WANODYA KARCHANNA R / 26
KEKONCOAN
Jenengku Wanodya, salah siji murid ing SMAN 3
JOMBANG. Ket kelas siji, aku kepengen melbu nang organisasi siswa intra sekolah
utawa disingkat OSIS. Akhire alhamdulillah sakmarine ngelok i tes kabeh, aku
kalian kanca kan aku arek 29 lolos tes. Kelas siji, aku lan kanca kanca isih
belajar ngerteni kepriye carane nggarap acara sing ana ing sekolah, kepriye
carane nggawe acara sing sukses nang sekolah, lan lia-liane.
Waktu muter terus, akhire aku munggah kelas loro.
Munggah kelas, aku lan kanca kancaku ya munggah jabatan lan nambah tugas nang
OSIS. Sing asale apa apa biyen direwangi mbak mas seniorku, saiki aku lan kanca
kanca ku sing dadi senior lan kudu ngewenehi contoh sing apik matang adhik
adhik kelas sing bakale dadi pengurus OSIS. Sing asale jumlah e 30, aku lan
kanca kancaku kudu kepisah dadi karen 16 arek. Sedih banget sing asale biyen bareng
bareng setaun, tekan gak isok dadi isok, tekan gak ngerti sampek ngerti, apa
apa ya bareng, diseneni bareng, guyon bareng lan akeh maneh.
Arek 16 iki mau ana Aku, Trisya, Yunanda, Dena,
Yuyun, Abel, Anika, Atik, Iqbal, Andika, Friday, Pendik, Rami, Nazar, Taufiq,
lan Yuda. Awal awal dadi senior rasane uabot apa maneh belajar ngandani adhik
adhik lan ngajari. Tapi gara gara organisasi iki lan tugas tugas e aku nemu
sing jenenge kanca temenan malah luwih lan saiki wis tak anggep dulur. Yo iki
arek 15 kanca seperjuangan, kanca susah, seneng, sedih. Apa wae kondisiku kabeh
ndukung aku ngewenehi solusi lan sakwalike nek enek kanca liane kayak ngunu
kabeh yo bakal bantu.
Sampek pas awakdewe kabeh nang puncak bosen, bingung
apa sing kudu dilakoni. Akhire dipikir alon alon lan bareng bareng kepriyale
carane ben awakdewe tetep raket masuk kudu tukaran tukaran ndisik tapi kudu
ngehasilno keputusan sing apik gawe kabeh wong 16 iki.
Rong taun bareng rasane seduiluk, padahal yo mben
dino ketemu. Haha lucu ancen. Jarene wong wong sing ndelok, “ati ati lo yo,
arek 16 koncoan lanang wedok mengko salah siji enek sing podo seneng e” tapi
aku lan kanca ku gak enek sing nggatek, iku wis gak penting gawe awakdewe. Sing
penting awakdewe rukun, apik apik ae, seneng terus lan mugo mugo sukses sak
terus e. Aamin aamin ya robbalalamin.
Akhire waktu iku yo cepet banget muter, padahal
rasane kaet wingi kenal arek arek iku kok yo sakki wes munggah kelas 3,
maringene wes ape pisah, ape ngelanjutno sekolah e dewe dewe. Maringene wes bakal
jarang ketemu, bakal angel ketemu lan geguyonan bareng. Tapi tugas e awakdewe
dari anak iku kudu nyenengno wong tuwo. Gelem gak gelem awakdewe kabeh kudu
pisah mben lan ngelanjutno sekolah e dewe dewe. Pesenku mung sini rek, mugo
mugo masuk awakdewe pisah adoh lan suwi kekancanan e awakdewe gak bakal ilang.
Ojo ngelalikno kanca kancamu, dulurmu iki. Masuk adoh iling o nek awakmu kabeh
susah kabeh yo bakal ngerasakno susah lan awakdewe kabeh siap ngerewangi. Ojo
wedi rek.
Semangat rek, mugo mugo cita citamu kabeh kelakon,
mugo mugo opo sing ok karepno dikabulno matang Gusti Allah, ojo ngelalikno
kanca kancamu iki, sukses kabeh sukses terus. Mben ketemu inshaaAllah wes podo
sukses wes podo seneng wes podo isok nggarai wong tuwane dewe dewe bangga.
Sukses terus kanca kan aku. Sukses terus dulur
dulurku. Aku sayang awakmu kabeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar