Makhinuddin Nuh/15
Lunga
Menyang Pantai Prigi
Cerito pengalamanku wayah cilik, aku lan kluargaku mlaku2 menyang
pantai prigi. lungaku numpak mobil pribadi. aku budhal saka omah jam 4 isuk
nganti jam 8 isuk tekan kono. wayah kuwi dalane isih ala banget dadi lakune
suwi. ning tengah dalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing apik banget.
sak marine menyang kono, aku ndeleng akeh wong podo adus. banjur aku cekat
ceket genti klambi. aku lngsung mlayu nang pantai. banjur bapak nyeluk aku
ngongkon mangan dhisik. saenteke mangan, aku nyewa ban gae adus menyang pantai.
ora krasa wayah wis sore, banyu segara apene pasang. banjur aku genti klambi
lan mulih. ora krasa aku turu nang njero mobil. rasane cepet banget
perjalanane. tangi2 aku wis ana nang ngarep omah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar