Senin, 19 September 2016

APRILIA ZENDITA ARUMNINGTYAS / 07

Raja Bebek
Fajri Muhammad iku sawong anak sing urip jero keluarga sing sederhana. Dheweke urip karo wong tuwane lan sawong adhi wadon. Sanajan uripe ora sugih dhuwit ning dheweke bersyukur banget marang apa sing Gusti Allah wenehna marang kaluargane. Ya, dheweke nyat sawong anak sing sederhana banget lan sanuli bersyukur marang Gusti Allah. 
Ing sekolah, Fajri iku arek sing nduweni prestasi sing biyasa-biyasa wae. Dheweke iku murid sing tawadhu banget’ marang para gurune. Sanajan prestasine biyasa-biyasa wae Fajri ora tau kerekasan jero sinau.
Dheweke nduweni cita - cita pingin dadi pengusaha sing sukses. Saengga dheweke bisa mbahagiano wong tuwane lan adhine.Magkane iku, dheweke ngatos kringet supaya bisa nggayuh  cita-citane kesebut. 
Sakwise lulus SMA, Fajri ora mbanjurke kuliah amarga nduweni kendala biaya. Akhire dheweke nggoleki panggawean ing koran, banjur nemokake lowongan ing kantor dadi sawong Office Boy(OB). Seawise tandhang gawe sajrone telu taun, dheweke mundurke awak lan golek penggawean liya. Sakwise nganggur sajrone setaun, akhire dheweke oleh penggawean  dadi satpam ing salah sijine upaden sing terkenal. Entas wae Fajri oleh  panggawean sing prayoga, dheweke neng PHK amarga upaden panggon dheweke kerja bangkrut. 
Sakwise diPHK, Fajri ngangur. Pas dheweke nganggur, Fajri mikirke menawa dheweke kudu nggawe pagawean dewe ben dheweke ora kluntang-klantung  wektu dheweke ora kerja. Akhire Fajri mutusake  kanggo dadi pangingon-ingon. Dheweke golek-golek informasi tentang kewan sing nguntungake kanggo diingon-ingon, lan kepriye carane ternak. Sawise nimbang-nimbang akhire Fajri ngongkonke kanggo dadi peternak bebek. Dheweke mileh bebek amarga manut informasi kang dioleh bebek iku salah sawijining unggas kang nduweni daya kuwawa awak sing kuat dibanding karo unggas-unggas liyane. Kanggo upadine Fajri milih bebek jenis peking amarga bebek jenis iki nduweni daya kuwawa awak sing kuwat, wektu panen sing cepet, lan regane ugalarang. Alasan Fajri mileh bebek amarga mulani akehe warung mangan sing nyawiske bebek dadi menu utamane. Fajri mbisa informasi saka kanca-kancane lan dheweke uga sgelek meloni seminar-seminar seng nduweni tema peternakan. 
Fajri mbisa modal saka nyilih dhuwit ing koperasi. Sakwise mbisa dhuwit saka koperasi, Fajri nggawe kandang kanggo ngingu bebek ing mburi omahe. Kandang bebek kesebut uga dipepaki karo lampu dadi panempuh karo dadi penganget. Ing pinggir kandang diwenehi terpal supaya bebek kesebut ora kadhemen wektu bengi. Wektu kandang kanggo bebek wis rampung, Fajri nggoleki agen sing adol bibit bebek. 
Sakwise nggoleki sajrone ndina-dina, akhire Fajri nemu agen kesebut. Sadurunge tuku bibit bebek ing agen kesebut, Fajri narekne bali prosedur ternak bebek marang agen bebek kesebut. Sakwise Fajri bener-bener paham tentang carane ngingu bebek sing becik lan bener, akhire Fajri ngiyani tandhang gawe karo agen bebek kesebut, karo syarat wektu panen mengko Fajri kudu adol bebeke marang sang agen. Sakwise ndiskusikake  babagan rega bebek,Fajri setuju karo syarat kesebut. 
kanggo coban pisan, 
Fajri tuku bibit rong atus. 
Wektu bibit teka, Fajri  menehi vaksin marang bibit-bibit kesebut padha karo apa sing wis katur saka agen bebek. Paweweh vaksin iki ngguna ben bibit bebek kesebut ora gampang tempuh lelara neng panggon anyare. Nanging, sakwise bebek nduwe umur 20 dina kanggonan dhuwur cucuke bebek ana benjolan sing lumayan gedhe. Fajri bingung karo kaanan iki. Dina ben dina, cacahe bebek sing diingu Fajri tambah ngurang amarga akeh sing mati akibat benjolan kesebut. Akhire Fajri wurung panen amarga cacahe bebek sing mati telung prapat saka cacah awal. 
Akhire Fajri nggoleki pagawean liya kanggo mbalekake dhuwit sing dheweke silih saka kopersi lan kanggo nggoleki modal kanggo ngingu bebek meneh. Dheweke tandhang gawe neng bengkel duwene kenalane bapake sing ana ing desa sisih. Dheweke tandhang gawe karo mempeng banget, hal iki nggawe bose Fajri seneng banget. Sakwise tandhang gawe dadi karyawan bengkel sajrone 2 taun, dheweke kedadeyan nglunasi utang lan bugane ing koperasi lan ing panggon liyane. Dheweke uga kedadeyan ngumpulake modal kanggo ngingu bebek.  Akhire sakwise modal kekumpul dheweke mandheg saka bengkel duwe kenalan bapake kuwi. mandhege Fajri iki didemenke banget saka sang panduwe amarga Fajri anak sing tandhang gawe mempeng lan jujur. 
Sakwise modal kekumpul, Fajri bali ngubungi agen bebek sing dhisik tau tandhang gawe padha karone. Kali iki Fajri tuku bibit bebek  telung atus. Kekadeyan sing padha uga kedadean maneh. Bebek-bebek kesebut nunjukake irung sing nggedhe. Akhire Fajri menehake vaksin marang bebek-bebek kesebut. Sawise telung  dina benjolan neng dhuwur cucuke bebek-bebek kesebut ngilang. Lan saben dinane bebek-bebek kesebut saya suwi saya waras. Patang puluh dina wis nuli, Fajri adol bebek-bebek kesebut perkilo. Kanggo sakilo bebek peking diregani karo rega Rp21000- Fajri adol bebek-bebek kesebut marang agen diendi dheweke tuku bibit-bibit bebek.
Nganti sataun kapungkur, bisnis Fajri iki berkembang karo pesat. Dheweke bisa tukokake laptop kanggo adikknya. Salah siji cita-citane wis keturutan, yaiku mbahagiakake keluargane. Kuripan Fajri lan keluargane dadi luwih becik. Fajri tambah mempeng kanggo ngembangkake upadine. Dheweke bercita-cita munggahake haji wong tuwane. Dheweke bahkan ora sempat mikirke babagan raben. 
Sakwise bisnis ternak bebek Fajri anyak lancar. Ing samubarang dina, agen njupuk limang atus ekor bebek. nanging agen kesebut ora cepet mbayar dhuwit bebek marang Fajri. Akhire Fajri memoni sangagen kanggo njaluk dhuwit bebek, nanging agen mung ngabangna dhuwit siji saben telune wae. Agen bebek kesebut alasan menawa bebek kang dijupuke saka Fajri durung payu diadol. 
Sakwise bola-bali memoni agen bebek kanggo njaluk dhuwit bebek  sing durung dibayar. Iki kaping ketelu Fajri memoni agen bebk kasebut, nanging pas Fajri nyampek  ing omah e agen bebek dheweke kaget banget amarga omah iku wis kosong. Luwih kaget meneh wektu Fajri takon marang warga babagan agen bebek kasebut. Masyarakat ngomongke menawa agen bebek kasebut  minggat bareng keluargane amarga wedi ditangkep polisi amarga kejiret kasus korupsi ing panggone tandhang gawe. Ya, kajaba dadi agen bebek jebulna uga tandhang gawe dadi sekretaris ing salah  sawijining upaden sing terkenal ing Indonesia. 
Fajri sedhih banget amarga dhuwit sing durung dibayar agen kasebut  dhuwit kanggo tuku bibit lan tuku pakan bebek. Akhire dheweke ora mbanjurke ngingu bebek amarga ora ana modal meneh. Lan karo turah dhuwit ngingu bebek Fajri lunga menyang Jakarta. Ing kana dheweke tandhang gawe serabutan nganti akhire dheweke oleh pagawean dadi satpam ing supermarket. 
Sakwise tandhang gawe sajrone loro taun, Fajri ngelingi menawa dheweke kangen marang keluarga lan ternak bebek. Akhire, sakwise ngumpulkake dhuwit , dheweke metu saka supermarket kesebut. Nuli dheweke bali menyang kampung e kanggo ngingu bebek. Ketekane disambut karo bungah saka keluargane. 
Sakwise ndeleng kandang sing wis suwe ora dipanggoni, Fajri mbecikane karo telaten. Fajri nganyak karir e ngingu bebek saka nol meneh. Kali iki dheweke luwih ngati-ati jero mileh agen panuku bibit. Karo dhuwit tabungane sajrone dadi satpam ing Jakarta, dheweke tuku bibit bebek peking marang agen sing dikenalake Sarman kancane Fajri sing pepadha peternak bebek. Kancane Fajri iki wani njamin  agen sing direkomendasi. Bu Amin yaiku jeneng agen sing direkomendasi kancane Fajri kesebut. Akhire Fajri ngiyani kanggo tandhang gawe karo Bu Amin. Pertama, Fajri mung tuku rong atus bibit wae, amarga dhuwit sing diduweani cacahe kewates. 
Sakwise nyoba - nyoba Fajri bisa ngembangake upadi ternak bebek. Saiki dheweke bisa ngingu bebek nganti limang atus.  Fajri banjur nduweni pikiran pengen mbukak warung sego bebek. Sakwise kabeh keluargane ngumpul, Fajri takon marang ibune, kepriye yen awake dhewe mbukak warung sing adol sega bebek. Ibune Fajri setuju marang pamikiran e Fajri. Sesuke, Fajri mbangun warung sega bebek ing lemah kosong sisih omahe.
Sakwise lima dina nuli warung bebek kesebut wis bisa dikanggokake. Dheweke mbangun dhewe warung kesebut direwangi karo kanca becike Sarman. Fajri mileh lokasi iki amarga lokasine sing strategis banget, cedhak karo dalan gedhe. Karo lokasi sing strategis dikarepake  warung sega bebek iki bisa payu laris. 
Apa sing dikiraknekne 
Fajri jebulna bener. Wektu warung sega bebek kesebut dibukak, rame banget. Saben dina pesenan sego bebek terus ningkat amarga mangsakan gawene ibune Fajri enak banget. 
Amarga cacahe panuku sing terus nambah, nggawe warung sega bebek kaluarga Fajri tambah kenal. Fajri ngambakne warunge dadi omah pangan lan kedadeyan mbukak pirang-pirang cabang. Saiki Fajri nduweni pirang – pirang karyawan. Para karyawan iku asal e saka warga desa seng padha nganggur banjur ditawari kerja karo Fajri.
Amarga kabeh bisnise seukses Fajri bisa mangkatake haji wong tuwane, iki ngrupakne cita-cita paling gedhe Fajri. Saiki kuripan keluarga Fajri beda karo sing dhisik. Saiki dheweke kabeh wis dadi wong sing sugih banget, nanging Fajri lan kaluargane ora tau sombong. Dheweke kabeh sanuli becik adhep tangga lan sanuli urip sederhana. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar