VARMELIA PUTRI INDRIANA / 25
“KANCA”
Ing teras omah, semilir angin lewat ngenani godong ing
wit-witan. Dahlia lungguh kursi ing teras. Ora ngerti kena apa Dahlia iling
marang bocah iku, bocah kang wis dadi kancaku kawit aku cilik. Bocah kang
mesthi njaga aku nalika Dahlia kena masalah, nalika Dahlia susah. Bocah kuwi
mesthi ana kanggo Dahlia. Bocah kuwi yaiku Galang. Dahlia lan Galang kuwi
sahabatan kawit Dahlia lan Galang isih pada cilik. Dahlia manggon ing omahe Pak
Alfan, yaiku bapake Galang. Dahlia bisa manggon ing omahe Pak Alfan amarga
Dahlia diajak Pak Alfan kanggo manggon ing omahe. Wektu iku aku dititipake ing
Pak Alfan dening bapak lan ibune Dahlia amarga bapak lan ibune arep menyang
kampunge. Bapak lan ibu menyang kampung merga simbahe gerah. Tapi ing
perjalanan bapak lan ibune kecelakaan lan langsung seda. Dahlia bingung arep
tinggal ana ngendi, tapi Pak Alfan ngongkon Dahlia tinggal ing omahe.
Ning omah iku Dahlia ketemu karo Galang. Galang kuwi bocah
sing ora gelem ngalah. Yen dheweke dulinan mesthi dheweke kudu menang ora gelem
yen kalah. "Galang, aku menang. Aku iso ngalahno kowe", ucapku.
"Aku ora kalah, iku mau kowe ae sing bejo. Ayo tanding maneh karo
aku", jawabe. "Aku wis pegel ora usah tanding maneh ayo mulih wae.
Engko bapak nesu", ajake Dahlia. "Aku emoh, aku isih pingin tanding
karo kowe". "Tapi iki wis sore Galang, ayo mulih wae". "Tapi
Dahlia...." " Wis ta ayo muleh, Lang". Tangane Galang langsung
digandeng lan diajak mulih karo Dahlia.
Pas sampek tekan omah Ibu wis ana ing ngarep omah karo
mondar-mandir. "Assalamualaikum", ucape Dahlia lan Galang.
"Walaikumsalam, tekan ngendi ae kowe le? Apa kowe ora ngerti yen ibu
kuwatir". "Nggih bu. Aku karo Dahlia mari kasti ing lapangan".
"Kok nganthi sore ta nak?". "Nggih bu, Galang lan Dahlia
istirahat disek ing warung sebelahe lapangan". "Ya wis, ndang adus
lan langsung mangan ya le. Dahlia kowe uga ya". "Nggih bu".
Wis mari
resik-resik lan mangan, Dahlia langsung nang kamar lan sinau kanggo mene
sekolah. Tapi ujug-ujug, "Dahlia, ayo mene tanding karo aku maneh. Yen aku
menang kowe kudu nuruti apa wae sing dak jaluk". "Ayo, tapi yen aku
sing menang kowe kudu nuruti apa sing dak jaluk. Piye setuju?". "Iyo
aku setuju. Mene mulih sekolah langsung nang lapangan". "Oke, aku
bakal teka. Wis ndang sinau kana". "Emoh, aku pingin nang kamarmu
wae". "Ya wis, sak karepmu, Lang". Aku balik sinau maneh tapi
Galang isih tetep gelendangan ing turonku. Sampek aku mari sinau, dheweke isih
tetep ing turonku. "Galang, kowe ndang balik nang kamarmu kana lho".
"Aku isih pingin nang kene Dahlia... Aku isih pingin turu nang
turonmu". "Turu nang turonmu dewe kana lho". "Aku emoh, aku
tetep nang kene". "Galang.....". Ora kesuwen Galang langsung tak
seret lan tiba saka turonku. Aku banjur mlayu mudun lan arep nabrak bapak.
"Kowe iki lapo Dahlia kok mlayu-mlayu ing njero omah?". "Galang
pak, kulo dikejar Galang", jawabku. "Dahlia..... awas kowe ya".
Galang melu mudun lan ngerti aku kari bapak. "Galang wis ta aja
mlayu-mlayu kaya ngunu. Kene bapak pingin ngomong". "Ngomong babagan
apa ta, pak?".
"Ngene le, bapak lan ibu arep nyekolahke kowe menyang
sekolah ing Paris". "Tapi apa ora kadohan pak, aku sekolah ing Paris?
Aku karo Dahlia kan pak sekolah nang Paris?". "Ora le, Dahlia tetep
nang Jakarta kanggo nagncani ibu lan bapak. Kowe sekolah nang Paris dewean ora
bareng Dahlia", ucape ibu. "Ya wis bu. Tapi kapan aku budal menyang
Paris?". "Minggu ngarep le, kowe budal menyang Paris". "Ya
wis bu, aku arep menyang kamar". "Iyo le, ndang turu mene tangi
supaya seger". "Nggih bu".
Mulih
sekolah, ing lapangan Galang wis ngenteni Dahlia karo nggawa bal kasti. Ngerti
Dahlia teka adohan Galang langsung marani Dahlia. "Cepet ta Dahlia, aku
ning kene wis ket mau" "Iyo Lang, iki aku wis nang kene. Ayo ndang
dimulai". Galang langsung mulai kasti. Nilaine Galang isih kalah saka
Dahlia tapi dheweke tetep ngejar lan akhire bisa ngalahno Dahlia. "Aku wis
bisa ngalahno kowe, berarti kowe kudu nuruti apa wae sing dak jaluk".
"Iyo wis", jawabe Dahlia rada mrengut. "Ya wis, ayo mulih wis
sore". Dahlia mung mantuk-mantuk.
"Le,
apa kowe nyiapno barang sing arep kok gawa menyang Paris?", pitakone ibu.
"Sampun bu, kurang sithik maneh wis lengkap". "Ya wis, nek ana
sing kurang kandha ibu ya". "Nggih bu".
Seminggu
wis kelakon lan iki wektune Galang budal menyang Paris. Sadurunge budal Galang
pamit lan masangno gelang ing tangane Dahlia. "Aja dicepot gelang iki, nek
ora aku aku sing nyepot lan ngganti gelang iki". Dahlia mung mantuk-mantuk
karo nguwasi Galang. "Aku budal ya, aku titip bapak karo ibu"
"Iyo Lang, kowe ati-ati ya nang kana. Aja lali mangan lan sholat"
"Iyo cerewet. Wis ora usah nangis ngunu aku bakal balik" "Sapa
sing nangis, aku ora nangis kok". Mari pamit Galang langsung budal menyang
bandara.
Galang
bakal sekolah ing Paris 5 tahun. Wektu sing suwi banget kanggo Dahlia. Dahlia
ora bisa ngerti apa wae kang dilakoni Galang ing kana. Akeh surat kang ditilis
Dahlia kanggo Galang tapi ora dikirim. Wektu lagi nulis surat, Dahlia ora sadar
yen bapak ana nang kamare. Surat sing ditulis mau langsung dideleh ing nisor
bantal. "Sing disimpen iku mau apa nduk?", pitakone bapak. "
Mboten napa-napa pak. Niku mung suwekan kertas". " Ya wis nduk gek
ndang turu, supaya ora kawanen sekolahe mene" " Nggih pak".
Bapak meyu tekan kamar lan mateni lampu kamare Dahlia. "Untung bapak ora
ngerti yen iku mau surat gawe Galang. Wis tak turu wae aku, engko bapak rene
maneh ye aku ora turu".
Ora
krasa 5 tahun wis kaliwatan, iku berarti Galang arep mulih mentang Jakarta.
Tapi Dahlia ora ngerti kapan pastine Galang bakal mulih ing Jakarta. "Pak,
Galang kapan bali menyang Jakarta?". "Seminggu maneh Dahlia. Ana apa
ta kok kowe ora sabar ngenteni Galang mulih?". "Mboten pak, kulo mung
tanglet mawon".
Akhire
wektu sing dienteni teka, Galang mulih. Dahlia seneng banget Galang mulih
menyang Jakarta. "Assalamualaikum...". "Walaikumsalam, Galang.
Akhire le kowe wis bali saka Paris. Pak, Galang wis teka", ibu katon seneng
banget. "Galang anakku kowe wis mulih. Bapak kangen banget le karo
kowe". "Nggih pak, aku yo kangen karo bapak lan ibu. Dahlia ana
ngendi pak? Kok ora tumon aku”Dahlia isih menyang pasar le blanja”jawabe ibu
“piye ta Dahlia iki ngerti aku arep mulih kok tambah ditinggal metu blanja. Ya
wis bu, aku arep menyang kamar", ucape Galang karo rada mrengut lan mlaku
nuju kamare.
"Assalamualaikum. Bu, niki blanjane". "Wis
ta? Delehen pawon wae". "Nggih bu". Aku langsung nuju kamar
sawise tekan pawon. Pas mlaku nuju kamar, Dahia krungu ana suara ing kamare
Galang. Pas arep dibuka, lawang kamar buka dewe. Ujug-ujug Galang metu.
"Galang, kapan kowe teka?", Galang meneng wae. "Galang, kowe
kena apa kok meneng wae dtakoni? Lang...", pitakone Dahlia. "Aku teka
wis ket mau, kowe nang ngendi wae aku teka ora nang omah malah ditinggal",
jawabe karo mrengut. "Aku mau isih menyang pasar blanja kanggo masak engko
bengi. Wis ta aja mrengut ae, ayo dak masakno masakan senenganmu".
"Ya wis ayo, tapi masake sing enak ya", saure Galang.
Isuke Galang langsung nang kamare Dahlia. "Dahlia,
aku duwe gelang gawe kowe. Kaya pesenku biyen gelangmu ora dicepot se?".
"Ora gelange isih dak gawe". "Aku saiki pingin ngganti gelangmu
karo gelang iki". "Apik Lang gelange, aku seneng". "Aku kan
ngerti apa sing disenengi lan sing ora karo Dahlia". "Halah, kowe
wingi dak tinggal mrengut ae", ucape Dahlia karo ngguyu. Galang yo ngguyu.
"Ya wis, aku nang kamar disik ya". "Iyo, suwun ya Lang".
Galang mung mesem.
Tanpa disangka Galang duwe rasa gawe Dahlia, Galang sadar
duwe rasa iku pas dheweke ana ing Paris. Nanging ibune Galang wis jodohake
Galang karo bocah wadon pilihane. "Le, apa kowe ora pingin nikah? Ibu wis
pingin nguwasi kowe duwe kaluwarga". " Nggih bu, aku pingin". "Apa
kowe wis duwe calon le?". "Sampun bu". "Sapa le, Anita ta
calonmu?". "Mboten bu, calonku Dahlia". " Apa kowe arep
nikah karo Dahlia?". "Nggih bu, aku arep nikah karo Dahlia".
"Ibu ora setuju le nek kowe nikah karo Dahlia. Ibu ora setuju, ibu pingin
kowe karo Anita wae". "Tapi aku mboten seneng Anita bu, aku seneng
kari Dahlia", jawabe Galang lan langsung mlaku nuju kamare.
Sawise debat karo Galang ibu omong karo bapak. "Pak,
Galang ora gelem dinikahno karo Anita". "Nek ora gelem ya wis ta bu.
Apa Galang duwe pilihan dewe?". "Duwe pak, Dahlia pilihane".
"Ya wis bek iku pilihane Galang ya ora apa ta bu. Bapak setuju".
"Bapak iki ora ngerti ibu". "Wis ta bu ijinana Galang karo
Dahlia. Dahlia ya wis kenal sapa Galang piye sifate Galang". "Ya wis
pak, aku melu bapak ae. Pokoke Galang seneng ibu ya seneng". " Ngunu
kan enak ta bu. Ya wis ayo turu".
Isuke ibu langsung omong nang Galang yen ibu wis setuju
Galang nikah karo Dahlia. Galang seneng banget karo berita iku dheweke langsung
nuju kamare Dahlia. "Dahlia apa kowe gelem dadi calonku?".
"Calon apa Lang, maksude?". " Calon pasanganku". "Apa
kowe ora salah, ibumu wis jodohake kowe karo Anita. Aku ngerti saka ibumu
dewe". "Ibu wis setuju aku nikah karo kowe, ibu dewe wis ngomong nang
aku nek ibu setuju". "Kowe aja aneh-aneh Lang, aja nentang
pepinginane ibumu". Galang langsung ngajak Dahlia mudun. "Bu, Dahlia
ora percaya yen ibu wis nguwehi restu gawe aku karo Dahlia". "Iya
Dahlia, ibu wis nguwehi restu kanggo kowe pan Galang. Ibu seneng banget kowe
bisa dadi bagian saka kaluwarga iki". "Nggih napa bu, Ibu sampun
ngerestui kulo kaliyan Galang?". "Iya nduk, wis dak restui
kowe". "Wis, kowe percaya yen ibuku wis nguwehi restu?".
"Iya Lang, aku percaya karo kowe. Aku seneng banget bisa dadi bagian saka kaluwarga
iki."
Akhire Dahlia nikah karo Galang. Kekarone katon seneng
banget bisa dadi pengantin. Ibu lan Bapak uga seneng bisa nguwasi Galang urip
seneng karo Dahlia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar