Senin, 19 September 2016

Alifia Meinda Nuris/ 04
Di Cakar Ketek
Ing sawijining dusun, tepate  ing dusun kuncung, wonten bocah sing jenenge Alifia. Bocah niku wau yaiku kula. Waktu isuk, kula di ajak mlampah-mlampah kaleh ibuku. Pas mlaku-mlaku, niku wau wonten tangga kula sing nggadah ketek. ketek iku mau gede lan nyengit banget. Kula nggadah niat arep menehi ketek niku wau mangan. nanging keteke wonten ing ndhuwur wit. Panganane niku wau dak uncalke, nanging rumangsaku aku nguncalke kadohan saka wit kuwi mau, akhire panganan kuwi tak jupuk arep tak cidekake. Ladalah ketek kuwi mau langsung mencolot saka ndhuwur wit karo nyakar, kula langsung nangis amarga lambe kula jedir.
“sampean ora apa-apa ta nduk?” pitakone ibuku. Nanging aku ora semaur apa-apa, aku isih pancet nangis.
“ ora apa-apa ta?” pitakone ibuku maneh.
“ mboten bu, kula mboten napa-napa” semaurku karo nangis
“ ojo nangis neh ya nduk, mangke dak tumbaske es krim.” Semaure ibuku
“ tenan nggeh bu?” pitakonku
“ enggeh. Ayo mantuk ” Semaure ibu           

Kula lan ibu pun mantuk. Mantun niku ing dalan wonten tiyang sing dodolan es, kula nagih janji ten ibu nek badhe di tumbasaken es. Sakwise saking griya. loro sing kena cakaran ketek niku wau di obati kaleh ibu. Kaya ngunu sayange wong tuwa marang anake.sesuke kula budhal sekolah, kanca-kanca pada ngguyu amarga ngerti lambeku jedir. Nanging ora tak lebokke ati. Aku ngerti kanca-kancaku mung guyon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar