LAILATUL MUNAFIAH /13
WIDODARI PENGANTAR SUKSES
Saben isuk sadurunge subuh krungu
suara sepedah hordok ing dalanan desa Kramajati, krek.,krek.,krek nguniku
unine. Sejatine iku sepedahe Rahayu kang biyasane disapa Ayu. Ayu iku putune
mbok.Romlah kang wes ditinggal mati garwane sajake Ayu isih bayi. Ibu lan
Bapakne kerjo dadi TKI ing luar negeri tapi ora tau enek kabare. Ayu iku bocah
e santun lan patuh marang wong tua, dheweke ora tau ngersulo ing mbok e ngenani
wong tuane. Saiki Ayu wes kelas 3 SMA swasta ing kecamatan Majatani. Saben isuk
Ayu budal menyang pasar, dheweke milih saduruge subuh amerga dheweke kudu
langsung ngrewangi mbok e gawe gorengan lan didol Ayu ing sekolahan.
Saben jam 6 isuk Ayu budhal nang
sekolahan, gawe seragam putih abu-abu kebanggaane lan numpak sepedah hordok
sambi ngowo sak kerdus gorengan gawenane mbok e. Meski seragam e wes elek lan
mbulak dheweke tetep bangga isih iso sekolah nganti SMA. Bendino ngewangi
simbok masak gorengan Ayu ora tau keri budhal sekolah. Ing gerbang sekolah
dheweke disambut pak.Banu, satpam sekolahe kang dadi langganane, Ayu langsung
njajakake gorengane simbok ing pintu gerbang. Ayu ora tau isin amergo dheweke
ngerti saka gorengan iku dheweke iso mbantu simbok kanggo ngolek duwek gawe
kebutuhan mangan lan sekolah e Ayu.
Ing sekolah Ayu iku murid kang pinter
lan sregep. Ing kelas dheweke mesti dadi peringkat pertama. Meski dheweke kudu
dodolan tapi dheweke pinging mbuktekno ing kanca-kanca ne kang byasane ngelokno
Ayu nek dheweke iku anake wong gak duwe tapi dheweke iso. Ing kelas 3 iki wes
akeh try out – try out kang diadakake
ing luar sekolah. Bimbel-bimbel podo ngadakake. Ayu kuwi sajake pengen melu
nanging ora wani njaluk duwet simbok e. Akhire Ayu saben mulih sekolah njogo
anak e tonggone nalika tonggone isih kerjo. Sedino e dheweke oleh duwek 15.000
akhire dheweke iso melu try out. Ayu
seneng banget amergo yen melu try out dheweke
mesti dadi juara. Simbok bangga marang Ayu, duwek saka kemenangan e Ayu
diparingaken marang simbok. Duwek e wes ngumpul 1.500.000, Ayu seneng banget
amerga duwek iku pengen digawe kuliah mbesuk.
Rendeng wes teko, saben dino udan
tumeko. Omah e simbok lan Ayu bocor kabeh koyok omah kebanjiran. Ayu sedih
banget, akhire dheweke budhal menyang toko bangunan lan tuku asbes anyar kanggo
omahe ngawe duwek tabungane menang mau. Naliko asbes teko menyang omah, simbok
seneng banget lan uga bingung. Simbok langsung marani Ayu lang nakoni saka endi
duwek e. Ayu crito marang simbok, simbok langsung nangis amergo wes ora ana
tabungan liyo gawe kuliah e Ayu mbesuk. Tapi Ayu ora sedih dheweke ngerti yen
rejeki bakal enek maneh.
Ujian e Ayu teko maneh simbok loro
lan ora iso gawe gorengan, Ayu bingung amergo kudu ngramut simbok. Tapi dheweke
kudu mikir golek duwek gawe tuku obat e simbok. Akhire Ayu milih bukak les
kanggo anak e tonggo-tonggone. Murid e Ayu onok 10 arek kabeh iku isih SD,
dheweke mbukak les jam 3 – jam 4. Ayu ora nuntut biaya dheweke sak ikhlas e
dibayar e. Alhamdulillah Ayu diparingi tonggo kang apikan. Anak-anak e kang les
ing Ayu biyasane gowo panganan kanggo Ayu lan simbok. Dadine biyasane arek kang
ora duwe kang les ing Ayu bayar kanggo panganan. Ayu Ora ngersulo dheweke
seneng banget yen dheweke duwe murid akeh iku berarti tonggone percoyo marang
Ayu. Sedino biyasane Ayu entuk duwek 15.000 – 20.000 saka les-lesan e. Dhuwek
iku saben dino entek dienggo tuku obat e simbok, masak, lan dicelengi 5000.
5 wulan wes dilewati Ayu, Tabungan e wes ngelumpuk
750.000 dheweke seneng banget onok celengan. Simbok ugo wes mulai waras lan
koyok biyen maneh, tapi Ayu nglarang simbok kerjo abot-abot. Akhire wulan April
teko dheweke kudu siap-siap UN. Ayu nyuwun restune simbok lan Ora mandek Ayu
sholat bengi lan poso senin-kemis. Akhire dino wayahe UN teko.Bengine Ayu sinau
kanggo mantepno persiapane ujian. Ayu teko menyang sekolah lan ngarap soal-soal
ujian nganti sabar lan teliti.
Sakmarine ujian nasional mari, sembari ngenteni
hasil ujian lan pengumuman SNMPTN dheweke nglamar kerjo ing laundrycedek e omah e. Laundry iku gadane Bu.Kades kang lagek dibukak. Amergo cedek lan
gawe ngenteni pengumuman ora enek salahe dheweke kerjo gawe nambah penghasilan.
Sewulan e dheweke oleh duwek 600.000, dhuwek iki dijogo utuh karo Ayu amergo
dheweke bakal butuh duwek keh yen dheweke masuk kuliah. 3 wulan dheweke kerjo
ing laundry, Akhire pengumuman e metu
Ayu diumumno dadi siswa terbaik. Ayu ugo ketrimo ing Universitas Gajah Mangu
jurusan kedokteran, dheweke seneng banget.
Ayu langsung mulih ngayuh sepedah hordok e karo
nangis. Sampek e ing omah Ayu langsung ngambung simbok dheweke seneng amergo
cita-citane bakal kagayuh. Celengan e Ayu langsung dipecah lan diitung onok
3.320.000,00. Tapi Ayu bingung yen dheweke ninggal simbok simbok gak enek seng
ngolekno duwek gawe kebutuhan. Tapi simbok dawuh supaya Ayu budal kuliah.
Akhire Ayu budal gowo duwek 3.000.000,00 dheweke numpak bis menyang jogja.
Saktekane ing Universitas Ayu golek kosan. Ayu bingung amergo kos paling murah
kuwi 4.000 setaun. Akhire Ayu ndolek masjid dheweke sholat dhuhur. Ing masjid
dheweke ketemu imam masjid kang nawani ayu dadi guru ngaji lan ngewangi
ngresiki masjid. Akhire Ayu nrimo dheweke saiki manggon ing kamar mburine
masjid. Saben ulan Ayu oleh duwek 500.000 lan dikirimno simbok 250.000.
2 semester wes dilakoni Ayu, ing kono ayu ugo dadi
guru privat murid-murid kang diwulang ngaji. Dheweke seneng banget amergo iso
ngekeki tambahan simbok. Ora suwe Ayu nerimo telpon saka bu.Kades kang ngandani
Ayu nek simbok loro. Ayu enggal-enggal mulih lan ngramut simbok. Amergo simbok
tambah parah Ayu ngowo simbok ing rumah sakit. Akhire simbok kritis lan sedo.
Ayu sedih sanget amergo simbok iku siji-sijine kaluwargane Ayu. Pesen e simbok
mek siji supaya Ayu semanggat ngraih cita-cita ne.
Seminggu sakmarine simbok sedo Ayu mbalek menyang
Jogja. Dheweke tambah semanggat kuliah amergo pengen nglakoni pesen e simbok.
Akhire 8 semester wes dilakoni siding kelulusan wes teko. Ayu akhire lulus karo
predikat Comlaude, dheweke entuk ipk
terbaik sak kampus, Ayu seneng banget amergo impian e kurang sitik maneh. Ayu
langsung direkrut Rumah Sakit Muslimat lan dheweke entuk beasiswa S2 dokter
spesialis anak. Sak durunge nrimo rekrutan Ayu mulih lan budhal ing makam e
simbok dheweke ndungakake simbok lan nyuwun restune simbok.
Ayu mulih 1 wulan kanggo ngresiki lan dandani omah e
kang wes ora tau dienggoni. Omah iku diapiki Ayu titik-titik lan diubah dadi
panti asuhan Bu.Romlah. kang dikelola marang tonggo-tonggone ayu lan Bu.Kades.
Ayu balik nang Jogja, Ayu akhire dilamar marang imam masjid kang mbantu ayu
selama iki. Ayu urip seneng marang garwane, Ayu mesti crito yen simbok iku kang
ngeterno Ayu ing kesuksesan iki. Ayu nduwe omah kang apik ing Jogja lan urip
makmur. Nanging Ayu ora tau lali saben sak wulan pisan Ayu lan garwane mulih
ing panti asuhan lan ing makam e simbok.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar