Senin, 19 September 2016

AISIYAH JULIANTI NINGRUM  / 02

Plesiran ing Pacet
Panase awan iki kroso banget, nyengat ing kulitku. Hawa kang kaya ngene iki cocok gawe dolanan banyu. Dino iki aku lan konco-konco janjian arep ngerjakno tugas kelompok babagan drama tradisional. Janjian ngumpul ing ngarepe sekolahan, nanging salah sijine koncoku kang wes janji malah ora katon irunge babar pisan. Aku lan konco-konco ngenteni sue nanging ora ono kabar blas saka salah sijine koncoku kang ndueni jeneng Anni.  Aku lan koncoku seng wes sui ngenteni kejengkelen.
Sakwise kesuen olehku ngenteni salah sijine koncoku seng jenenge Udin malah  ngajak aku, Mirta, Iren lan Bagus dolan menyang air terjun. Nerusno karepanku seng kepingin dolanan banyu ing hawa panas iki.   Nanging Iren pengen dolan menyang omahe Lestari ing Ngoro, Bagus lan Mirta pengen ing Omah Kayu. Akhire kabeh rembugan enak e dolan nang ndi, sakwise rembugan akhire aku lan konco-konco mutusake badhe dolan menyang air terjun ing Pacet. Wektu iku wes jam 10 awan, aku lan konco-konco nekad budhal numpak sepeda motor. Udin goncengan karo Mirta, aku goncengan karo Iren, lan bagus dhewekan. Suwine perjalanan ora nggawe aku lan konco-konco pegel, nanging malah nggae aku seneng amarga nang dalan guyon wae. Masio guyon wae nanging tetep kudu matuhi rambu lalu lintas. Perjalanan kang dak tembuh ambek konco-konco 1 jam. Panase srengenge ora nurunke semangatku lan konco-konco. Dalanan kang daklewati manggak-menggok akeh tikungan kang lumayan curam. Iren dak kongkon ati-ati olehe numpak sepeda. 
Akhire sekitar jam 11 awan aku lan konco-konco sampek teko air terjun, sepeda e dak parkirno. Saka parkiran nang air terjun jarak e lumayan adoh lan kudu ngelewati ondho-ondho cilik sing mudhun curam. Aku lan konco-konco nganthi kepegelen nanging Udin ngajak guyon wae dadine rasa pegel ikumang wes ora kroso maneh. Aku, Iren, lan Mirta ngajak leren sediluk ing ndisore wit-witan kang iyup lan angine seng semilir nggarai ati dadi ayem lan bersemangat maneh. Sak dalan-dalan menuju air terjun aku lan konco-konco guyon terus. Ing tengah dalan nuju air terjun ono wong ngamen nyanyikno tembang jowo, aku nguwenei dhuwek marang wong ngamen ikumang.
Sakwise sekitar 15 menit mlaku teko parkiran nang air terjun sing nglewati ondho-ondho kang curam, aku lan konco-konco wes mulai krungu gemercik banyu  air terjun. Udin wes ora sabar pengen ndang teko ning air terjun. Nang njero ati aku yo mbatin yen aku yo ora sabar pengen ndang dolanan banyu ing air terjun kasebut. Akhire aku lan konco-konco nyampek ing air terjun. Aku seneng banget iso dolanan banyu ing kahanan kang panas banget iki. Gak lali aku lan konco-konco foto-foto ing kono. Kabeh katon seneng banget lan lego wes sampek ing air terjun. Aku lan konco-konco leren ing kono lumayan suwi, suara gemercik banyu lan semilir angin nenangno ati lan howo kang seger iso ngelalekno beban pikiran. Banyu kang adem nggawe aku lan konco-konco gak pengen moleh lan pengen suwe nang kono.

Jam wes nunjukake jam 1 awan, aku lan konco-konco sampek lali durung sholat dhuhur. Akhire aku lan konco-konco langsung balik nuju parkiran. Nanging ing tengah perjalanan menyang parkiran ono mushollah, akhire kabeh wudhu langsung sholat berjamaah ing musholla kang cilik lan rodok rusuh kasebut. Sawise sholat Iren ditelfon bapake dikongkon ndang moleh akhire aku lan konco-konco balik menyang Jombang. Sekitar jam 14.30 sampek nang Jombang. Wetengku rasane lesu banget amarga ket isuk durung sarapan, akhire aku ngajak konco-konco tuku mangan. Kate mangan ae leren engkel-engkelan karo konco-koncoku akhire diputusake mangan bakso ing sebelah omah e Udin. Bagus lagi apik atine, aku lan konco-konco dibayari mangan. Aku lan konco-konco seneng banget oleh mangan gratis. Wes mangan, weteng wes warek aku moleh ndisik karo Iren amarga Iren wes ditelfon bapak e. akhire sekitar jam 3 sore aku slamet sampek omah lan ora ana alangan sijipun. Pengalaman iki gak tak lalekno, iki pengalaman kang berkesan ing masa SMAkuJ .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar