Senin, 19 September 2016

Za'imatul Hakimah Septiani (28)

Jam Weker

Tak pandeng kanthi jero langit wengi kang peteng lan elok. Kanthi tampilan lintang - lintang ing langit lan bunder e rembulan kang sampurna.Bangunan-bangunan pencakar langit ingkang inggil dipajangi karo kelap-kelip lampu kutha. Tak rasakno semilir e angin wengi kang ngenai pasuryan lan rambut dowo ku. Hawa kang adhem ngenani pori-pori kulitku.

            Keprungu swarane sikil saka mburiku. Tak ambakake mripatku nalika aku weruh menawa iku Tia, kancaku. Katon saka tangan lorone nyangking barang gedhe werna biru. Tia mlaku tumuju aku, banjur lungguh ing sisihku. Katon ing sorote mripat sawijining kabejan. Rumangsa keganggu karo pandelengku, dewekne noleh menyang aku lan mandengi aku banget.

            “Ana apa? Kok kowe mandeng aku kaya ngunu?” pitakone nyadarake aku.
            “Kowe ora apa-apa?” pitakonku heran marang dhewekne.
            “Apa maksudmu? mesti aku apik-apik wae.” Semaure alon.
            Rodok aneh, nanging aku ora nggatekake.
            “Hil, aku duwe barang kanggo kowe.” Semaure Tia.
            “Oh, apa kuwi?” pitakonku lirih.
            Tia mbuka barang biru sing dicangking mau. Tak deleng ana sak kothak roti cilik lan 4 kaleng soda.
            “Sugeng tanggap warsa Hilda!” semaure Tia alon menehake sak kothak roti cilik sing tak deleng mau.
            “Ohh… maturnuwun, Tia. Jebulane kowe iling, tak kirakno ora ana sawijining wong kang iling ulang tahunku.” Semaurku rada memelas.
            “Halah kowe iki… ora apa-apa, wes ben wae. Paling ora ana aku sing iling marang ulang tahunmu. Nah, saiki sebulen lilin e!” semaure Tia ngibur aku.
            Nyenengake banget ngrayakake ulang tahunku bareng karo Tia. Deweke ngrencaknakake sekabehe, malah durung tak pikir jalaran pribadine Tia dewe katutup saking kumpulan karo liane lan kadang ora nate peduli marang bab sing ora penting kanggo deweke.
            “Tia, Maturnuwun!” semaurku.
            “Ojo kaya ngunu, iki ombenen!” tanggape nyodorake sekaleng soda marang aku.
            Yo, iki kebiasane awake dewe. Nalikane kita sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane kita tansah ngrayakake ing nduwur payonan omah keluargane Tia.
            “He da.” Gemreneng e Tia.
            “Hmm?” wangsulanku.
            “Apa kowe rumangsa ana sing kurang?” pitakon e Tia marang aku.
            “Ora, kowe rumagsa?” Takonku balik.
            “Ndedungo marang Kang Kuwasa, bodho!”  semaure Tia nyawang aku kuciwa.
            “Ah… iyo, sepurane” semaurku balik nyawang dewekne
            “Ora opo-opo, delehen ngombemu! Ayo diwiwiti!” Ajak Tia.
            Tak deleh ngombeku lan ngrubah posisi lungguhku ngadhep marang Tia, semono uga dewekne ngrubah posisi lungguhne ngadhep marang aku.
            “Becike tutupen mripatmu! Opo wae kang kedadean ojo kok bukak mripatmu sakdurunge aku rampung, oke?” semaure Tia sing mung tak bales karo manthuk.
            “Kanggo Hilda sing tak trisnani, sungeng tanggap warsa. Muga-muga kowe bakal dadi wong kang luwih apik ing sakteruse. Aku ngerti, kowe duwe masalah karo kulawargamu, nanging pengarep-arepku kowe bisa nampa kanthi bijak. Ojo nganti kowe ngrasakake kaya opo sing tak rasakake saiki. Tansah dewean senajan diubengi dening wong akeh. Pengarep-arepku kowe ora bakal ngrasakake nalika sing nggugah kowe yaiku jam weker, dudu belaian drijine ibu.” Semaure Tia nahan tangis.
            “Sak ora-orane kowe nduweni kulawarga sing tansah tresna marang kowe. Lan sing tansah aku arep-arep, aja nganti kowe nduweni pamikiran dadi kaya aku. Senajan ketok e kaya ratu kang adhem, sakbener e aku mung kaya tikus elek rupane kang manggon ing peceren. Dewekan, tanpa ana kanca.” Teruse Tia mingset-mingset.
            “Sing tansah ngenteni obahe jarum jam ndadekake dering jam weker kanggo ndeleng mesem e wong lanang ing ngarepku. Ngenteni kumlawene tangan ngelus rambutku alus nalika aku nangis, dudu ngombe soda ing nduwur payonan omah. Ngenteni wong lanang nggeret tanganku alon nalika ndeleng rapotku sing apik, dudu malah ditinggal dewekan ing sekolahan amerga angka rapotku sing elek.” Omonge nganggo swara sing dibanterake.
            “Aku weruh kowe wis bisa ngrasakake apa sing pingin tak rasakake, nanging kowe durung bisa ngrasakake apa sing saiki tak rasakake. Lan pangarep-arepku iku ora bakal kedadean. Aku pancen meri tenan ndeleng kowe ngarasakno opo sing pingin tak rasakake. Apa kowe saiki nyesel wis kenal karo aku?” pitakon e Tia sing ora liya yaiku kancaku.
            “Aku ora ngomong iku” semaurku panik.
            “Nanging kowe nulis ing buku harianmu. He bodho! Lereno entokmu nyandiworo!” semaure Tia ninggalake aku.
            “Tia……” celukku marang Tia
            “Sepurane, aku wis ngeremehake sawijining wong kang pancen trisna marang aku. Aku pancen wis kesel banget, lilanono aku lungo. Nalika jam weker muni,  persis ing jam 12 wengi, mandek lan tangio! Aku pamit Hilda!” semaure Tia kang nyeblokake awake saka nduwur payonan omah sing nduweni jubin 2 tumuju tanah rata ing ndisor.

            Kring… Kring… Kring…
            “Tia…” aturku minangka muni jam weker nangikno aku.
            Tanpa sadhar aku nangis, aku iling marang mimpiku mau.
            ‘Opo iku mau ngimpi?  Rasane kok koyok temenan.’
            Tak deleng jam sing nuduhake ing wektu 12 wengi.
            ‘Aneh, padahal aku ora ngatur jam weker luwih awal. Opo yo mungkin…?’
            “Hilda, bukaen lawange!” panjerite Ibu ing ngarep e lawang kamarku
            Naliko tak buka lawang e, ora ana sinar opo wae sing tak temokno.
            “Surprise… sugeng tanggap warsa, Hilda!”
            “Tia……” kagetku menawa ngerti yen ana Tia ing ngarep lawang kamarku karo nyekel sak kothak roti kaya sing ana ing mimpiku.
            “Sugeng tanggap warsa sing ke 17 taun yo hil! Dhowo umure, mugi-mugi tansah binerkahan, bhakti marang wong tuwa loro, tetep dadi kancaku sing paling tak trisnani, sukses UNBK 2017, lan dilancarake sekabehe urusan dening Gusti Allah!” pandongane Tia marang Aku.
            “Amin… maturnuwun yo ti kanggo surprise e! aku seneng banget kowe ora lali marang ulang tahunku hehehe” semaurku marang Tia.
            “Ora mungkin lah aku lali marang ulang tahune koncoku sing paling njengkelno iki wkwkwk… saiki ndang ndedungo marang Kang Kuwasa lan sebulen lilin e!” semaur e Tia.
            Aku banjur nggawe panyuwun marang Kang kuwasa lan nyebul lilin, wengi iku dadi wengi sing paling nyenengno kanggo aku, bisa ngrayakno ulang tahunku sing ke 17 taun bareng kulawarga lan kanca sing paling tak tresnani. Ora butuh acara kang gedhe kanggo ngrayakno ulang tahun, asal karo wong-wong kang kita tresnani, iku wes cukup kanggo aku.
            Aku yo seneng banget nduweni kanca kaya Tia, kang ana nalika aku sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane, deweke tansah ana ing jejerku. Aku ngerti yen sejatine Tia nduweni masalah sing akeh, nanging deweke ora tau nduduhno sungkowone marang wong liyo amarga Tia iku wong kang kuat banget. Aku ora bakal nyia-nyiakne kanca sing kaya Tia, aku tresna banget marang deweke. Maturnuwun ti, kowe wis dadi kanca sing apik banget kanggo aku! (:


                                                                                                                        -Rampung-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar