ADINNIA
APRIANDINI / 01
Rara lan Roro
Rara lan Roro, bocah kang duweni paraupan sing padha nanging duweni
sikap sing bedo. Rara bocah sing meneng, apikan, rajin ibadah, ora tau ngomong
kasar. Bedo karo Roro, bocahe ora isa meneng, ora tau sholat, senengane ngomong
kasar. Rara lan Roro urip mung karo Ibune. Bapake wis suwi ora ana ing dunyo.
Saka iku Roro berubah dadi bocah sing nakal lan ora manut karo wong tuwone.
Isuk iki, Rara papasan karo Roro lan kanca-kancane ing gerbang
sekolah. Roro mung mlengos ngunu ae ing ngarepe Rara. Nguwasi sikape kembarane,
Rara mung ngelus dada ae lan dungo mugo-mugo kembarane iku mbalik maneh dadi
bocah sing apikan.
Pas istirahat, Rara eroh kembarane bully bocah liyo. Rara
wis ora isa ngempet maneh nguwasi kelakuane kembarane iku. Nanging wayah Rara
marani Roro, Rara yo melok dibully ora peduli iku dulure. Sakmarine puas
bully dulure lan bocah cupu iku, Roro lan kanca-kancane ngalih ninggalno
panggon iku mau. Rara ora tau dendam, nanging malah dungo ben kembarane cepet
insyaf.
Bel mulih sekolah wis muni nanging Rara ora langsung mulih. Deweke
mampir ning perpustakaan disek kanggo nyelang buku pelajaran gawe wayah mene.
Sakwise 20 menitan ning perpus, Rara diparani kanca kelase yen kembarane
kecelakaan lan saiki wis digowo menyang Rumah Sakit. Rara langsung ngabari
Ibune lan budal ning Rumah Sakit sing gawa Roro.
Sakteka e ing kono, Rara ngenteni dokter metu saka UGD. Ning kono
yo ana kanca-kancane Roro sing maeng bully deweke. Rara ora
mandek-mandek dungo ning Gusti Allah mugo-mugo kembarane selamet. Ora suwi,
doktere metu lan ngomong yen sikile Rara kudu diamputasi. Krungu iku, Rara
kaget lan nangis. Ora ngerti kudu piye. Akhire, ibune teka lan nyetujui yen
sikile anake diamputasi.
Sakmarine operasi iku mau, Roro sadar. Roro ngroso ana sing bedo
karo sikile. Roro kaget, muring-muring pas eroh sikile gak ana siji. Rara lan
Ibune ora tego eroh keadaane Roro sing saiki.
Bengine Roro wis rodok tenang. Roro mung meneng ae masio akeh
kanca-kancane sing nyambangi. Rara wis bola-bali ngejak omong Roro nanging ora
ditanggepi. Rodok suwi, akhire Roro nguwasi kembarane lan njaluk sepuro. Deweke
ugo yo njaluk sepuro ning ibune. Deweke sadar yen selama iki deweke akeh salah.
Sakmarine iku, Roro wis dadi bocah sing apik maneh kaya bien lan ora tau
tukaran karo kanca-kancane. Lan ugo saiki wis rajin jamaah karo kembarane lan
ibune.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar