Senin, 19 September 2016

Eka Diah N.S/ 08

Dessy Kwek-Kwek

                Dadi murid anyar kuwi dudu pengalaman pertama kanggo Dessy puspita sari. Dheweke isih kelas 5 SD, tapi wes pindah sekolah nganti ping telu. Bapak e Dessy kuwi TNI AD sing sering pindah tugas, mulane Dessy yo kudu melok bapak e lan pindah sekolah ing daerah bapake tugas. Dessy lan keluargane wes ngalami boyongan ing pirang-pirang daerah. Dheweke tau boyongan ing luar kota, nganti luar provinsi.
                Saiki Dessy kudu dadi murid anyar maneh ing SDN 5 Madiun. Wes 2 ulan dheweke sekolah nang kunu, tapi isih ora iso lali marang SDN Tunas harapan (sekolah e dessy 2 tahun terakhir). Dessy sering nguwasna bangku kosong ing sebelahe, ing sekolahe sing biyen ana Rika, konco sak bangkune Dessy sing lucu lan pinter nggambar. Biasane Rika nggambar tokoh-tokoh kartun ing jam istirahat banjur diwarnai bareng.
                Ing sekolahe saiki, konco-konco anyare seneng nguwehi julukan kanggo celuk-celukane sak padha-padha. Misale Benny “Bal Bunder” amarga awake lemu, Nia “keriting” amarga rambut e kriwul kayak mie, Siti “kepang” amarga rambut e dowo lan mesti dikepang loro, lsp. Julukan-julukan kuwi di pelopori karo Sari, Rina, lan Novi. Wong telu iku nduwe julukan “Trio Ceriwis”. Dessy yo duwe julukan, yaiku Dessy “kwek-kwek”.
                Julukan Dessy “Kwek-kwek” muncul amarga kebiasaan Dessy sing ngeterno ndog asin ing kantin sekolah. Ibu e Dessy duwe usaha ndog asin sing untunge bakal di tabung kanggo biaya Dessy melbu SMP lan melbu TK adik e Dessy sing jeneng e Dian. Masiyo usaha kuwi isih mlaku 2 ulan, nanging ndog asin gawenan e ibu e Dessy wes di gandrungi wong akeh lan ituk pesenan teko endi-endi, termasuk teko kantin sekolah e Dessy.
                Awale Dessy seneng ngewangi ibu e ngeterno ndog asin ing kantin sekolahe. Nanging akhir-akhir iki dheweke mulai males. Pas ibu e nepakno ndog asin gawe kantin sekolahe Dessy, Dessy ketok aras-arasen banget.
“nduk, kok sarapane gak di maem? Iki we skate setengah 7 engko lek keri sekolahe yok opo?”weling ibu e. Dessy mung nguwasno sego kuning sing isih utuh ing nduwur mejo.
“ana apa nduk? Kudu gak enak awak ta?” takon ibu e karo ngelus rambut e Dessy. Nanging Dessy ora njawab,dheweke mung godek.
 “kenek opo kok gak gelem sarapan? Mblenger maem sego kuning? Ibu gorengno ndog karo nugget ta?” takon ibu e sing wes kate menyang pawon nanging ora sido amarga Dessy godeg maneh.
“mboten bu, kula mung males sekolah” jawab Dessy alon.
Jawaban kuwi nggarai ibu e Dessy kaget, banjur ibu e lungguh ing sebelahe Dessy lan ngelus tangan anak wedok e kuwi.
“males sekolah? Kenek opo toh nduk? Apa kanca-kanca nyar pada nakal?”
“kanca ku podo usil bu. Senengane nguwehi julukan sing aneh-aneh”
“terus sampeyan yo di wehi julukan?” takon ibu e banjur Dessy manthuk
“enggeh, terutama Rina, Sari lan Novi. Gara-gara wong telu iku  seminggu iki kanca sak kelas pada nyeluk kula Dessy Kwek-Kwek”
“amarga mben isuk sampeyan ngeterno ndog asin menyang kantin sekolah kan?” takon ibu e kanggo mastekno. “Dessy isin?”
“lek ngeterna ndok asin Dessy gak isin bu. Kan untung e yo digawe Dessy melbu SMP. Masalah e iku Dessy kan sering mlayu-mlayu amarga wedi keri sekolah. Opo maneh yen dina Senin pas kate upacara, dina Rabu pas kate piket kelas, utawa pas dina Sabtu pas kate jam olahraga. Kanca-kancaku mesti ngetuti nang mburi karo megal-megol lan ngomong “kwek-kwek, kwek-kwek” terus-terusan, kan dessy dadi kesel bu” jawab Dessy karo mecucu
Ibu e Dessy mung mesem. Dheweke ngerangkul Dessy banjur mulai cerita.
“Eyang buyutmu, Eyang Prasojo kuwi anak ragil saka 7 duluran. Dheweke lair premature, 7 ulan. Ket cilik sering loro-loroen lan kurang gizi amarga pangan angel pas jaman perang. Pas wes joko, buyutmu pancen ora loro-loroen maneh, nanging awake pancet cilik lan kulit e paling ireng. Akhire buyutmu di celuk “cindil ireng” karo kanca-kancane”
“terus, opo eyang buyut mboten muring-muring bu?” takon Dessy penasaran
Ibu e Dessy mung mesem maneh, banjur ngelanjutna cerita e
“ing sawijining dina, tentara Indonesia kasil ituk denah markas Belanda. Pas iko dibutuhno 1 wong sing kudu melbu lan nge bom gudang senjata Belanda, nanging ora ono sing wani lan cocok gawe tugas kuwi. Masiyo dudu tentara, eyang mu ngajukno gawe tugas kuwi. Amarga awak e sing cilik lan kulit e sing ireng, pas subuh dheweke kasil melbu markas Belanda lewat got lan nge bom gudang senjata e Belanda sing nyebabake Belanda kalah”
Dessy ora ngomong apa-apa, dheweke kagum marang apa kang dilakoni eyang buyut e kanggo kemerdekaan Indonesia.
“mula saka iku, kabeh wong pada gandrug marang Eyang Prasojo, eyang mu pancen dudu tentara nanging keberanian lan pengorbanan e kanggo Indonesia gak kalah gede karo tentara. Dheweke pancet diceluk “cindil ireng”, tapi dudu gawe lok-lokan nanging gawe tanda hormat lan penghargaan”
                Dessy meneng wae, lan nyoba ngerteni makna saka cerita iku. Banjur ibu e nambahake
“Sampeyan kudu belajar saka kisah e Eyang Prasojo. Sampeyan kudu ndelok julukan Dessy “kwek-kwek” kuwi teko sisi liyane, coba dadi na julukan kuwi dadi semangat sing ndukung prestasimu”
“Saiki Dessy pun ngerti apa sing kudu daklakoni bu! Pundi keranjang ndog asin e? Dessy ajenge budhal sekolah!” jawab Dessy karo semangat
“Wes ora usah disik, ben ibu ae sing ngeterna pesenan iki. Saiki sampeyan wes kate telat, iku sego kuning e digawa sekolah ae ben gak kawanaen” pesen ibu e
                Sakwise ngerungokake cerita saka ibu e, Dessy langsung budhal sekolah. Kaya biasane, sakwise melbu gerbang sekolah Dessy mulai mlayu-mlayu menyang kelas karo semangat anyar. Rong minggu sakwise, semangat e Dessy isih podo. sampe ibu e heran.
“apa kanca-kancamu isih nguwhi julukan-julukan nduk?” takon ibu e
“nggeh tasik bu, tapi Dessy cuek mawon. Niku wau Bu Dewi, wali kelas Dessy negur Novi amarga pas pelajaran IPS dheweke ngelokno Dessy rodok nemen. Tapi Dessy mboten nopo-nopo kok bu!” jawab Dessy ngeyakin o ibu e.
                Sabtu awan, Dessy mulih saka sekolah. Dheweke melbu menyang pawon karo nggowo piala. Isih nggawe seragam, ambekan e Dessy menggos-menggos amarga mari mlayu-mlayu.
“sugeng siang bu! Niki wonten oleh-oleh damel ibu!” seru Dessy seneng karo nguwehno piala e menyang ibu e supaya bisa didelok luwih jelas.
Ibu e sing lagi masak, langsung mandek lan maca plat ing piala kuwi.
“juara siji lomba mlayu antar SD sak Madiun pra porseni! Ya Allah, Dessy! Ibu gak nyongko. Selamat yo nduk” banjur ibu e ngerangkul Dessy
“minggu wingi kula di test mlayu karo guru olahraga ing sekolah, amarga kebiasaan mlayu-mlayu pas ngeteraken ndog asin, Dessy dadi kuat mlayu. Dessy malah iso ngalahna arek kelas VI. Dina iki Dessy melu lomba mlayu ngewakili sekolah lan dadi juara 1”  jarene Dessy
“ibu bangga banget karo Dessy!” rangkul ibu e karo perasaan haru
“kaya Eyang Prasojo, Dessy moh muring-muring yen di celuk “Dessy kwek-kwek”. Gara-gara julukan iku, Dessy dadi semangat golek prestasi. Maeng Sari, Rani lan Novi malah sorak-sorak paling banter, “Hidup Dessy kwek-kwek”, pas ngerti yen Dessy nggowo piala. Terus sari ngomong yen dina sening mulih sekolah bakal nraktir Dessy Fried Chicken!”
“oh Dessy!” rangkul ibu e maneh amarga haru marang sikap anak mbarep e.
                Dian, adik e Dessy sing jek cilik moro-moro teko ing tengah rangkulane Dessy lan ibu e. dheweke ketok heran lan penasaran karo opo sing diomongno ibu karo mbakyu ne
“Dessy kwek-kwek iku sopo se? apa dheweke kancane Donald bebek?” takon Dian

Dessy lan ibu e mung saling nguwasi banjur ngguyu bebarengan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar