Senin, 19 September 2016

Aldilla Rahmadini J / 03


Ing Njerone Ukuman
Gubrakkk.... suarane kursi jempalik amarga murkane bapake Adhi amarga tingkahe adhi sing kebat keliwat. “Dhi apa wong tuwomu iki isih kurang sayang karo awakmu! Kabeh sing ko pingini wes dituruti nanging kowe isih dadi bocah sing ndablek! Lha lapo opo awakmu pingin wong tuwomu mati enom? ” dhawuhe bapake Adhi. “Mboten pak adhi nyuwun sepura. Adhi janji gak bakal ngulangi maneh ” lungguh menyang ngarepe Bapake karo nangis ngguguk. “Saiki ingkesono barang-barangmu banjur kowe melu bapak menyang asrama. Bapak wes ndaftarno awakmu ng asrama ben awakmu nduwe unggah-ungguh marang wong sing luweh tuwo lan ora dolen karo konco sing tumindhake ala” banjur adhi mbantah “kenapa pak kudu sekolah asrama? konco-koncoku iku wong sing apik gak koyok sing di omongne bapak” . “Yen koncomu apik ora mungkin dheweke podo ngajak kowe mbolos. Yen kowe gak gelem angggepen bapak karo ibumu iki wes gak onok menyang dunyo iki ” tanggepane Adhi “Kulo manut bapak mawon. Kulo percaya kalian bapak yen niki iku keputusan paling apik kanggo Adhi. Adhi nggak kepingin dadi anak sing durhaka marang wong tuone”. Adhi banjur mangkat menyang kamar lan ngepacki barang-barang sing kape digowo menyang asrama. Adhi lan kelurgane banjur budhal menyang asrama.
Isuke Adhi sak keluarga tutuk asrama. Bapake Adhi banjur menyang kantor asrama. Adhi banjur mlaku-mlaku keliling asrama. Adhi banjur nabrak bocah lanang sing mlaku karo kanca-kancane. “Heh apa awakmu gk ndue mripat nek mlaku nganti nabrak aku ” omonge Adhi. “Oh awakmu iku murid anyar seng teko saka Jakarta iku ta? Pantesan gak nduwe tata krama” omonge bocah lanang iku mau. “Ancene arek gak njaluk sepuro malah muring-muring” omonge Adhi. “Ayo di tinggal ae arek sombong koyok ngunu ” gerombolan bocah mau ngaleh. Banjur Adhi mlaku-mlaku maneh. Bapake Adhi banjur telpon Adhi “Dhi bapak lan keluarga balik menyang jakarta ya le. Awakmu saiki kudu menyang kantor lan nemui gurumu yo le. Assalamualaikum ” Banjur telpone di tutup karo bapake. “Hmmm aku sakjane iki di ukum ta pie ? mosok aku di asingno nang panggonan sing mencil koyok ngene ” ngomong ambek mlaku. Adhi akhirre tutuk menyang kantor guru lan ketemu Pak Usim. “Le sampean jenenge Adhi ta? ” takoke menyang Adhi. “Nggeh pak asma kulo Adhi. Kula murid pindahan saking Jakarta” karo salim marang Pak Usim. “Yo wes le ayo melu bapak menyang kamar asramamu ” karo mlaku menyang gedhung asrama.
Sakwise tutuk asrama, Pak Usim menyang lantai 2 panggonan kamar sing bakal di panggoni Adhi. “Assalamualaikum. Said tolong bukaen lawange ana murid anyar sing saka Jakarta teka.” Banjur mbukak lawang “Walaikumsalam nggeh Pak Usim monggo mlebet ”. Adhi lan Pak Usim banjur mlebu “Dhi iki said konco sak asramamu yo Said iki enko yo konco sak kelasmu ”. “Hei jenengku said seneng ketemu awakmu ” ngajak salaman Adhi.Adhi nanggepi salamanne Said “Hei jenengku Adhi aku murid anyar nang sekolah iki seneng kenalan ambek awakmu ”. “Yo wes yo rek saiki aku tak balik menyang kantor guru ” Pak Usim metu saka . Said seneng amarga nduwe konco sakkamar. Nanging bedho karo Adhi amergo deweke pingin kamar dewean. Banjur said moco peraturan sing kudu ditaati karo Adhi selama dadi murid nang asrama iku. “Kok akeh peraturane? sing gak oleh ikilah seng gak oleh ikulah maksudte opo bahkan hp ae gak oleh ” keluhe adhi. “Aku bien yo gak seneng ambek peraturanne tapi saiki aku luweh kebiasa dan tak pikir-pikir manfaate yo akeh gawe aku” njawab keluhane Adhi. “Saiki ayo turu soalle mene iku dina pertama awakdewe budhal sekolah ” Jarene said terus munggah kasure. “Iyo-iyo” Jawabe Adhi.
Sesuke dino pertama Adhi sekolah menyang asrama. Deweke budhal bareng karo said banjur mlebu kelas lan lungguh jejere said. Pas bel sekolahhe muni lan kabeh murid wes nglumpuk banjur Pak Usim mlebu menyang kelas. “Arek-arek awakdewe ketekan konco soko Jakarta! Adhi tulung kenalno jenengmu ng ngarep.” Adhi maju menyang ngarep “Hai rek jenengku Adhi Dwi Hadiningrat aku biasane diceluk Adhi aku pindahan saka sekolah Jakarta. Aku njaluk bantuanne yo rek ” Konco kelase banjurtepuk tangan. “Yo wes rek saiki ayo dimulai pelajaranne” ngomonge Pak Usim. Pelajaran dimulai bocah-bocah podo tertib. Pas wayahe istirahat bocah-bocah podo ngantin. Said lan Adhi budhal nang kantin banjur ketemu arek sg ditabrak karo Adhi. “Bukanne awakmu iku sg tak tabrak wingi ya? ” Jarene Mas Alif. “Hmm iyo yo Lif ” jawabe Mas Burhan. “Awakmu wingi gorong njaluk sepuro karo aku? Ayo ndang njaluk sepuro!” OmongeAdhi. “Sorry ndah aku gak salah. Lapo aku njaluk sepuro karo awakmu ? hmm salahe dewe mlaku gak delok-delok dalan dadi yo nabrak! ” jawabe Mas Alif. “Wes ta dhi jarno ae iku anake donatur asrama iki kabeh wong wedi karo dheweke ojo neko-neko dhi!” omonge Said. “Tapi dee iku salah kudune dee iku yo njaluk sepuro emange dee iku malaikat gak duwe salah iyo! ” jawabe Adhi. “Hei arek Jakarta nek wani tak tantang lomba adzan nek mesjid mene yo ! ojo kabur ilingen mene ! ndangan awakmu nyerah hahahaha” ngomonge Mas Alif Ambek ngguyu. “Adzan alah kecil tak sanggupi tantanganmu Mas ” jawabe Adhi banjur bali menyang kelas amergo bel mlebu wes muni. 
Wayahe bengi Adhi mikir pie carane supaya menang soko Mas Alif. “He Dhi tak kandani yo yen Mas Alif iku tau menang lomba adzan tingkat indonesia. Gak onok seng iso ngalahno Dee makane timbang awakmu kalah mending nyerah ae!” omonge Said nang Adhi. “Hmm awakmu kok ngunu se id gak malah nduung aku malah nyiutno atiku prasamu aku gak tau melu lomba adzan ta ? aku yo tau menang masio mek tingkat kecamatan tok! ” Jawabe Adhi. “Yo wes emangat Adhi. ”  omonge Said menyang Adhi. “Tapi Id aku saiki mikir yen bener jare bapakku yen konco-koncoku nggowo pwngaruh buruk gae aku amergo aku lali karo Gusti Allah gara-gara mesti diajak dolen ra ileng wektu terus. Aku saiki ae lali Adzan ku pie!” keluhe adhi menyang Said. “Hahahaha ya Allah Dhi lha awakmu iku melok lomba adzan iku kapan mosok wes lali !” tanggepane Said. “Hmm Smp paling Id wes saiki ajarono aku adzan ae !” pinyuwunne Adhi. “Siap pak komandan ” jawabe Said. Akhire Adhi diuruki karo Said carane adzan seng bener. Sewengi full Adhi latian karo  Said. Sesuke Adhi karo Said kawanen budhal sekolah. Banjur diukum karo Pak Usim. “Lapo le kok podo kawanen klambimu gorong gering ta? ” omonge Pak Usim. “Mboten Pak kulo latian adzan ben menang lomba kalih sai dumadine kulo mboten tilem eh malah kturon banjur kawanen ” Jawabe Adhi. “Saiki kowe podho tak ukum ngadeg nang ndisore cagake gendero sampek istirahat” Utuse Pak Usim.
Said lan Adhi banjur ngadeg ing ndisore gendero. Mara-mara Mas Alif karo Mas Burhan lewat. “Oh ngene ta rivalku engko bengi gawe lomba adzan” Omonge Mas Alif. Adhi mung meneng ae amerga gak pengen ukumanne di tambah mung gara-gara Mas Alif. “Wes Lif ayo ngaleh timbang nunggoki arek loro seng diukum terus nek melu diukum pie? Ayo wes ngaleh” Omong Mas Burhan. “Ayo ambekan deweke jek onok perlu ambek Bu Puspa”  omonge Mas Alif banjur nyingkreh soko panggonane. Jam istirahat teko banjur Said lan Adhi budhal menyang kantin tumbas maem lan minum. “Mari diukum aku dadi lesu karo ngelak ” omonge Adhi. “Hmm nek gak gara-gara lomba adzan sing kok eloki awakdewe gk telat” keluhe Said. “Hmm awakmu gk ikhlas ta ngewangi aku!” omonge Adhi. “Duduk ngunu maksudku tapi..... weslah Dhi aku mwesti ndukung awakmu semangat koncoku  oke !! Saiki aku traktiren ya aku yo lesu ” Jawabane Said. Banjur wong loro iku mau balik menyang kelas sak marine mangan nang kantin.
Bengine lomba adzan dimulai antarane Adhi lan Mas Alif. Karo-karone wes kumpul menyang mesjid asrama. Akeh wong sing kumpul pingin eroh lomba antara Mas Alif karo Adhi. Sing dadi peserta pertama yaiku Mas Alif. Mas Alif adzan nggawe suara sing merdu.lan nrenyuhake atine saben wong sing ngrungokake. Saiki wayahe Adhi adzan. Said melok grogi amergo wedi Adhi kliru. Nanging kabeh malah kagum ngrungokno suaranane Adhi seng luweh Endah tinimbang suarane Mas Alif. Kabeh melu seneng lan bangga karo Adhi. Said sing awale grogi saiki percoyo karo koncone. Mas Alif pun kaget amergo krungu suarane Adhi sing endah. Lan sadar yen neng nduwure deweke isih ono sing luweh apik. Sak marine Adhi adzan, Adhi takon menyang Said “Id pie suaraku mau aku mau wes nglakoni sing apik se gak salah se? ” . “Gak dhi iku mau sempurna. Adem rasane atiku Dhi” Said ambek nyalami Adhi. Bar ngunu Pak Usim seng teko menyang kunu ngumumno yen Adhi dadi juarane. “Selamet yo Dhi aku gak nyongko arek kota koyok awakmu iso adzan sing enak koyok ngunu. ” omonge mas Alif ambek ngajak salaman Adhi. “Suwun Mas asline nek aku gak pean tantang paling aku yo gakiso ngene. Jujur ya mas selama aku nang Jakarta pas SMA aku dadi ndablek mas adoh saka gusti Allah. Gara-gara ean tantang saiki aku dadi balik menyang dalan sing bener. Suwun Mas!” Jawabane Adhi karo salaman ambek Mas Alif. “Pie saiki awakdewe koncoan ta pie? ” omonge Mas Alif. “Hmm pie yo ? piye Id?” takon marang Said. “Iyo ngunu Dhi. ” omonge Said. Moro-moro Mas Burhan “Selamet yo Dhi!”. “Suwun Mas aku gelem dadi kancane pean” jawabane Adhi. Akhire Adhi nduwe kanca maneh lianne Said. Lan Adhi ngrasa yen ukuman sing dialami iku duduk ukuman nanging hadiah gawe deweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar