Anni
Hanifan Muslima / 06
"Sombong Nggawa Cilaka"
Semilir angin ing wayah udan
riwis – riwis iku, nggowo atiku menyang suasana sing ora karuan. Rasa wedi
kaliyan bingung perang ono jero atiku, rembulan lan lintang ora jelas ono
ngendi panggonane amarga ketutup langit mendung. Lampu – lampu omah padha
murup, lan tiyang – tiyang sampun sare. “yen wes ngerti koyo ngene iki, aku
wegah ngulangi maneh, kapok aku wes.” Pikir ku ing jero ati. Ya, sakniki aku
kejebak wonten jero rumah kosong ing desa tetangga. Desa kasebut Desa
Sidomulya, sing wis terkenal kaliyan keangkerane. Jare gosip sing beredar saka
wong menyang wong, bc menyang bc lan sms menyang sms. Wonten salah
setunggalipun griya sing wis ora di panggoni manungsa. Griya niku wonten ing
salah setunggalipun dalan sing rawan kecelakaan, mesti ing setahun wonten wae
sing kecelakaan wonten dalan niku, mulai sepeda pancal, sepeda montor, montor
lan sak panunggalane. Korbane uga macem macem, ana kucing, pithik, bocah –
bocah, bapak – bapak, ibu – ibu, nganti tiyang sepuh. Mulai tatu ringan, tatu
berat lan ono sing nganti kilangan nyawanipun wonten dalan niku. Jarene gosip
iku, wonten pesugihan sing mangan tumbal yaiku korban kecelakaan niku. Lan
arwahipun korban padha pindah menyang griya sing kosong wonten cedhakipun
dalan.
Hawa panas nandhaake srengenge
wonten dhuwuripun sira, semilir angin uga dadi barang langka sing dibutuhake
tiyang katah, pas wayah wangsul sekolah niku, kula, Amir, Budi lan Joko mlaku
mlaku bareng lan mampir wonten salah sijinipun warung. “Bu, es serut setunggal
tambah roti nggih bu..” aku pesen, “Iyo, le”. Pas sakmarine pesenan teka, Budi
cerita masalah griya sing angker wonten desanipun. “Eh rek, wau bengi pas aku
wangsul saka nobar wonten griyane kancaku, aku mlaku lewat ngarepe griya sing
kosong. Eh pas enak – enak mlaku, sing mbendok watu. Aku kaget rek lan ngamuk.
Tak selidiki asale sing mbendok saka griya sing kosong iku. Pas aku mbukak
pagere aku krungu suara wong nangis rek, kaget aku. Suara iku tak goleki saka
ngendi asale. Pas ketemu ana rambut dowo rek, rambutipun ngelayang. Aku kaget,
orah usah babibu aku langsung kabur ae wis. Wedi aku.” “iya wingi sore pakdheku
lewat kono rek, krungu suara wong nangis” saut joko. Budi lan Joko niki
griyanipun wonten Desa Sidomulyo yaiku desa tetangga, jarakipun ora adoh kirang
luwih 2 kilo. Joko lan Budi niki sekolah wonten SMA ing desa ku, saben dina
nitih sepedha pancal, Budi lan Joko niki kanca sakelasku, Budi iku tiyang sing
ceria, asik lan olah ragae wis sae, lan Joko niku tiyang sing humoris, pinter
tapi ora remen kaliyan olah raga, bedho 180 derajat kaliyan Budi. “Hahaha, ra
percoyo aku bud, kowe palingan ngapusi” jawab aku “Iyo budi iku senengane
ngapusi.” Saut Amir. “Ngapusi opo ta? Aku ora ngapusi rek, iki temenan,
kedadeyane aku dhewe sing ngerasakne.” Jawab Budi. “Alah bud, palingan kowe yo
ngarang cerito, supaya aku lan joko wedi.” Jawab aku “iyo bud, ojo ngarang
cerita” saut Amir. “lho rek aku percoyo Budi, soale omah iku pancen angker.”
Jawab Joko “wes jok, nek ono setan, engko setane tak tabok cekne kapok,
hahahaha” jawab ku “wes le, ojo sombong – sombong, ora becik” jare Bu Sa sing
duwe warung “lha sinten sing sombong bu, niku budi bu remen ngapusi tiyang
liya” jawab Amir “ya wis yen kowe padha wani, engko bengi nginepo menyang omahku,
kesok minggu kan?” jawab Budi “ah kecil iku” jawab ku.
Hawa bengi wis mulai nusuk balung
lan nembus kulit, jangkrik lan kodok sawah wis mulai konser musik, ing wayah
bengi niku kula, Amir lan Joko nginep wonten griyanipun Budi. “wis siap rek? Ayo
budhal” Budi ngomong, kula lan rancang – rencang kula budal ngawiti petualangan
wonten griya kosong. Sakniki Budi ngajak mas sepupunipun sing duwe ilmu
spirirtual. “Mas mengko menawi wonten masalah, kula nyuwun tolong nggih” Budi
ngomong menyang mas Arid, “Gampang wes” jawab mas Arid. Jam wis nunjuk angka 8,
awakdewe sampun tutuk wonten ngarep griya kosong niku. Aku mlebu pertama griya
iku, krekk, suara pager bukak, ora suwe setitik, ono suara benda sing tiba.
“gedubrak” “tikus paling” pikirku, ra usah babibu kula, Budi, Joko, Amir lan
Mas Arid mlebu wonten jero griya kosong niku. Pas lawang dibukak udan riwis –
riwis tiba saka langit, hawa adem nabrak badan kula, nembus kulit lan nusuk
tulang. “gedubrakkk” suara benda tiba metu maneh. Sak iki aku wis ngeroso ora
enak, ati ku ora karuan, rasa pesimis wis ngumpul wonten jero otak lan ati,
nanging rasa isin marang rencang uga wonten jero ati, yen kula ora wani konco
ku gelem dolan karo aku nopo ora, pikirku.
Kula lan rencang – rencang mlaku
– mlaku nelusuri saben pojok wonten griya niku. Griya niku lumayan gedhe,
desain wonten jero griya niku model eropa lan jawa. Lorong – lorong sing boten
wonten lampu, di telusuri kabeh. Pas tutuk kamar pertama wonten griya niku
kesannipun kagum uga prihatin amarga griya sing duwe kamar gedhe lan sae niku
boten dipanggoni. “hiiii, hiiii, hiiiii” aku krungu suara wong nangis,
suaranipun nyayat ati lan nggarai wulu alus wonten badan podho ngadek kabeh.
“wedus, suara opo iku?” aku ngomong “ono suara opo bud? Aku ora krungu opo -
opo?” jawab Amir “aku pisan” jawab Budi lan Joko . “suara wong nangis yo bud?”
takon mas Arid “nggih mas” jawabku, “engko ojo nganti pencar yo rek” Mas Arid
ngongkon “Nggih mas”. “Sret…sret…sret…” sakniki metu suara barang sing diseret
– seret, rasa wedi wis nguasai awakku, merinding wis nyerang badan lan gemeter
padha meneng wonten sendi – sendi awakku. “hihihihihihi” suara wong ngguyu wes
krungu sakniki Amir sing krungu, aku krungu nanging setitik, Joko, Budi lan Mas
Arid ora krungu suara opo – opo. Pas tutuk ruangan keluarga aku ndelok bayangan
putih sing lenggah wonten kursi, tapi ora suwe, sak marine awakdewe lanjut
nganti pawon sing cedhak karo toilet. Pas wonten kono, lampu senter sing digawa
padha mati kabeh. Angin nyebul tambah banter, jendela lan lawang wonten dapur
padha gedebrukan. Pas aku ngadep nduwur, aku ndelok pemandangan sing ora enak
didelok, ing dhuwurku wonten wong wadon sing gawe klambi putih, lan rainipun
boten berbentuk. Amarga kaget lan campur wedi aku langsung mlayu menyang griyanipun
Budi. Wonten dalan pas wayah udan niku kula mlayu lan maca dzikir lan do’a sing
kula hafal. Wonten griyanipun Budi kula langsung salin klambi lan sare lan
nutupi badan kaliyan selimut. Badan adem panas, tandanipun penyakit demam
nyerang badan kula.
Tigang dinten kula boten mlebet
sekolah, jare dokter kula kena tifus, lan kudhu istirahat lan Alhamdulillah
kula sakniki sampun waras lan penyakitipun boten disebabno gangguan setan. “eh
Jar, piye kabarmu?” takon Budi lan Joko “Alhamdulillah” jawabku “Eh Jar, wes
waras?” takon Amir “Iyo bro, eh pas aku mlayu kabur ono cerita sing apik tah?.”
jawabku. “eh jar pas kowe mlayu saka griya kosong niku, amir ndelok pemandangan
bantal guling warna putih sing duwe rai, saking wedine Amir nganti ora sadar
aliyas semaput, Aku lan Joko podho bingung. Akhiripun mas Arid ngajak wangsul,
amarga suasanane wes ora enak, lan bahaya. Aku diceritani mas Arid nek ing
griya niku wonten katah setan sing ngganggu manungsa, salah sijinipun
kuntilanak sing kowe delok lan pocong sing didelok Amir.” Cerita Budi.
“Mangkane jar, yen dadi wong iku ojo sombong” saut Amir “ala kowe yo sombong
pisan, jarene wani karo setan?” jawabku “wes rek, kowe mari nggarap PR ta?”
takon Joko “waduh iyo” jawab Budi lan Amir “bud, bud, mir, mir” pikirku. Sak
marine kedadeyan iku aku ora wani sombong maneh lan percaya marang kehidupan
wonten alam lain yaiku alam ghoib.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar