Senin, 19 September 2016

Willy Ratno P/ 27
Usaha

Allahu akbar allahuakbar........ suoro adzan wes kumandang,howo adheme subuh ora iso ngalahno niatku madhep marang gusthi pengeran,aku langsung tangi,wudhlu banjur mangakt menyang mushola ing ngarep omahku. Banjur sholat aku mbyantu ibukku resik resik omah. Wektu wes nunjukake jam 5.00 aku banjur adus amarga arep mangkat sekolah. “ buk,kulo badhe mangkat datheng sekolah,kulo nyuwun pangestune panjenengan nggeh,” pamitku marang ibuku .
                Jenengku angga aku kelas 3 sma ing sawijining sma negeri favorit ing kuthoku. Aku urip karo ibukku lan simbahku,bapakku uwes suwe tilar dunyo wektu aku isih bayi,ibukku sng dadi tulang punggung kaluwargoku,ibukku dadi penjahit gae nguripi kaluwargoku.Wektu aku smp sampe kelas 2 sma aku ora ngerti cita citaku mbesok pingin dadi opo,amarga aku kelingan omongane ibuku “ le... sinau sing sregep,ora perlu mikir arep kerjo opo,arep dadi opo,pokoke kowe kudu pinter,mbesok kerjaan  kuwi bakal marani kowe dhewe”. Nanging saiki aku wes nentokno targetku pingin dadi pilot,kadang aku ragu karo tergetku iki,amarga biaya sekolah e ora murah,aku mung iso yakin marang pilihanku lan usaha sak isoku.
                Aku wes tutuk sekolahku,ucape ibukku krungu terus ing kupingku nganti sakiki. Aku bakal sinau sng sregep ben iso mbhagiak ake kaluwargoku. Kriingg bel ngaso wes krungu. Aku isih ing njero kelas nggarap tugas sing jek entas di wehno. Ora suwe konco ku marani aku.
                “ngga,kowe melu snmptn ora besok iku wes wayahe? Takone lukky konco cidekku.”mboh,nanging aku wes manthep ing sekolah pilot,yen aku ketrimo ing snmptn lan sekolah pilot aku kudu milih sng endi?”, Balesku. “ yo ora ngopo to,gae jogo jogo wae”. Balese koncoku. Aku mung meneng bingung kudu melu opo ora. “ halahh wes ora usah di pikir,ayo melu ora?”.ajake lukky. “nandi ndes?” takonku. “nang kantin lah arep nandi meneh?”.balese. “duwit gambar ladhing kuwalik ta ndes,ora due duwit aku”. Omongku .”halah lambemu,gak oleh ngomong ora due duwit iku,ora nyekel duwit iku baru bener”. Balese lukky.” Halah opo bedane ndes”. Balesku karo nglebokno buku ng tasku.” Yo bedho talah, wes wes debat e engkok ae,ayo saiki nang kantin,tak bayari pisan pisan”. Balese lukky karo mbatek tanganku ngajak nang kantin.” Tenan ta,dungaren luman”. Balesku.
                Ora kroso wktu wes sore,uwes wayahe moleh,aku isih nyempetno sholat ashar ing sekolahan. Banjur sholat aku moleh lan kondho marang ibukku “ buk badhe wonten snmpt,miturut panjenengan kulo tumut nopo mboten?”. “ teko melu o ae lee”. Jawabe ibukku. Aku nuruti omonge ibukku aku melu snmptn njupuk jurusan pertambangan.Wektu pengumuman ketrimo e snmptn,alhamdulilah aku ketompo ing ptn ternomo ing indonesia. Saiki kari ujian nasional e,aku bedho marang konco koncoku sng wes melu bimbingan belajar gae nyiapno ujian nasional,aku sinau dewe nang omah amargo aku ngerti ekonomine kaluwargoku,terus aku manfaatno pelajaran tambahan sing di sediakno sekolah.
                Wektu mlaku cepet banget sesok wayahe ujian nasional,aku wes siap gae ujian sesok. Koyo biasane aku mung iso mbyantu resik resik omah,banjur aku sinau karo ngancani ibukku njahit klambi garapane. Ora kroso wes ganti dino,wes wayahe ujian nasional.”buk kulo bahe nglempahi ujian,kulo nyuwun pangestu panjenengan nggeh?” pamitku karo ngambung tangan e ibukku. Lan alhamdulillah aku biso lancar nggarap soal soal ujian. Pancen bener omonge uwong uwong restune ibu kuwi yo restune gusti allah.
                Wektu mlaku ora kroso saiki wes mari ujian nasional,aku mung iso dungo marang gusti lan pasrah marang keputusane,sing penting aku wes usaha lan dungo. Sawise ujian nasional aku ora mandhek sinau lan golek golek informasi tentang pilot,opo sing di butuhno ben klebu ing sekolah kasebut.
                Wektu penguman sing wes ditunggu tunggu wes tibo,alhamdulilah perjuanganku ora sia sia. Nilaiku wes iso kalebu syarat mlebu sekolah sing tak karep ke.aku daftar nang ke sekolah pilot,amargo biayae ora sithik ibuku mecah celengane kanggo biaya daftar sekolahku. Biji wes memenuhi kari tes e. Tes e onok pirang pirang lapis. Sing kesiji tes tulis,alhamdillilah aku ketompo tes kesiji iku.banjur tes sing keloro iki tes wawancara basa inggris,aku wes nyiapke gae tes iki nanging sak durunge tes gusti allah mudhut simbahku,iki garai aku down,bingung kudu fokus marang sopo. Wektu e tes keloro, gara gara aku ora fokus ng tes iki aku ora klebu.
                Aku putus asa amargo ora klebu ing sekolah sing tak karepke,isih ono cadangan e yoiku snmptn. Aku nekuni sekolah pertambangan ing kutho liyo ninggal ibukku dewe ng omah. Sekolah sing giyat lan tekun iling perjuangane wong tuwo gawe nyekolahno aku.aku sekolah daksambi kerjo ben ora ngaboti wong tuwo,ora iku tok,aku yo golek golek info beasiswa kanggo ngenthengno beban. Prestasi,biji ku munggah saben semester, ing semester 3 aku oleh beasiswa teko perusahaan pertambangan ternama ing asia tenggara  lan wes di janjeni sawise lulus bakal langsung kerjo ing kunu dadi asisten meneger. Alhamdulillah gusti allah paringi dalan liyo gae aku sukses.

Ora kroso aku wes lulus banjur aku kerjo ing perusahaan sing biyayani aku kuliah,gaji ne wes lumayan,di sedhiani omah lan kendaraan. aku ngajak ibukku melu aku ing omah iku. Ora suwe aku wes iso munggah pangkat dadi manager.Iki wes wayahe aku bahagiakno ibukku. Aku paham iki to ujare ibukku yen kerjaan bakal teko dewe. Iki ora lain teko dungone ibukku lan hasil usahaku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar