ERICHA OKTAVIA HERY / 09
RUMAH
HANTU
Dina
iki, aku ngenggoni omah anyar. Bapak mutusaken pindhah omah anyar amarga ana
mutasi saking kantore. Aku lan ibu ngetokaken barang – barang saka kardus lan midahaken barang – barang
kasebut ing kamar-kamar. Sakala iku aku krungu suara kemresek ing ngisor kasur.
Aku ndeloki ana apa. Ana kucing lagi mangan balung iwak ing njero kresek.
Kucing iku mau tak jupuk lan tak angkat. Warnae ireng muntreng lan mata ne
warna ijo. Saka rupane medeni banget. Akhire kucing iku mau tak dekek nduwur
meja. Lan aku ngelanjutno mindahno barang nang kamar ku.
“Cek
akehe barang – barang iki rek.” Aku ngomong dhewe ing kamarku.
“Rausah ngresula. Ndang kerjakno cek ndang
mari.” Suarane ibukku nyaut banter tekan ruang tamu.
Aku
jupuk koper sing nang sebelahe almari. Ana foto – foto sing tak gowo saka omah
lawas. Fotone kanca – kanca ku. Foto – foto iku mau tak jupuk lan badhe tak
deleh nduwur meja. Pas aku mlaku nang meja iku mau, kucing ireng iku ndelengi
aku terus lan ora obah blas. Pas aku nang ngarepe, matane tetep ndelengi aku
terus. Aku tetep deleh foto-foto iku nang jejere kucing kasebut padahal asline
wedhi. Aku mbalik jupuk barang sing liyane. Pas aku ngadep meja iku kucing iku
wes ilang. Ora krungu blas suara ne, moro-moro wes ilang.
Bengi
iku, ibuk lan bapakku tak critani kabeh tentang kucing ireng iku mau. Lan sing
garai aku tambah wedhi, mulai nyampek omah anyar iki sampek bengi iku gaonok
kucing sing metu saka kamarku. Aku wedhi banget lan sakwise mangan bengi iku
aku langsung turu nang kamarku.
Bengi
iku aku ngipi, enek wong wadon gedhe duwur,gowo kucing nang pundake, marani aku
ambek gowo tongkat lan ngomong. “Sopo
wani ngengoni omah iki bakal mati! Ngaliho tekan omahku. Iki omahku! Omahku!”.
Aku wedhi banget bengi iku. Esuke aku ngomong nak ibuk mbek bapakku lan dheweke
orang percoyo. Aku bingung kudu ngomong nang sopo iki.
Awan
iku aku di kengken mbuak sampah nang sebrang dalan. Ing nisor wit gedhang onok wong wadon tuek ndelengi aku
terus marani aku. Dheweke ngomong, “Nak,
sampean niki oleh informasi teko ndi pindah omah nang kene.”
“Ten
pundi ngge mbah? Kulo mboten ngertos. Kulo manut mawon kaleh bapak ibuk.”
“Omah
iku angker, Nak. Ojo sampek kowe diimpeni.”
“Impen
nopo mbah? Kulo pas malam pertama ning omah iki ngge keimpen wong wadon.”
“iku
wong sing due omah iki, Nak. Kowe aja tumidhak aneh-aneh. Kowe bakalan mati.”
“Lho,
ngge nopo mbah? Trus kulo kedah pripun mbah? L”
“Sampean
kedah nglakoni sembahyang ingkang jangkep 5. Wiridan lan moco tahlil
sakkeluargo.”
“Oh
nggeh mbah, kulo bakal nglakoni opo ae mbah.”
“Ati-
ati yo nak. Wonge gak siji.”
“Nggeh
mbah. Matur suwun.”
Sawise
iku, aku crito nang wong tuwaku opo ae sing kedah dilakokake keluargaku. Akhire
aku, bapak, lan ibukku taubat lan ora mbaleni kesalahan sing padha.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar