IRENE RAHMAWATI / 12
DINO KAMARDIKAN
Hawa adem sing diiringi semilir angine wit-witan
kang ono ing pinggir embong nggawe sopo ae kang isih turu males nglakoni
opo-opo, nanging iku ora gawe Rania. Isuk iki Rania ora bakal males-malesan,
dheweke kelingan yen dino iki tanggal 17 Agustus. Rania budhal adus banjur
ngrapikno sembarang kalir kang kudu dirapino. Jam 06.00 Rania siap budhal
sekolah gawe mengeti dino kamardikan ing sekolahe.
Dino kamardikan Indonesia dipengeti ing tanggal 17
Agustus. Ing dino kamardikan warga Indonesia antusias ngadakake acara-acara
kanggo mengeti kamardikan, ora mung pas tanggal 17 nanging ing saknjerone wulan
Agustus akeh acara-acara kang diadakake warga. Acara kang diadakake kayata
upacara gendera, lomba-lomba tradisional, pagelaran seni lan sapanunggale.
Upacara gendera ing tanggal 17
Agustus ora mung dilaksanakno ing sekolahan, nanging mesti ana ing saben-saben
wilayah kayata ing kantor kelurahan, alun-alun lan panggonan kang umum liyane.
Upacara kamardikan ora kaya upacara dino senin biasane. Upacara ing tanggal 17
Agustus luweh sakral lan spesial amarga ing tanggal 17 Agustus tahun 1945 kae
iso diarani puncake perjuangan bangsa Indonesia kanggo merdeka. Merdeka lahir
lan batin saka penjajah kang wes njajah negara iki. Mulane upacara 17 Agustus
kudu dilaksanakake kanti tertib lan ora oleh guyonan. Ing sekolahe Rania
upacara gendera dimulai jam 06.30, hawa kang lumayan adem lan srengenge sing
durung sepenuhe muncul ndadekno upacara dina iku tansaya sacral. Rania lan
kanca-kancane tertib nglaksanakake upacara kanti mari upacara e. Rania lan
kanca-kanca sadar yen dheweke kudu iso ngrenungi kepiye biyene para pejuang
mbela Indonesia sampek ngasilno kamardikan. Awake dhewe seng ora melu berjuang
kudu iso mertahane kamardikan sesuai ing panggone dhewe-dhewe, kayata murid kudu
mertahane kamardikan nganti cara sinau seng rajin ben iso majuno negara, ora
seneng tawuran supaya kawutuhan bangsa Indonesia iso kejaga.
Pengetan dino kamardikan biasa
dipengeti dening anane kagiatan lomba-lomba tradisional ing kampung. Kegiatan
lomba-lomba sing biyasane diadakake kayata lomba balap karung, nyunggi tempeh,
mangan kerupuk, bakiak regu, tarik tambang, lan akeh maceme. Lomba-lomba kuwi
iso gawe ajang ngumpule warga kampung ing panggonan sing padha. Lomba
tradisional iso nggawe awake dewe ngerteni dolanan jaman biyen sakdurunge ana
dolanan sing berbasis teknologi.
Rania antusias nonton lomba tradisional ing kampunge, Rania melok lomba nyunggi
tempeh. Sanadyan ora dadi juara sing penting gawe Rania isok melok ngramekne
pengetan dino kamardikan.
Sakliyane upacara gendera lan
diadakake lomba-lomba tradisional, pengetan dino kamardikan uga biyasa
dipengeti karo anane pertunjukan seni tradisional. Seni-seni tradisional biyasa
ditanggap warga kampung gawe nyemarakake bulan Agustus. Seni-seni tradisional
kayata ludruk, wayang kulit, wayang wong, jaranan lan liya-liyane. Anane
tontonan kang kaya ngunu kuwi isok ngenalno warisan budaya tradisional marang
bocah-bocah, supaya bocah-bocah isok tresno lan seneng karo budayane dewe.
Bocah-bocah uga iso nduweni karepan nglestarikake budaya tradisional.
Bocah-bocah kudu ngerti budayane dewe ora mung ngerti jenenge. Rania seneng
nalika warga kampunge nanggap ludruk. Dheweke kepingin ngerteni cerita kang
dimaino ana ing pagelaran ludruk kasebut.
Ing sakben pengetan dino kamardikan
warga nduweni karepan supaya dino kamardikan bisa dimengeti kanthi meriah uga
bisa ngelengake dening sejarah kang wes tinulis ing taun semono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar