Senin, 19 September 2016

MIRTA DWI S / 16

LIBURAN MENYANG JOGJA
Preinan sekolah semester wingi aku ngentekake wayah bareng keluarga kanggo liburan menyang Jogja, kurang luwih 7 jam perjalanan saka Jombang menyang Jogja nggunake montor. Budal kurang luwih jam 9 bengi lan nyampek Jogja kurang luwih jam 3 subuh. Sajrone neng dalan aku turu wae, lan ora krasa wis nganti neng kutha Jogja. Aku lan keluarga nginep ing Homestay daerah cideke Alun-Alun Keraton Yogyakarta sing wis dipesen karo Ayahku. Sakwise nyampek ing penginapan, aku banjur turu amarga isih ngantuk. Sekitar jam 6 isuk aku banjur tangi lan adus, sakwise iku aku diajak sepupuku mlayu-mlayu ing sekitar Alun-Alun lan golek dhaharan. Pas awan kuwi aku lan keluargaku mubeng kutha Jogja lan melbu panggonan rekreasi. Tujuan pertama yaiku menyang Museum Benteng Vredeburg. Cuaca ing Jogja wayah iku lagi panas mengkono aku mung lungguh-lungguh wae. Dino iku dino Jum’at, dadine mung sediluk wae ing museum amarga wes melbu wayah Jum’atan. Sakwise Jum’atan dilanjut menyang tujuan keloro yaiku ing Taman Sari Keraton Yogyakarta. Sakwise iku langsung ing tujuan ketelu yaiku ing Kebun Binatang Gembira Loka. Ing kebun binatang kuwi aku sempet kate ilang, amarga pas isih tuku camilan aku mencar dewe lan handphone ku mati, nanging gak suwi aku wis ketemu kaliyan keluargaku. Lanjut sakwise iku golek dhaharan ing daerah Pakualaman. Kabeh podo getun, ngresulo amargi masakan ing kunu gak mantep lan rasane hambar. Gak kakean omong, ibu ku langsung bayar lan pindah golek dhaharan ing panggon liyo. Sakwise iku langsung balik menyang Homestay.
Bengine aku lan saudaraku arep budal menyang Malioboro, nanging pas kate budal dumakan udan deres banget lan akhire ora sido budal. Nanging gak suwi udane wis terang, akhire sido budal menyang Malioboro. Kahanan ing Malioboro kuwi bedo banget karo kahanan ing kota Jombang. Sampek kono aku langsung njujuk ing Mall Malioboro golek dhaharan. Wis rada bengi, aku lan saudaraku isih pengen nikmati kahanan Malioboro, banjur aku golek anget-anget an ing sekitaran angkringan Malioboro. Wektu wis nunjukake jam 11 bengi, aku yo wis wiwit ngantuk akhire aku lan saudaraku banjur balik menyang homestay.
Esuk dinane, aku lan keluargaku banjur lunga ing Pantai Indrayanti daerah Gunung Kidul Yogyakarta. Tekan homestay budal jam 5 isuk lan nyampek panggonan jam 8 isuk. Ing perjalanan aku banjur turu wae amarga isih ngantuk. Tekan pantai aku banjur owah klambi lan dulinan ing pinggiran pantai. Gak keroso waktu wis nunjukno jam 11 awan, akhire aku mentas lan ganti klambi. Banjur iku langsung budal menyang tujuan selanjute yaiku ing Goa Pindul. Goa Pindul kuwi objek wisata banyu sing nggunakake ban, pelampung gawe nyisiri Goa. Sakmarine iku pindah ing kali Oyo, ing kunu panggonan gawe arum jeram. Seru banget, nanging banyu kali kuwi butek dados klambiku wernane putih dadi coklat. Sakwise ing objek wisata kuwi banjur balik menyang kutha Jogja lan golek dhaharan gudeg ing sekitaran Malioboro.

Bengine aku diajak nonton film ing Ambarukmo Plaza. Sakwise nonton banjur ibu ku nelfon yen aku lan saudaraku diutus menyang Malioboro kanggo golek oleh-oleh gawe wong Jombang. Sakdurunge budal menyang Jogja, ibu ku ngendika yen rekreasi ing Jogja iki bakal ana sing spesial, nanging sampek dino keloro ing Jogja iki ora onok apa-apa. Aku nggondok kaliyan ibu ku amarga rekreasi ing Jogja iki bebarengan karo ulang tahunku. Pikirku ibu bakal ngekeki aku kejutan utawa hadiah saka Jogja, nanging ora ana apa-apa. Dadine aku nggondok lan ora nggatekake omongane ibu ku, aku lan saudaraku banjur ngelanjutno mlaku-mlaku ing Ambarukmo Plaza lan ora budal menyang Malioboro. Ora krasa jam wes nunjukno pukul 12 bengi, akhire aku lan saudaraku banjur mulih menyang homestay. Sakwise tekan homestay aku diseneni kaliyan ibu ku amarga aku ora budal  menyang Malioboo, aku cuek wae amargi aku isih nggondok lan banjur melbu kamar. Esuk dinane aku lan kaluargaku podo persiapan gawe mulih menyang Jombang. Aku isih tetep nggondok karo ibu ku lan ora ngajak omong. Isuk-isuk sekitaran jam 5 isuk aku lan keluargaku wis budal balik menyang Jombang. Sampek menyang Jombang sekitaran jam 12 awan, pas nyampek tekan omah aku tetep cuek lan nggondok marang ibu ku. Nanging pas wis tekan njero omah, ibu ku ngampiri aku ngewenehi bingkisan lan ngendika yen bingkisan kuwi kado ulantahunku. Aku terharu lan seneng, amarga ibu ku ora lali karo ulangtahunku. Banjur aku sungkem kaliyan ibu ku lan minta maaf amargi wingi wis nggondok lan cuek marang wonge.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar