CITRA LIZA T / 29
SEKOLAHKU SEMANGATKU
Ing sawijining dina, Dion bocah kang pinter, sopan lan asor kuwi lagi
ngelamun ing ngisore wit kapuk pinggir sawahe pak lurah. Wajahe sumelang kaya
ana masalah sing dipikir. Nalika Pak Lurah lagi ndeleng tebune ing sawah Pak
Lurah kaget ngerti Dion lang ngomong “Loh nak Dion, kenopo to kok tak sawang
kaya mikir abot ngunu?” banjur Dion njawab “Oh Pak Lurah, mboten ana napa-napa
kok Pak” jawabe Dion karo mesem. Pak Lurah ngendikan yen ono masalah kuwi ojo
disimpen dewe, amarga iso marai setres. Dion ugi nywang Pak Lurah karo mesem
“Ibu kula mboten saged nyekolahaken kula malih Pak” jawabe Dion. “Loh la kenopo
to nak?” Pak Lurah kaget. Dion njawab amek kudu nangis “Ibu kula mboten sanggup
malih mbayar biayanipun kangge sekolah kula Pak.” Pak Lurah banjur nenangake
atine Dion lan janji yen PakLurah wis panen tebu bakal mbantu Dion lan ibune,
banjur Dion diterake mulih karo Pak Lurah.
Dion kuwi bocah sing sregep. Karo ibune yo manut. Pancen sapaninggale
Bapake Dion lan ibune urip serba kakurangan, ibune ora bisa kerja abot amarga
duwe lara sesek. Gawe nyambung urip Dion dodolan es muter-muter desane. Bengine
deweke sinau lan mbantu ibune nyepakake dagangan. Isuk e sawise sembayang subuh
Dion nyepakake buku-buku lan sarapan. “Dion, ayo cepet sarapan!” ibu ngutus
Dion. “inggih bu” jawabe Dion. Wektu Dion sarapan ibune ngendikan “Le, ibu
ketone wis gak sanggup mbayar biayamu sekolah meneh le” ngendikane ibu karo
sedih. Dion mesem karo nguasi ibune “Boten napa-napa bu, kula usahaake saged
sekolah tanpa biaya sing katah”. “sakkarepmu le, ibu bakal ndukung sampeyan
sampek sukses” omonge ibu kao ngelus sirahe Dion. Sawise sarapan Dion pamitan
karo ibune banjur budal menyang sekolah. Ing sekolah Dion aktif takon-takon lan
njawabi pertanyaan tekan guru-gurune. Kancane ya akeh sing ngajak sinau baren
Dion.
Wektu istirahat gak sengaja Dion maca pengumuman yen iso oleh peringkat
paralel deweke oleh reward gratis SPP setaun. Akhire Dion dadi luwih semangat
maneh olehe sinau. Saben mulih sekolah Dion mesti nang perpustakaan gawe sinau,
nggarap tugas utawa nyilih buku kanggo sekolah. Sawise tekan kunu deweke banjur
ngedolne dagangane muter-muter desone sampek dagangane entek. Tekan omah Dion
sinau meneh, ibune seneng nyawang Dion semangat gawe sekolah. “Le sampeyan saka
mau kok durung mangan ta? Wis dicepakake karo ibu kawit mau lho”. “Inggih bu,
kula tasik mgerjakaken tugas” jawabe Dion karo maca bukune. Akhire ibune melebu
kamare lan ndulang Dion supaya gak lali mangan.
Senen mene iku wis ulangan kenaikan kelas, Dion atine wis nderedeg amarga
deweke durung ngelunasi SPP lan sak sembarange. Tne Dion wis gak kepenak sampek
kegawa mulih. Pas deweke mlaku mulih lewat sawah deweke ketemu Pak Lurah maneh
“Dion!” pak Lurah nyeluk Dion. “Wonten napa Pak Lurah ?” jawabe Dion. “Ikilo
aku kate menehi dhuwit awakmu kanggo mbayar sekola” pak Lurah banjuh menehi
dhuwiy marang Dion. “Maturnuwun Pak Lurah sampun mbantu kula lan ibu.
Maturnuwun sanget Pak” jawabe Dion karo salim. “Iya nak, digawe sing temenan yo
dhuwite” ngendikane Pak Lurah marang Dion. Sawise iku Dion langsung mulih,
atine seneng banget. Tekan omah Dion sinau mempeng gae nyiapake ujiane. Deweke
sinau lan ndungo marang Gusti Allah gawe ujiane iku. Senen isuk Dion pamitan
lan njaluk dunga marang ibune supaya isa ngerjakake ujian kuwi “Buk, kula nuwun
dunganipun nggeh” jare Don karo salim marang ibune. “Iyo le, ibu mesti ndunga
supaya kowe oleh hasil sing apik” jawabe ibu.
Sawise seminggu mari ujian, pas rapotan ibune Dion kaget banget amarga Dion
bijine palin apik sak sekolah. Ibune seneng banget. Akhire Dioan isa mujudake
kapinginane gawe nerusake sekolahe tanpa biaya sing ngaboti ibune. Iku mau
sekilas critane Dion sing kapingin isa sekolah terus. Yen awakdewe duwek
kapinginan sing kuat kudu diimbangi karo dunga lan usaha sing temenan. Lan aja
lali manut kkaro wong tuwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar