LESTARI
PUJI PANGESTU / 14
NUBRUK TREK MANDEK
Ing
sawijining dina seng wes pirang-pirang tahun kepungkur suwene, aku ngalami
kedadean kang apes banget. Wektu iku aku isih kelas enem SD nanging wes arepe
metu, malahan wektu iku aku wes arepe daftar sekolah nang jenjang SMP. Wektu iku aku diutus guruku seng asmane Bu
Mut mundut oleh-oleh wonten griyane. Soale sakdurunge dino iku maeng aku lan
kanca kancaku kabeh, seng kelas enemlan guru-guruku mari rekreasi menyang Jatim
Park 1 Malang. “ Tar, ibu nyuwun tolong ya. Tolong jupukno oleh-oleh seng teko
rekreasi dekwing nang omahe ibu. Mengko nang kono enek mbak risma, sampean
matur ae diutus Bu Mut.” (ature Bu Mut marang aku.) “Enggeh bu, kula kaleh
Rinda mawon seng mundut.” (Omongku karo ngawe Rinda.) “Tapi sampean arep numpak
opo nduk ? wes ngene ae sampean numpak sepeda motor iki ben cepet. Sampean wes
iso se ?” (takone Bu Mut.) “ saget- saget Bu”
Wektu
iku langsung budal menyang griyane Bu Mut , karo kancaku seng jenenge Rinda iku
maeng. Griyane Bu Mut karo sekolahanku lumayan adoh dalane. Mangkane aku maeng
diutus numpak sepeda motor ae ben cepet. Aku dewe wes iso numpak sepeda
montor wiwit kelas 4, wektu iku aku
belajar numpak sepeda montor karo bapakku. Biyen aku belajare gawe sepeda
koplingan, tapi pas aku munggah kelas enem aku jarang numpak sepeda koplingan
soale aku luweh seneng gawe sepeda matic. Lha pas ketepakan wektu iku aku
diutus guruku numpak sepeda koplingan,lan aku wes ora kulina numpak sepeda
motor seng ngunuku. “ Wahhh piye yo iki,
kok aku dredek ngene, aku rondok gak tegen e lek numpak sepeda motor
koplingan.” (gunemku ng atiku). Pas aku numpaki iku aku ngomong nang kancaku
iku maeng lek sepedahe iku ora penak gawenan e, soal e aku ora pati tegen
pisan. Pas aku nyoba ngrem yo ngunu, rem e yo gak makan. “ Wahhh… piye iki rem
e yo gak makan nda. Alon-alon ae yo nda.” “iyo mbak tar, alon-alon ae pokoke
slamet.” (omonge Rinda karo guyon). Ing perjalanan menyang griyane Bu Mut,
olehku numpaki sepedah iku alon-alon. Akhire aku nyampek ing griyane bu Mut.
Sepedahe tak parkir ing latar, lan aku karo rinda melbu mundut oleh-olehe iku
maeng. “ Assalamualaikum, mbak.. mbak risma…” (bengokku) “ Waalaikumsalam,
ohh.. Tari tah? Melbuo Tar... Sek yo tak jupukno sek, ibu maeng wes telfon aku
kok.” (Jelase mbak Risma). Mbak Risma
metu karo gowo kresek gede seng isime oleh-oleh. “ Nggeh sampun mbak, kula
pamit rumiyen.” “ Iyoo, suwon yoo.”
Aku
karo rinda langsung mulih, mbalek menyang sekolahan. Wektu iku nang gang cideke
griyane Bu Mut wonten prapatan. Lha ten sebelah kanan e prapatan iku wonten
warung cangkrukan seng lumayan rame seng tuku. Wektu iku aku seng teko arah
kulon arepe menggok nganan, mbenakno ritingku nganan. Aku karo alon-alon lan
tolah-toleh. Tibake teko arah elor iku enek trek pasir seng ngemot wedi. Lha
sopire trek iku maeng guya-guyu karo naroh kancane seng nang warung iku maeng.
Rumangsaku trek kuwi mlalu terus, lha akui ora sadar yen trek iku mandek. Aku
seng wes kadong menggok nganan lan ngegas banter ora iso ngerem amergo rem e
ora kenek, akhire BRUAKKKKKKK… aku nubruk bakane trek seng lagi mandek kuwi.
Wektu iku aku langsung geletak amergo raiku kebentok bakane trek, sepedaku
nindihi sekelku, lan kancaku rinda mung iso lumah-lumah karo nangis. Akhire
wong-wong podo gembruduk nulungi aku lan kancaku, sopire trek seng kaget lan
isih nang njero trek langsung metu lan nyeneni aku. “Piye ndukkk, trek mandek
kok mok tubruk iku lho.” (Guneme sopir trek). Aku wes gaiso njawab pitakonane
sopir iku, soale sirahku wes kadong mumet gara gara ketatap iku maeng. Terus
mari aku ditulungi, aku digowo nang omahku karo wong-wong seng nulungi aku iku
maeng. Soale aku yo ora catu nemen, nanging sepeda seng tak gowo iku maeng
rusak banget sampek riyek seng ngarep sangking bantere tabrakan iku maeng.
Sakwise aku teko omah tangga-tanggaku, dulur-dulurku, lan Bu Mut langsung delok
keadaanku. Wong-wong kabeh kuwatir karo keadaanku. Wedine kenek opo-opo,
untunge aku mek catu catu biasa. “ Bu, niki sepedae njenengan kula dandaken
rumiyen nggeh bu, soale niki rusak e parah.”( Guneme bapakku seng arepe dandake
sepedae Bu Mut seng tak gawe tabrakan.) “oalah enggeh enggeh.. niku wau kulo seng ngutus Tari kaleh Rinda mundut barang ten griya,
kulo mboten semerap menawi akhire ngenten. Sepuntene seng katah lho pak..”
(jelase Bu Mut.) “ oalah.. nggeh bu, wong ngenteniki berarti apese Tari kaleh
Rinda bu, untunge lare-lare mboten kenging nopo-nopo bu.”
Untunge
kecelakaan iku maeng ora nemen, lan aku karo Rinda nggeh mboten catu nemen.
Wiwit kedadean iku aku sakwulan ora wani maneh numpak sepeda motor. Pokoke
sakiki yen numpak sepeda motor kudu ati-ati lan ora usah ugal-ugalan nang
dalan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar