Senin, 19 September 2016

SISCA NOVIYANTI SR / 24

MENTOK NOMOR SIJI

Ing desa sing cidek kuto, tepate ing desa Manggali, ana restoran ingkang katah diparani pengunjung. Wisatawanpun katah damel mengunjungi restoran kasebut damel nyicipi menu spesial  olahan mentok. Ora mung menune sing spesial iku, pelayanane dan  pemandangane sing elok agawe para pengunjung ngeroso bungah. Pak Ramlan sing gadah restoran kasebut, pinter ngedekorasi restorane sing bertema omah jadul tapi tetep ketok elok. Dheweke iku wong kang becil lan mentingno nasibe wong liyo. Nyatane pegawai restorane yaiku penduduk saka desa Manggali sing ora nduweni pekerjaan, nanging chefe yaiku chef profesional saka kuto. Meski dheweke sampun saget disebut tiyang sepuh, tapi dheweke gigih mbangun restorane supoyo luwih maju. Tapi kesuksesanipun ingkang dicapai Pak Ramlan mboten luput saking bantuanipu Afita. Afita sing menyetok mentok-mentok unggul ingkang dheweke ternak. Afita yaiku mahasiswa ekonomi ing Universitas MASS, dheweke saget kuliah amargi oleh beasiswa. Damel kebutihane saben dino, Afita kaliyan ibune nerusaken usaha ayahe yaiku ternak mentok. Saben mulih kuliah Afita ganteni ibune ngeramut mentoke. Mentoke iku wes terkenal ing deso lan kuto. Katah restoran sing memilih mentok e Afita, amargi mentok kasebut ora ana tandingane.
Sawijining dino Pak Ramlan ngrasa dheweke wis ora bisa nerusake usahane, dheweke pingin anake sing nerusake usahane. Andien anak semata wayange Pak Ramlan sing kuliah ing Amerika. Sebenare Pak Ramlan mboten saget percoyo ing Andien, mergane dheweke nggadah sifat sing ala. Tapi gelem opo ora Pak Ramlan kudu marisaken usahane ing Andien.
Akhire waktu liburan kuliah, Andien balik ing Indonesia. Ing bandara Andien disusul Roshita(ibune). Roshita sampun kangen sanget marang Andien. Andien menghampiri Roshita, Roshita langsung meluk erat.
“Ibu kangen kowe Andien”  ujar Roshita karo nglepas pelukane.
 “Miss u too mom, yok nopo kabaripun bapak, bu?” Takoke Andien.
“Gayamu mentang-mentang sekolah ing luar negeri dadi nggawe basa inggris, bapakmu kabare apik-apik wae, opo kowe ora pingin ngerti kabare ibumu, kok yo dorong-dorong wes takok kabare bapakmu?” ujar Roshita karo nggondok
“Ibu lak ten mriki kale kulo se, ngge jelas ibu sehat to” jawabe Andien lan nggudo ibune.
 “yowes ayo mulih.” Ajake Roshita
            Ing njero mobil Andien nyritakake kabeh sing dialami ing kono. Sampai ing omah Andien langsung ing kamar lan istirahat. Menene Andien sing kaet tangi diutus bapake ngunjungi restorane.
“Jam yamene kaet tangi, pingin dadi opo kowe? Ojo males-malesan yen pingin sukses, kono nang restoran!” Ujar Pak Ramlan
“Tapi Pak, kulo wonten janji kale konco-konco jam 10.” Jawabe Andien
“Wes kono ndang nang restoran, ojo dolen ae.” Utuse Pak Ramlan
“Tapi Pak…..” elakane Andien dipedot.
 “Wes… gak usah tapi-tapian, ndang ados langsung nang restoran!” Pak Ramlan muring-muring.
“Ono opo toh kok rame-rame?” Takoke Roshita.
“Niku bu, Bapak niku mosok kulo diutus dateng restoran sakniki, kulo kan badhe dolan kaliyan konco-konco jam 10.” Jelase Andien.
“Pak, barno Andien dolan karo konca-kancane riyen, dheke kan suwi ora ketemu kancane.” Ujar Roashita.
“Ibu iku mesti manjano Andien, mangkane dheke dadi males.” Jawabe Pak Ramlan.
“Yoweslah Ndien, kowe ados langsung nang restoran. Kowe ngerti dhewe nek bapakmu ngomong ngunu ora iso ditentang maneh” utuse ibuke.
“Yoweslah buk” jawabe Andien mangkel.
Sakmarine ados Andien budhal ing restoran. Dheweke ora pamitan karo wong tuane.
“Sampeyan delok iku anakmu buk, ora pamitan” ujar Pak Ramlan.
“wes talah pak, sing sabar” jawabe Roshita.
            Andien sampek ing restoran barengan Afita lagi nurunaken mentoke, mentok kasebut mblayu lan nelek ing sikile Andien sing lagi mlaku nang restoran.
 “Sepuntene yuk, kulo resiki ngge?” Afita nyuwun ngapuro lan langsung sikile Andien diberseni ambek Afita gawe lap sing biasane nang gulune Afita
“He awakmu, ora sopan! Aku dorong ngomong iyo wes diresiki nggawe gombal rusuh misan” Andien muring-muring.
“Ngge sepuntene sing katah” Afita nyuwung pangapuro.
“Ora sudi aku nyepurani arek koyok awakmu, ojok mentang-mentang awakmu sing nyetok mentok nang kene dadi aku kudu tunduk nang awakmu koyok bapakku” ujar Andien.
            Afita ditinggal ngaleh Andien. Pak Ramlan teko lan nguwasi Afita Lagi nangis ing lungguhan cidek restoran. Dheweke nyritakake kedadeyan sing dialamine karo Andien. Pak Ramlan isin karo kelakuane anake iku. Akhire dheweke jaluk sepuro marang Afita. Afita sampun nyepurani Pak Ramlan nanging Afita ora gelem nyetok mentoke maneh.
            Menene waktu sarapan, Pak Ramlan ngomong yen Andien kudu njalok sepuro ing Afita.
“Gara-gara kowe Ndien, Afita wes emoh nyetok mentoke” ujar Pak Ramlan sedih.
“kenopo kok kulo?” takone Andien.
“awakmu wes nyakiti perasaane Afita lan saiki ora sadar?” takone Pak Ramlan.
“lo… iku salahe deke dewe lapo gak sopan” jawab Andien.
“kowe iku yo, saiki mboh piye carane awakmu kudu iso gawe Afita nyetok maneh ing restoran” jelas Pak Ramlan.
“kenopo kudu mentoke Afita, aku iso nggolekno mentok liyo” jawab Andien.
“yo ndang nek awakmu iso nemokno mentok koyok mentoke Afita” balese Pak Ramlan.
            Mene isuke Andien budal golek mentok, dheweke nemokno peternak mentok uwakeh nanging mentoke rasane bedo karo mentoke Afita. Akeh pelanggan sing kecewa marang masakane sing rasa mentoke wes bedo. Wis hampir 1 minggu restoran iku sepi, bahkan sampek kate gulung tikar. Pak Ramlan sing emoh yen restoran iku tutup, dheweke langsung ngomong nang Andien supoyo jalok sepuro marang Afita. Andien tetep ora gelem jaluk sepuro.
            1 wulan wes kelewati, Pak Ramlan mulai sakit-sakitan. Restoran terpaksa kudu tutup, Keluarga Pak Ramlan butuh duwit gawe berobate Pak Ramlan. Akhire Andien jaluk sepuro marang Afita,. Andien moro ing omahe Afita.
“Assalamualaikum” Andien karo ngetuk lawang.
“Wa’alaikumsalam Wr. Wb, sampeyan sinten? Golek I sinten?” ujar ibu Afita.
“Afitane wonten buk?” takone Andien.
“Oh… Afita jek kuliah, bar ngunu mulih kok, ayo melbu disek” jawab ibune Afita.
            Andien melbu lan lunggoh ing sofa.
“Sampeyan niki sopone Afita?” takone ibue Afita.
“Kulo Andien anake Pak Ramlan sing gadah restoran Metow” jawab Andien.
“Oh… putrinipun Pak Ramlan” ujar Ibune Afita
“engge buk. Kulo ten mriki badhe nyuwon ngapuro marang Afita. Sakniki bapak lagi gerah lan restoran satu-satune penghasilan keluarga kulo sampun tutup amargi kesombongane kulo” jelase Andien.
            Afita teko omah.
“Assalamualaikum” ucape Afita
“waalaikumsalam” jawabe Ibue Afita lan Andien.
“Kenopo kok ana Andien nang kene?” takone Afita.
“aku nyuwun pangupuro nang kowe Fit, Bapakku lagi gerah lan restoranku tutup, aku pingin kowe nyetok mentoke maneh. Aku lagi butuh duwit gawe biaya bapakku sing lagi sakit” jelase Andien.
“Pak Ramlan gerah opo Ndien?” takone Afita.
“Bapak gerah batu ginjal lan kudu dioperasi secepete” jawab Andien.
“Saiki Pak Ramlan nek endi Ndien? Opo wes nang rumah sakit?” takone Afita.
“Saiki bapak nang rumah sakit lan ngenteni biaya gawe operasi, aku kudu buka restoran iku maneh supaya oleh duwit Fit, sepurane yo Fit aku duwe salah akeh nang kowe” jelase Andien.
“Aku wes nyepurani kok Ndien, aku gelem nyetok maneh nang restoranmu, nanging percuma nek ngenteni mulihno restoran iku supaya akeh pengunjunge jelase sondok suwi, kowe pastine butuh duwit iku secepete kan Fit, piye nek gawe celenganku karo ibuku disek, engkok baru gantenono pas restoran iku wes mbalek rame?” takone Afita.
“Iyo Ndien mending gawe celengane ibu lan Afita disek, yo ancen gak terlalu akeh, tapi bekne iso mbantu” ujare ibue Afita.
“suwon Buk, Fit, panjenengan sampun mbantu kulo lan kaluwarga kulo, padahal kulo sampun jahat kale Afita” jarene Andien.
“gapopo Ndien, Pak Ramlan iku wes tak anggep bapak dewe. Dheweke iku apikan marang sopo ae” jelase Afita.

            Andien lan Afita moro nang rumah sakit ngenteni Pak Ramlan operasi. 1 minggu sakwise operasi, Pak Ramlan wes sehat, dheweke moro nang restoran sing saiki dicekel karo Andien. Resteron iku wes rame pengunjunge maneh. Afita saben dino nyetok mentok maneh ing restoran kasebut. Pak Ramlan ngucapake matur suwon nang Afita amarga wis ngewangi kaluwargane. Akhire Andien lan Afita dadi partner bisnis lan uga dadi sahabat sing selalu ngedukung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar