Senin, 19 September 2016

Ridho Imamuddin/ 20


Ulang Taun Paleng Nglarani
Jenengku Rendy Pratama. Biasa diceluk Rendy . Aku seneng marang konco sekelasku sing jeneng e Rena. Arek e biasa diceluk Rena. Arek e ayu tur meneng. Aku wis cedak marang dheweke ket ulan wingi. Aku mesti sms an karo dheweke. Suwi-suwi Aku ana rasa marang dheweke
Dino iku tepak dino ulang taun e Rena, Aku duwe niatan ngekeki surprise marang dheweke. Nanging Aku ora ana dhuwit. Aku bingung kate nglakokno opo. Aku pengen dheweke iso seneng marang Aku amarga tak wenehi hadiah sing istimewa ing urip e. nanging Aku bingung Aku ora ana dhuwit gawe ngado. Kate njaluk marang wong tuwo, nanging Aku yo sungkan. Sak umpomo diwenehi, Aku yo bingung kate njawab arep tak gawe opo dhuwit iku mau. Akhir e Aku ngewanekno awak gawe sms e de e. Aku sms koyo mangene : “Happy Birthday Rena, ing ulang taun iki mugo diparingi keselametan, diparingi panjang umur, tambah ayu ae yo, sepurane Aku ora iso menehi opo-opo. Nanging doa ku mesti gawe kowe. Pokok tambah sing apik-apik ae yo”
Mari Aku sms kaya ngunu, hp ku langsung muni. Aku mikir iki jelas tekok dheweke. Hp langsung tak buka. Tibakne temen ,ana sms tekok Renansing isine “ iyo Aku matur suwun sing akeh. Aku seneng banget kowe ileng karo ulang taunku. Ing ulang taunku sing ke-16 iki Aku pengen metu karo kowe. Ayo muter-muter karo ngolek mangan. Aku pengen nraktir kowe”.  Oleh sms kaya ngunu kuwi Aku langsung adus, ganti klambi lan nyetater sepedha. Aku yo pengen dino iki iso bareng-bareng karo Rena terus. Aku langsung budhal nyusul dheweke.
Pas Aku wes tekok ngarep omah e. dadakno Rena wes siap-siap. Dino iki Aku ngroso Rena ketok ayu banget. Aku lan dheweke langsung budal muter-muter. Aku lan dheweke muter-muter keliling jombang. Pegel muter-muter Aku lan dheweke ngolek mangan ing daerah Jogoroto. Mari golek mangan, aku di ajak Rena dolen menyang omah e koncone seng jeneng e Lisa. Ing kono aku, Rena lan Lisa tenguk-tenguk ing ngarep teras omah e Lisa.

Moro-moro sore iku mendung enek arek lanang teka marani rena. Dheweke ngekeki rena roti ulang taun . arek loro iku mau melbu ing njero omah e lisa. Aku karo lisa ana ing ngarep teras, aku langsung takok marang lisa “ arek lanang iku sopo?” lisa njawab’’arek lanang iku pacare rena. Jeneng e rama”.  Mari dikandani lisa koyo ngunu kuwi aku kaget. Iku kado ulang taun sing menurutku paling nglarani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar