IKKE ALVIONITA
/ 10
PERTEMUAN SING SINGKAT
Ora kerasa, sakmeniko aku wis dadi arek SMA. Aku ketrimo neng SMA 3
Jombang. Ing kunu awal aku melbu kudu melu MOPDB selama seminggu. Aku jalani
MOPDB iku seneng banget, aku yo iso kenal karo wong akeh, aku duwe kanca nyar
sing apikan, neng SMA 3 iku kakak kelase yo apikan banget, ramah neng adik-adik
sing kaet melbu.
Dino
terakhir mopdb iku ana kemah, kemahe dino sabtu minggu. Sabtu bengi iku wayahe
seneng-seneng, kabeh kelas iku nampilno kekreatifane dewe-dewe lan ono
penampilan tekan kakak-kakak kelas, neng salah satu penampilan tekan kakak
kelas iku ono siji kakak kelas sing aku senengi, aku durung ngerti iku asma e
sapa, aku ngertie kakak iku kancane kakak OSIS. Sakwise Mopdb iku buyar aku wis
gak tau kepethuk maneh karo kakak sing tak senengi iku. Aku
neng Smaga iku nderek ekstrakulikuler Paskibra lan aku yo daftar dadi OSIS,
pendaftarane osis iku syarate kudu melu dadi panitia HUT smaga, ketepakan
pendaftaran osis iku cedek dina karo HUT smaga. Aku, kanca-kancaku lan kakak
osis sibuk riwa-riwi ngurusi HUT, hut smaga iku berlangsung hampir seminggu.
Katah lomba-lomba ning smaga, dan tibo dina sing ditunggu-tunggu yaiku Final
party bastyasaka, dan aku sempet digae kaget perkoro kakak sing tak senengi
waktu mopdb ternyata melu ngisi acara ning final party bastyasaka kui, aku
seneng banget. Dan kakak iku ternyata satu band kale kakak senior osisku, aku
luwih semangat ngurusi hut gara-gara kakak sing
tak senengi iku melu ngisi acara, penampilan kakak iku apik banget, tapi
tiba-tiba neng kunu ana suatu kejadian sing gawe aku kecewa, aku nguasi kakak
sing tak senengi iku foto karo wong wedok liyo dan ternyata iku pacare, tapi
ning njero atiku ngomong “yawislah gak opo, wis iso nguasi ae wis seneng”.
Sakwise kejadian iku aku wis ora begitu seneng karo kakak iku, aku fokus ning
acaraku. Alhamdulillah acarae berjalan lancer, acara e selesai panitia kabeh
ora oleh mantuk ndisik, aku lan kanca-kancaku nunggu hasil pengumuman sapa sing
ketrimo dadi osis. Ternyata
aku katut dadi OSIS, Alhamdulillah aku seneng banget. Ternyata osis iku
kegiatan e akeh banget gak kayak sing tak bayangno sebelume. Kakak osis sing
senior ya lebih apikan neng adik-adikke. Setengah
semester aku sekolah neng smaga lan wis setengah semester aku melu osis lan
paskibra. Ing dina-dina cedek iku aku arep melu LatGab paskibra neng SMK 3
jombang, aku sibuk latihan paskibra. Sewaktu dina aku lan kancaku osis arep
tuku ngombe neng kopsis sekolah, eh ketemu gerombolanne kakak senior osisku
neng kunu iyo ana kakak sing tak senengi. Asma e kakak osisku iku Mario lan
Hendy, lan kakak sing tak senengi iku asmae Ata. Kak Mario langsung marani akku
lan kancaku. “he
dek”. Ucap kak Mario ning aku “iyo mas, ana opo?”
jawabku “he
dek kamu lak duwe mobil se, iku ayo melu aku nang pasuruan dadi penonton tekan
smaga”. Ucap kak Mario “ayo
ae mas, kosek kosek tanggal piro ning Pasuruanne?” tanyaku. “tanggal
09 mene dek” jawabe kak Mario.
Ning kunu aku langsung bingung, antara melu opo ora. Soale acara e
kak Mario iku padha tanggale karo tanggal latgabku paskibra, aku bingung lan
aku takon kancaku, kancaku malah melu bingung.
“ayo a dek melu o”
sahut e mas Ata. “gak
wis mas, sepurane yo” jawabku sing gak iso melu acarae.
Ning kunu pertama kalie aku ngomong karo kakak sing tak senengi,
“kabeh sing kedadean iki ana hikmah e dewed ewe” batinku ning njero ati. Akhire
latgabku wis buyar, Alhamdulillah lancar sak kabehe. Tugas sing ning paskibra
wis mantun, akhire tugas sing tekan osis ana maneh, ketepakan aku sing dadi
sekretaris ning acara osis iku. Ing
sawijining dina, aku lan kak Hendy ditugasi maju proposal ning waka smaga.
Sawise aku maju proposal, kak Hendy ketemu kale mas Ata otomatis aku ya
ngancani mas Hendy. Mas Ata neng kunu malah ngajak aku ngobrol sampek akhire
mas Ata nyuwun nomer Hp. Wis ning kunu, aku, mas Ata lan Kak Hendy guyon terus
sampek wayahe muleh sekolah. Bengine mas
Ata ngehubungi aku, ning kunu aku lan mas Ata guyon guyon bareng sampai akhire
mas Ata ngungkapno rasa atine neng aku lewat WhatsApp, aku kaget uwong sing tak
senengi tekan Mopdb sampai sakmenika akhire ngungkapno perasaanane ning aku.
Tapi, aku ora iso nerimo apa sing dikarepake mas Ata. Akhire aku kale mas Ata
kancaan ndisik. Tiba
dina sabtu tanggal 22 iku aku latihan paskibra ning sekolahku, aku ora ngerti
yen mas Ata ngenteni aku ning smaga. Pas aku lan kancaku muleh latihan paskibra
tibatiba aku dicegat mas Ata lan kancane ning gerbang smaga. “dek
dek mandeko” ucap Mas ata
“ana opo toh mas?” takonku “dhatengo nanti malem yo dek, aku lan arek arek tampil band ning café iku” “oke mas” jawabku akhire aku mantuk kale kancaku, aku sampek omah langsung iyam lan siap siap metu ning café sing di janjiake kale mas Ata. Aku ora budhal dewe, aku dijemput kancaku. Sampai ning café iku aku langsung lungguh kale kanca-kancane mas Ata lan kanca-kancaku. Ning kunu Mas Ata sampun main, sakwise tampil mas Ata langsung moro ning aku.
“dek mrinio lungguuh ning kene ae” ajak mas Ata karo gandeng tanganku ngaleh.
“hmm oke wis mas” balesku sing gak ngerti opo-opo” ning kunu aku diajak Mas Ata lungguh wong kale ae, ning kunu kancane mas Ata nyanyi lagu “A thousand years” lan iku kancane nyebutake jare kanggo aku, aku spontan langsung kaget lah mikir maksude kabeh iki opo. Akhire mas ata njelasake ning kunu, lan mas ata ngungkapake perasaane ning aku sing kedua kaline, aku langsung ngomong ning mas Ata yen aku iyo duwe perasaan sing padha . kanca-kanca sing ning kunu iyo padha ngerti kabeh, aku lan mas ata sampek sakmenika pacaran. Kabeh sing tak alami iki pasti ana hikmahe dewed ewe, yaiku apa sing kedadean sakmenika durung mesti elek kanggo kedepane.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar