Senin, 19 September 2016

RICHO FEDHIA S / 30
PERJALANAN HIDUP

Aku lahir ndek jombang tanggal 16 februari 1999 aku lahir ndek keluarga seng iso dianggep kurang mampu, aku duwe dulur 5 lanang kabeh utowo iso disebut pandhawa 5, Ayahku kerjoane tambal ban lan ibu kerjoane mung dodolan pakanan kewan. Aku biyen sekolah tk ndek cidek omah yaiku tk pertiwi, pas tk aku tau juara bal balan tingkat kabupaten, terus aku ngelanjutne sekolah ndek SDN Ploso, biyen pas kelas 1 sampek kelas 3 aku tau diseneni guruku gara gara tulisanku seng kayak cekeremes tapi aku biyen ya terkenal pinter e pas SD mesti rangking 5 besar terus pas kelas 6 alhamdulillah danemku apik 26,65 lah aku pingin mlebu RSBI smp 2 jombang tapi aku ndelok kondisi ekonomi keluarga gak mencukupi, aku takon nang ibuk “ Buk aku tak sekolah nang Smp 2 jombang yo buk” ibu Cuma jawab “ ojo nak, ojo adoh adoh seng cidek cidek bae”, akhir e aku aku dikokon sekolah nang SMP 1 Tembelang, pas pertama budal sekolah aku diterne ayahku numpak sepeda, ndue kenalan konco nyar, tapi sak terus e aku numpak len sak ben budal sekolah, pas kls 3 smp kajenge UN, aku ditinggal karo wong seng biasane motivasi aku lan gelem ngerungokne curhatanku pas aku lagi down down e yaiku Ayahku, ayahku jarene dokter kenek penyakit dalam, ayahku dimakamne nang lingkungan pondok pesantren Shidiqiyah. Akhir e yo nilai UNku yo jeblok, nang sekolah jombang aku gak onok seng ketrimo akhir e aku dikokon ibuku sekolah nang mojokerto. Pas aku isek kelas 1 SMA aku urip mung karo ibu nang omah ploso, masku seng nomer 1 lan nomer 2 kerjo nang Jakarta, seng no 3 kerjo ndek jawa tengah, masku seng no 4 isek kuliah nang Surabaya. Pas tanggal 29 ulan 11 2014aku ditinggal wong seng tau bimbing lan ngajari urip seng apik, seng nasehati aku, seng nyeneni aku pas aku ndablek, wanita tangguh yaiku ibuku, ibuku meninggal e nang Jakarta nang omah e masku seng no 2, tapi dikubur e nang ploso nang lingkungan pondok pesantren shidiqiyah dijejerne karo ayahku, pas ibuku gaonok rasane wes pengen gak sekolah ae, nang pikiranku “gae opo sekolah lek wes gandue wong tuo” tapi mas masku nasehati aku kabeh “ masio wong tuo e awakdewe wes gaonok tpi beliau isek iso ndelok awakdwe tpi awadwe seng gaiso ndelok beliau”. Jarene dokter e ibuku kenek penyakit dalam yaiku Kanker darah. Akhir e aku kelas 1 semester 2 dipindahne karo mas nang SMA 3 Jombang. Nang sma 3 aku ya isek down down e, aku wes kayak aras arasen sinau, tapi akeh koncoku seng gelem ngehibur aku gelem bangkitne semangatku, aku ket ciik ya ndue cita cita pengen dadi dokter, pas ayah meninggal kenek penyakit dalam aku tambah semangat pngen dadi dokter trus ibuku barang ya kenenk penyakit dalam ya aku malah semangat maneh, pengen ngerti kenek opose penyakit e wong tuoku iki, meskipun aku ya sedih wes gaiso bahagiane wong tuoku, gaiso lunggo kaji bareng bareng karo wong tuoku.

Sepunten e lek wonten kata kata seng nyelekit ten ati panjenengan sedoyo, ngapuntene seng katah :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar