matesi Nanda lan Ronita, sawise lulus SMP Ronita lan
Nanda ora ketemu meneh. wayah terus mlaku lan saiki umur e Nanda
ngancik 20 taun, dheweke tuwuh dadi prawan sing ayu lan nduwe
lulang putih. Kelebihan sing dheweke duweni ket cilik nggawene ora rekasa
jero ngembangno keahlian e, saiki dheweke kerep
nggawe produk kesregepan saka bebed perca, dheweke oleh
bebed perca saka konveksi cedhak karo omah e,
biasane Nanda kerep nggawe dompet saka
bebed perca lan diadol menyang kanca lan tanggane. Saka pakoleh
pangadolan kuwi Nanda bisa nabung lan mbantu embok e.
Nanda digedhekne saka keluarga sing kurang mampu. Amarga Nanda
kepingin mbangga-ake embok e dheweke kerjo ing konveksi sing cukup gedhe
ning daerah Sukabumi.
Nanda mesti semangat sajroning kerja, dheweke ora tau
rumangsa jeleh sajroning kerja. Nanda pingin nunjukake marang
kabeh wong menawa dheweke uga bisa dadi anak sing berguna,
ejekan kanca-kanca kapungkur digawe pemompa semangate. Ing konveksi
kesebut Nanda tandhang gawe dadi designer produk,
posisi iki cukup apik kanggo awal karir e, nanging sairing
mlakune wektu Nanda meruhi seluk beluk perusahaan
konveksi sing ditlateni, akhire dheweke mundur saka penggawean iku lan
kepingin nggawe usaha dewe. Awal jero nganyak usahane, dheweke ngalami
pasang surut sing cukup nggawe Nanda stres, Nanda ngalami
kerekasan jero pamasaran produk e, amarga keterbatasan sing dheweke
duweni produk e dadi kurang diminati konsumen,
Nanda sempat putus asa. Dheweke dadi murung lan
gampang nglamun, usahane saiki ngambang ora ana pesenan,
senajan ana kuwi mung pesenan saka tanggane. Emboke Nanda
sedhih nguwasi kahanane. ”Nanda kudu semangat, tiba
tangi kulina jero upadi bisnis nak. Nanda kudu
bisa bangkit lan tetap semangat “ tutur
embok Nanda menehi semangat kanggone. “ Nggih bu,
kula bingung kudu kepriye meneh ngembangne usaha
niki.”sambung Nanda. sairing mlakune
wektu berkat dukungan saka kapindho wong tuane. Nanda bisa
ngliwati kedadeyan kasebut, masa rekasa iki diadhepi Nanda karo
kebak kesabaran. Wektu iku ana tamu sing mampir ing omah e Nanda dheweke kaget
banget ndeleng wong kasebut, amarga tamu kuwi yaiku Ronita
sahabat wektu SMA, akhire Nanda lan Ronita rangkulan karo
neteskake banyu mata, amarga wis suwe dheweke ora ketemu sawise
lulus SMA, sawise temu kangen dheweke omong-omongan ning ruang
tamu. Ronita mbukak pangguneman karo pitakon
marang Nanda. “ Nan, aku krungu saiki kowe
dadi bisnis woman ya? Wah.. senenge” “ Alhamdulillah,
aku nyoba peluang bisnis iki, kowe dhewe kerja ning
ndi? ” sahut Nanda. “ Aku saiki kerja
ning Jakarta, dadi designer kelambi
Nan” jawab Ronita Nanging Nanda cerito marang Ronita yen dheweke
kangelan anggone masarake produk, akhire Ronita nduwe
inisiatif masarake liwat cara online. Tentune trobosan iki
nggawe upadi Nanda luwih apik, upadi sing
dirintis Nanda anyak mbuahno hasil, produk sing
biyasane kadol rata-rata 75 produk saben dino,
saiki produke bisa kadol nganti 150 produk saben dino,
hal iki nggawe Nanda seneng lan luwih sumaguh jero
berinovasi nggawe karya bebed perca sing
anyar. ” matur nuwun Ron, merga bantuanmu iki upadiku mlaku
luwih becik “ tutur Nanda karo
kebak kebahagiaan. “ Oke Nan, wis sewajibe aku
ngewangi kowe “ sambung Ronita. Ronita iku sahabat paling setia,
bak jambe disigar loro, yen ana Ronita mesti ana Nanda.
Wektu Ronita bali menyang Jakarta kanggo neruske
penggaweane atine Ronita ora kepenak lan terus mikirake Nanda, Ronita kerep
nglamun lan ora konsentrasi marang penggaweane, sakjane Ronita uga kepingin
nduweni usaha dewe kaya Nanda. akhire Ronita nggawe keputusan sing gede
yaiku mundur marang penggaweane lan bali karo Nanda ngrintis usahane.
krungu hal iki nggawe Nanda senang banget. Nanda lan Ronita
sabar banget lan telaten jero ngembangno upadi sing dekne
kabeh tekuni, akeh inovasi terus dilakoni kanggo upadi
iki. Nanda dadi penjahit lan Ronita
dadi desaigner produk kesregepan
bebed perca.
Udan, badai ora
dadi rintangan kanggo Nanda lan Ronita, semangat sing dekne
duweni ora tau pudar senajan terus
diudan i rintangan sing abot, sing ana ing pikirane
Nanda lan Ronita yaiku ngembangno usahane, saiki dekne kerep
ngentekake wayah bareng, ngadepi masalah bareng-bareng, sampek
ana masalah gedhe sing nggawe upadinengalami surut sing
cukup drastis, Ronita lan Nanda bingung geneya hal iki
isa kedadean, padahal dekne kerja keras nganti tekun lan teliti.
Ora disangka ana musibah sing luweh gede timbang upadine,waktu iku
dina Jum’at sekitar jam 11.00 wib,
Ronita kecelakaan sing ngarenggut kapindho sikile,
ibarat pepatah “ wis tiba ketimpa tangga” tentu hal iki
nggawene rekasa gawe aktivitas kaya dhisik. Awal kecelakaan e amarga
Ronita ora kepingin nggawe gelo konsumen, senajan udan deres lan bledek,dheweke
tetep ngeternake pesenan sampek akhire Ronita tibo lan melbu jurang.Nanda mesti
menehi
dukungan moril marang Ronita ben tetap semangat sajeroning
urip iki.
Ronita sempat ngalami stres, nganti upadine meh wae gulung tikar,
detik nggenti menit, keadaane Ronita tambah apik
sanajan dheweke ora bisa mlaku kaya cawis kala,
saiki dheweke mlaku dibantu karo siji teken sing ana ingtangan
kiwone, sadar yen urip iki terus mlaku akhire
kapindho sahabat iki padha tandhang gawe atos jero nangi upadine.
Rina wengi dekne tandhang gawe demi mbangun upadi sing
meh wae gulung tikar. Ora kenal pegel dekne mikirake
kepriye nggawe produke payu ing pasaran
lan diminati akeh wong, Ronita lan Nandanduweni cita-cita pengen
masarake produk menyang njaba negeri. Nanda nduwe
inisiatif kanggo masarke produk liwat online lan dipasarke
saka kampus-kampus, tentune akeh mahasiswi sing mbutuhake tas,
utawa klambi trendi lan unik, akhire kaya sing diharapno,
produk e payu keras, nganti akeh peminat sing pingin
pesan.
Uga iklan sing dekne pasang ning online oleh tanggepan
becik saka konsumen, akeh wong sing pesen,
terutama tas,dompet lan klambi. Saking akehe
sing pesen Ronita lan Nanda kewalahan,
akhire dekne mbukak lapangan kerja gawe tangga sekitar kanggo
ngewangi sajeroning gawe nutugake pesenan.
“ Ron,aku seneng banget bisa
ndhuwuri permasalahan iki.” gunem
Nanda. “ iyo Nan, muga-muga wae iki
dadi awal saka kesuksesan awak dhewe” sahut Ronita.
Senajan Ronita lan Nanda nduweni keterbatasan fisik sing
ora sempurna. Nanging cita-cita dekne sajrone iki
sethithik demi sethithik anyak kawujud, keinginan dekne
jero masarake produk metu negeri saiki kawujud, Ronita lan
Nanda nrima pesenan 65 kodi produk
bebed perca kanggo dikirim
menyang Singapura.“ akhire Ron,impian awak dhewe
kanggo nembus pasar internasional wis kawujud.”
Ronita pun njawab
karo nada seneng :“ iya Nan,usaha awak dhewe iki
ora sia-sia iki awal awak dhewe nembus pasar internasional,
iki pesenan pisan saka njaba negeri, mula saka kuwi awak
dhewe kudu ekstra teliti jero mileh produk sing arep
dikirim mrono.” pangguneman dekne akhire mandheg amarga ana swara telpon
sing muni, kriiingg….kringg. Amarga
pangrungone Nanda sethithik keganggu, Ronita sing
ngangkat telpon kuwi. sakwise ngangkat telpon lan
omong-omongan cukup suwe karo si penelpon, akhire pangguneman
ning telpon pun buyar
lan Ronita cepet marani Nanda,Ronita arep menehi kabar
sing becik marang Nanda. Dheweke oleh tawaran kanggo kerja sama ing perusahaan
konveksi gede sing ana ing Jakarta. Ronita seneng banget nanging Nanda isih
ragu marang tawaran iki.
“ Ron, yen awak dhewe nrima
tawaran kasebut,tentune mengko sing arep nduweni jeneng gedhe ya
upaden kasebut, dudu upadi e awak dhewe, luweh becik awak
dhewe upadi dhewe
wae” sahut Nanda. “Nanging Nan,peluang iki uga becik,
sopo weroh upadi e awak dhewe iso tambah luweh maju,ora ana salah e yen
awake nyoba
dhisek.” jawab Ronita. kedadean perdebatan antarane Ronita
lan Nanda, ora ana kesepakatan
Nanda lan Ronita padha-padha ngekarepan atos kanggo ngukuhi
pendapate, meruhi hal iki embok e Nanda nyoba
dadi penengah, untung ana embok Nanda sing
bisa ngluluhake ati e Nanda lan Ronita, akhire dekne
sepakat kanggo nolak ajakan kerja kasebut, Ronita lan Nanda
pingin fokus kanggo majokake upadi bisnis sing wis dekne
tlateni.
Ora krasa
upadi sing dekne tlateni saiki mlaku 3 taun, sairing mlakune wektu
upadi e Nanda lan Ronita berkembang pesat akeh banget pesanan sing
dekne tampa becik saka jero negeri utawa saka njaba negeri, pesenan
saka njaba negeri akeh sing mesen aneka produk
tas,dompet lan klambi-klambi sing unik, ketrampilan sing dekne
duweni nggawe produk sing dipakolehake
tambah diminati konsumen, Ronita lan Nanda uga
melu bazaar gedhe sing ana neng Sukabumi,
produke akeh dilirik lan dipesen, nganti nggeret gatekan wali kutha Sukabumi kegeret
banget karo tas saka bebed perca, wali kutha ngomongke menawa model e
trendy senajan asale saka barang bekas, nanging kwalitase ora kalah
karo produk liyane. Saiki upadie dekne dadi siji upaden
gedhe konveksi sing ana ning Sukabumi lan nduweni
akeh cabang ning daerah Indonesia, Ronita lan Nanda wis dadi
wong sukses lan bisa mbanggakake kapindho wong tuwane lan
wis berkeluarga, Ronita rabi karo kanca kapungkur ning SMA,
sementara Nanda rabi karo sawong pangupadi gede lan wis padha nduweni
anak. Keterbatasan fisik ora dadi pangalang kanggo ngupadi
lan makarya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar