Rabu, 21 September 2016

Nurul mardianti/18
Sekolahku Penting

Ing kutha kangge dheana arek sing urip ing kaluwarga sing paanguripane susah. Saben dina gawe mangan wae kekurangan duwit gawe tuku beras, apa maneh gawe nyekolahake anak-anake. Kaluwarga iku yaiku mbok siti. Wis lima tahun bojone wis seda. Mbok siti nduwe 3 anak sing paling cilikisih SMP nangingora bias nerusakesekolah. Jenengerina. Padahalrinaarek sing pinter lan sregep sinau. Gawe nerusake sekolah wae ora ana danane. Saben dina rina mung dodolan e sing ngarepe SMP 1 depok. Saben dina mung bias nguwasi kanca-kanca sing saumuran bias sekolah.
Kadang ing omah rina takon marang ibune “mak kapan kula saged sekolah kaya rencang – rencang liyane? Napa kula mung bisa mriksani saking njaba mawon?”
Mbok siti nangis nalika rina takon kaya ngunu. Wong tuwa endi sing bias nguwasi anake ora sekolah. Nanging syukur wae ana tanggane sing maring ibuku bekas kanggo rina sekolah. Rina isih bias sinau ing omah sawise dodolan es.
Ing dina sabtu iku, rina dodolan kaya biasane, ambek ngenteni sing tukurina maca – maca buku pelajaran. Lan mara – mara teka uwong “nduk, kenapa kok ora sinau kaya kanca-kancamu ing sekolah iku wae”. Rina mung mesem lan njawab,”kula mboten wonten biaya. Ibu kula sampun ditinggal seda bapak.” Wong iku ngomong maneh,”apa kowe pingin kaya kancamu in njeroiku?”
“inggih” jawab rina. Wong iku nekei pirang-pirang pitakonan pelajaran marang rina lan rina bisa njawab kabeh. Wong iku takon ala materina lan muleh sakarina.

Dodo lan wis mari. Rina mulih ing omah. Sawise sholat maghriba nata muya iku wong sing mau nakoni rina. “bu kula ngerti yem rina niku lare sing pinter. Dadi kula ten mriki badhe maringi rina kesempatan damel sekolah male. Segala biaya kula sing nagging.” Tegese wong iku. “loh kula niki mboten sapa-sapane sampeyan pak” jawab mbok siti. Wong iku ngomong yen wong iku ikhlas nulung rina. Eman yen ana bocah pinter sing ora bisa nerusake sekolah kaya rina. Keluwarga rina seneng ngrungoake kabariku. Lan rina sesuke bisa sekolah maneh.

Senin, 19 September 2016

Anni Hanifan Muslima / 06

"Sombong Nggawa Cilaka"

Semilir angin ing wayah udan riwis – riwis iku, nggowo atiku menyang suasana sing ora karuan. Rasa wedi kaliyan bingung perang ono jero atiku, rembulan lan lintang ora jelas ono ngendi panggonane amarga ketutup langit mendung. Lampu – lampu omah padha murup, lan tiyang – tiyang sampun sare. “yen wes ngerti koyo ngene iki, aku wegah ngulangi maneh, kapok aku wes.” Pikir ku ing jero ati. Ya, sakniki aku kejebak wonten jero rumah kosong ing desa tetangga. Desa kasebut Desa Sidomulya, sing wis terkenal kaliyan keangkerane. Jare gosip sing beredar saka wong menyang wong, bc menyang bc lan sms menyang sms. Wonten salah setunggalipun griya sing wis ora di panggoni manungsa. Griya niku wonten ing salah setunggalipun dalan sing rawan kecelakaan, mesti ing setahun wonten wae sing kecelakaan wonten dalan niku, mulai sepeda pancal, sepeda montor, montor lan sak panunggalane. Korbane uga macem macem, ana kucing, pithik, bocah – bocah, bapak – bapak, ibu – ibu, nganti tiyang sepuh. Mulai tatu ringan, tatu berat lan ono sing nganti kilangan nyawanipun wonten dalan niku. Jarene gosip iku, wonten pesugihan sing mangan tumbal yaiku korban kecelakaan niku. Lan arwahipun korban padha pindah menyang griya sing kosong wonten cedhakipun dalan.
Hawa panas nandhaake srengenge wonten dhuwuripun sira, semilir angin uga dadi barang langka sing dibutuhake tiyang katah, pas wayah wangsul sekolah niku, kula, Amir, Budi lan Joko mlaku mlaku bareng lan mampir wonten salah sijinipun warung. “Bu, es serut setunggal tambah roti nggih bu..” aku pesen, “Iyo, le”. Pas sakmarine pesenan teka, Budi cerita masalah griya sing angker wonten desanipun. “Eh rek, wau bengi pas aku wangsul saka nobar wonten griyane kancaku, aku mlaku lewat ngarepe griya sing kosong. Eh pas enak – enak mlaku, sing mbendok watu. Aku kaget rek lan ngamuk. Tak selidiki asale sing mbendok saka griya sing kosong iku. Pas aku mbukak pagere aku krungu suara wong nangis rek, kaget aku. Suara iku tak goleki saka ngendi asale. Pas ketemu ana rambut dowo rek, rambutipun ngelayang. Aku kaget, orah usah babibu aku langsung kabur ae wis. Wedi aku.” “iya wingi sore pakdheku lewat kono rek, krungu suara wong nangis” saut joko. Budi lan Joko niki griyanipun wonten Desa Sidomulyo yaiku desa tetangga, jarakipun ora adoh kirang luwih 2 kilo. Joko lan Budi niki sekolah wonten SMA ing desa ku, saben dina nitih sepedha pancal, Budi lan Joko niki kanca sakelasku, Budi iku tiyang sing ceria, asik lan olah ragae wis sae, lan Joko niku tiyang sing humoris, pinter tapi ora remen kaliyan olah raga, bedho 180 derajat kaliyan Budi. “Hahaha, ra percoyo aku bud, kowe palingan ngapusi” jawab aku “Iyo budi iku senengane ngapusi.” Saut Amir. “Ngapusi opo ta? Aku ora ngapusi rek, iki temenan, kedadeyane aku dhewe sing ngerasakne.” Jawab Budi. “Alah bud, palingan kowe yo ngarang cerito, supaya aku lan joko wedi.” Jawab aku “iyo bud, ojo ngarang cerita” saut Amir. “lho rek aku percoyo Budi, soale omah iku pancen angker.” Jawab Joko “wes jok, nek ono setan, engko setane tak tabok cekne kapok, hahahaha” jawab ku “wes le, ojo sombong – sombong, ora becik” jare Bu Sa sing duwe warung “lha sinten sing sombong bu, niku budi bu remen ngapusi tiyang liya” jawab Amir “ya wis yen kowe padha wani, engko bengi nginepo menyang omahku, kesok minggu kan?” jawab Budi “ah kecil iku” jawab ku.
Hawa bengi wis mulai nusuk balung lan nembus kulit, jangkrik lan kodok sawah wis mulai konser musik, ing wayah bengi niku kula, Amir lan Joko nginep wonten griyanipun Budi. “wis siap rek? Ayo budhal” Budi ngomong, kula lan rancang – rencang kula budal ngawiti petualangan wonten griya kosong. Sakniki Budi ngajak mas sepupunipun sing duwe ilmu spirirtual. “Mas mengko menawi wonten masalah, kula nyuwun tolong nggih” Budi ngomong menyang mas Arid, “Gampang wes” jawab mas Arid. Jam wis nunjuk angka 8, awakdewe sampun tutuk wonten ngarep griya kosong niku. Aku mlebu pertama griya iku, krekk, suara pager bukak, ora suwe setitik, ono suara benda sing tiba. “gedubrak” “tikus paling” pikirku, ra usah babibu kula, Budi, Joko, Amir lan Mas Arid mlebu wonten jero griya kosong niku. Pas lawang dibukak udan riwis – riwis tiba saka langit, hawa adem nabrak badan kula, nembus kulit lan nusuk tulang. “gedubrakkk” suara benda tiba metu maneh. Sak iki aku wis ngeroso ora enak, ati ku ora karuan, rasa pesimis wis ngumpul wonten jero otak lan ati, nanging rasa isin marang rencang uga wonten jero ati, yen kula ora wani konco ku gelem dolan karo aku nopo ora, pikirku.
Kula lan rencang – rencang mlaku – mlaku nelusuri saben pojok wonten griya niku. Griya niku lumayan gedhe, desain wonten jero griya niku model eropa lan jawa. Lorong – lorong sing boten wonten lampu, di telusuri kabeh. Pas tutuk kamar pertama wonten griya niku kesannipun kagum uga prihatin amarga griya sing duwe kamar gedhe lan sae niku boten dipanggoni. “hiiii, hiiii, hiiiii” aku krungu suara wong nangis, suaranipun nyayat ati lan nggarai wulu alus wonten badan podho ngadek kabeh. “wedus, suara opo iku?” aku ngomong “ono suara opo bud? Aku ora krungu opo - opo?” jawab Amir “aku pisan” jawab Budi lan Joko . “suara wong nangis yo bud?” takon mas Arid “nggih mas” jawabku, “engko ojo nganti pencar yo rek” Mas Arid ngongkon “Nggih mas”. “Sret…sret…sret…” sakniki metu suara barang sing diseret – seret, rasa wedi wis nguasai awakku, merinding wis nyerang badan lan gemeter padha meneng wonten sendi – sendi awakku. “hihihihihihi” suara wong ngguyu wes krungu sakniki Amir sing krungu, aku krungu nanging setitik, Joko, Budi lan Mas Arid ora krungu suara opo – opo. Pas tutuk ruangan keluarga aku ndelok bayangan putih sing lenggah wonten kursi, tapi ora suwe, sak marine awakdewe lanjut nganti pawon sing cedhak karo toilet. Pas wonten kono, lampu senter sing digawa padha mati kabeh. Angin nyebul tambah banter, jendela lan lawang wonten dapur padha gedebrukan. Pas aku ngadep nduwur, aku ndelok pemandangan sing ora enak didelok, ing dhuwurku wonten wong wadon sing gawe klambi putih, lan rainipun boten berbentuk. Amarga kaget lan campur wedi aku langsung mlayu menyang griyanipun Budi. Wonten dalan pas wayah udan niku kula mlayu lan maca dzikir lan do’a sing kula hafal. Wonten griyanipun Budi kula langsung salin klambi lan sare lan nutupi badan kaliyan selimut. Badan adem panas, tandanipun penyakit demam nyerang badan kula.

Tigang dinten kula boten mlebet sekolah, jare dokter kula kena tifus, lan kudhu istirahat lan Alhamdulillah kula sakniki sampun waras lan penyakitipun boten disebabno gangguan setan. “eh Jar, piye kabarmu?” takon Budi lan Joko “Alhamdulillah” jawabku “Eh Jar, wes waras?” takon Amir “Iyo bro, eh pas aku mlayu kabur ono cerita sing apik tah?.” jawabku. “eh jar pas kowe mlayu saka griya kosong niku, amir ndelok pemandangan bantal guling warna putih sing duwe rai, saking wedine Amir nganti ora sadar aliyas semaput, Aku lan Joko podho bingung. Akhiripun mas Arid ngajak wangsul, amarga suasanane wes ora enak, lan bahaya. Aku diceritani mas Arid nek ing griya niku wonten katah setan sing ngganggu manungsa, salah sijinipun kuntilanak sing kowe delok lan pocong sing didelok Amir.” Cerita Budi. “Mangkane jar, yen dadi wong iku ojo sombong” saut Amir “ala kowe yo sombong pisan, jarene wani karo setan?” jawabku “wes rek, kowe mari nggarap PR ta?” takon Joko “waduh iyo” jawab Budi lan Amir “bud, bud, mir, mir” pikirku. Sak marine kedadeyan iku aku ora wani sombong maneh lan percaya marang kehidupan wonten alam lain yaiku alam ghoib.
Makhinuddin Nuh/15

Lunga Menyang Pantai Prigi


Cerito pengalamanku wayah cilik, aku lan kluargaku mlaku2 menyang pantai prigi. lungaku numpak mobil pribadi. aku budhal saka omah jam 4 isuk nganti jam 8 isuk tekan kono. wayah kuwi dalane isih ala banget dadi lakune suwi. ning tengah dalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing apik banget. sak marine menyang kono, aku ndeleng akeh wong podo adus. banjur aku cekat ceket genti klambi. aku lngsung mlayu nang pantai. banjur bapak nyeluk aku ngongkon mangan dhisik. saenteke mangan, aku nyewa ban gae adus menyang pantai. ora krasa wayah wis sore, banyu segara apene pasang. banjur aku genti klambi lan mulih. ora krasa aku turu nang njero mobil. rasane cepet banget perjalanane. tangi2 aku wis ana nang ngarep omah.
Nisa Assifa Hakiki/ 31

Katresnanan Ketemu saka Bimbel

Salah sawijining urip, ana bocah jenenge Rahman. Areke sekolah ing SMA. Senadyan iku pinter nanging ora tau umuk kepinteran kuwi. Amarga kabeh wus diuningani kepinteran rawuh saka Gusti Allah SWT.
Sawijining dina dheweke sinau ing Bimbel. Karo pandonga lan dukungan saka wong tuwa, kang bisa kanggo nggawe prestasi akademik lan non akademis mundhak. Ing sekolah, piyambakipun uga disenengi amarga kang pinter mitek gitar, ramah, becikan ing kancane, sabar lan kaprigelan. Dheweke ora umuk apa sing bisa ngrambah amarga weruh iku sing akèh cacat lan kawikanan uga kalebu ing peparinge Allah. Pakulinan ing ngarep ing kalodhangan iku kanggo mitek gitar, nggawe anyar lagu lan nggoleki soko migunani internet, kayata nemokake buku ing dokumen. Dheweke ora cepet nyerah lan tetep nyoba.
Dina sawise dina, kang disenengi Rahman jenengé Hakiki. Rahman nyoba kanggo sinau bebarengan Hakiki saben dina ing bimbel, sanajan ora ana jadwal kursus.
"Ki, sesuk aku arep ujian fisika. Isa ngajari aku fisika? ", ujare Rahman.
Hakiki, "ya Man, nang ngendi lan jam piro?"
Rahman, "Sawise sekolah ing Bimbel"
Mereka nggawe wong kaget amarga sanajan sekolah beda nanging tansah sinau bebarengan ing Bimbel gentur. Saben saiki banjur guru sorak amarga mereka kompak banget kang nyilih-nyilihake buku-buku kang bakal diujike sesuk.
Nalika ing kelas Bimbel kasebut, padha uga diijolke panemu bab piwulang kang wis ora mangertos. Rahman tansah mulang pawulangan Sajarah Hakiki amarga areke pinter banget lan pangerten saka perkara. Panjenenganipun mulange sabar banget nganti Hakiki ngerti bener. Senajan Hakiki ora seneng pelajaran iki, nanging Rahman nyoba kanggo nggawe piwulang iki bakal di senengi dening areke.
Ing wektu Hakiki jaga dadi Palang Merah Remaja ing sekolah, kabeh kang dadakan tak kabar saka pakaryan kang bakal diklumpukake ing dina sabanjuré lan wus ora makarya lan ora nggawa laptop. Rahman iki ngirimke laptop kanggo Hakiki ing sekolahake, sanajan dheweke ora kepikiran yen nyuwun bantuan nang Rahman iso. Amergi kebecikane Rahman, tugas Hakiki pungkasanipun rampung.
Ing wayah wengi, Rahman menehi Hakiki ngerti yen ing laptope dheweke ana lagu dening Rahman. Banjur Hakiki uga muter lagu. Lan pungkasanipun Hakiki karo kanca sing mirengke kagum karo swara lan lirik lagu digawe dening Rahman. Wiwit kuwi Hakiki tresna lagu lan pengin krungu Rahman nyanyi maneh ing ngarepe dheweke.
            Sawijining dina, Rahman lunga ing Bali kanggo preian. Hakiki aran sedih amarga ora ana siji iki dijak kanggo sinau bebarengan maneh sanajan iku mung 3 dina. Amarga padha kaya saben liyane, Rahman ngehubungi Hakiki supoyo tetep dadi bebarengan. Rahman gelem nglampahi kalodhangan kanggo sinau senadyan wektu iki kudu mung kanggo seneng-seneng.
Ing tanggal 17 Agustus, Rahman balek saka Bali lan ngengken Hakiki kanggo ketemu dheweke ing Bimbel. Sifa oleh hadiah sing akeh saka Rahman. Hakiki kaget dening sikap dheweke sing wis saya nggawe kepincut.
Saben dina Hakiki tansah nyandhang gelang sing tulisane "Hakiki". Amarga kang seneng sanget  lan panginten sing Rahman tansah dadi dening sisih senadyan kasunyatan sing iya ora tansah bebarengan amarga beda sekolah.
Saben jam kursus, Hakiki dibully dening kabeh kancane kang amarga kanca-kanca arep cepet nemokke lan nyata ngerti yen mereka tresna saben liyane. Nanging karo sabar, Hakiki ora bakal menehi ndhelikake kang uga tresna marang Rahman. Amargi pengin ngerti saka tembung Rahman langsung yen dheweke tresna Hakiki.
Sawijining dina kanca-kanca Hakiki nyuwun bantuan kang guru kanggo bullying Hakiki lan Rahman, supaya padha cepet nyawiji. Nalika krungu lonceng bunyi, Hakiki lunga menyang jedhing lan banjur lali hp ne ana ing kursi guruhe. Akhire hp iku didhelikake dening guru lan kanca-kanca. Hakiki ndeleki hpne nganti ora mari-mari
"Coba Rahman kamu suruh misscall. Areke ana ing masjid, "ngandikae Guru.
"Kenapa harus Rahman mboten sing liyane?" Hakiki jawab.
Guru, "Emange kanca mu gelem mbantu?"
"Males. Ora duwe pulsa ", dumadakan kabeh kanca-kanca.
Hakiki ngejarno kancane lan tindak menyang musholla kanggo ndedonga. Ternyata ana akeh kancane Rahman. Panjenenganipun mlayu bali menyang kelas lan ngajak kanca sing jenenge Tasya kanggo ngancani supaya ora dibully kancane Rahman. Rampung wudhu, iku Tasya bali nang kelas. Hakiki mlayu lan neson karo Tasya narik kanggo bener-bener ngancani pandonga. Tekan ing masjid, dheweke ora gelem melbu nanging ngenteni ing njaba, tapi Hakiki ora pengin. Akhire kanca krungu suwara kasebut lan eling yen iku swarane Hakiki. Wong loro dibully maneh. Nanging Hakiki terus shalat. Nanging nalika pandonga rampung, iku dadi metu Tasya ninggalake dheweke, lan areke mlayu kanggo kelas.
Ing tanggal 17 September, senajan ora sengaja duwe jadwal Bimbel padha lan ruangane dempet. Pembullyan wiwit maneh nanging ing kelas dhewe-dhewe. Kelase Hakiki kapisan rampung, nanging budhal pandonga ing musholla lanjut wifian. Kang pirang menit sakwise, kelase Rahman rampung. Siji kanca Rahman jenenge Harun, bully nemen nganti Hakiki nangis. Nalika Hakiki bully kancane, dumadakan hp ne lali dhelehe lan katemu dening Harun. Dheweke lan Rahman mbukak hp ne Hakiki lan ndeleng kabeh isihe. Rahman pungkasanipun ngucap katresnan ing Hakiki lan nyanyike lagu kang digawe khusus kanggo areke. Akhire mereka bersatu amergi wis padha ngerti katresnanane.
RICHO FEDHIA S / 30
PERJALANAN HIDUP

Aku lahir ndek jombang tanggal 16 februari 1999 aku lahir ndek keluarga seng iso dianggep kurang mampu, aku duwe dulur 5 lanang kabeh utowo iso disebut pandhawa 5, Ayahku kerjoane tambal ban lan ibu kerjoane mung dodolan pakanan kewan. Aku biyen sekolah tk ndek cidek omah yaiku tk pertiwi, pas tk aku tau juara bal balan tingkat kabupaten, terus aku ngelanjutne sekolah ndek SDN Ploso, biyen pas kelas 1 sampek kelas 3 aku tau diseneni guruku gara gara tulisanku seng kayak cekeremes tapi aku biyen ya terkenal pinter e pas SD mesti rangking 5 besar terus pas kelas 6 alhamdulillah danemku apik 26,65 lah aku pingin mlebu RSBI smp 2 jombang tapi aku ndelok kondisi ekonomi keluarga gak mencukupi, aku takon nang ibuk “ Buk aku tak sekolah nang Smp 2 jombang yo buk” ibu Cuma jawab “ ojo nak, ojo adoh adoh seng cidek cidek bae”, akhir e aku aku dikokon sekolah nang SMP 1 Tembelang, pas pertama budal sekolah aku diterne ayahku numpak sepeda, ndue kenalan konco nyar, tapi sak terus e aku numpak len sak ben budal sekolah, pas kls 3 smp kajenge UN, aku ditinggal karo wong seng biasane motivasi aku lan gelem ngerungokne curhatanku pas aku lagi down down e yaiku Ayahku, ayahku jarene dokter kenek penyakit dalam, ayahku dimakamne nang lingkungan pondok pesantren Shidiqiyah. Akhir e yo nilai UNku yo jeblok, nang sekolah jombang aku gak onok seng ketrimo akhir e aku dikokon ibuku sekolah nang mojokerto. Pas aku isek kelas 1 SMA aku urip mung karo ibu nang omah ploso, masku seng nomer 1 lan nomer 2 kerjo nang Jakarta, seng no 3 kerjo ndek jawa tengah, masku seng no 4 isek kuliah nang Surabaya. Pas tanggal 29 ulan 11 2014aku ditinggal wong seng tau bimbing lan ngajari urip seng apik, seng nasehati aku, seng nyeneni aku pas aku ndablek, wanita tangguh yaiku ibuku, ibuku meninggal e nang Jakarta nang omah e masku seng no 2, tapi dikubur e nang ploso nang lingkungan pondok pesantren shidiqiyah dijejerne karo ayahku, pas ibuku gaonok rasane wes pengen gak sekolah ae, nang pikiranku “gae opo sekolah lek wes gandue wong tuo” tapi mas masku nasehati aku kabeh “ masio wong tuo e awakdewe wes gaonok tpi beliau isek iso ndelok awakdwe tpi awadwe seng gaiso ndelok beliau”. Jarene dokter e ibuku kenek penyakit dalam yaiku Kanker darah. Akhir e aku kelas 1 semester 2 dipindahne karo mas nang SMA 3 Jombang. Nang sma 3 aku ya isek down down e, aku wes kayak aras arasen sinau, tapi akeh koncoku seng gelem ngehibur aku gelem bangkitne semangatku, aku ket ciik ya ndue cita cita pengen dadi dokter, pas ayah meninggal kenek penyakit dalam aku tambah semangat pngen dadi dokter trus ibuku barang ya kenenk penyakit dalam ya aku malah semangat maneh, pengen ngerti kenek opose penyakit e wong tuoku iki, meskipun aku ya sedih wes gaiso bahagiane wong tuoku, gaiso lunggo kaji bareng bareng karo wong tuoku.

Sepunten e lek wonten kata kata seng nyelekit ten ati panjenengan sedoyo, ngapuntene seng katah :D
CITRA LIZA T / 29
SEKOLAHKU SEMANGATKU

Ing sawijining dina, Dion bocah kang pinter, sopan lan asor kuwi lagi ngelamun ing ngisore wit kapuk pinggir sawahe pak lurah. Wajahe sumelang kaya ana masalah sing dipikir. Nalika Pak Lurah lagi ndeleng tebune ing sawah Pak Lurah kaget ngerti Dion lang ngomong “Loh nak Dion, kenopo to kok tak sawang kaya mikir abot ngunu?” banjur Dion njawab “Oh Pak Lurah, mboten ana napa-napa kok Pak” jawabe Dion karo mesem. Pak Lurah ngendikan yen ono masalah kuwi ojo disimpen dewe, amarga iso marai setres. Dion ugi nywang Pak Lurah karo mesem “Ibu kula mboten saged nyekolahaken kula malih Pak” jawabe Dion. “Loh la kenopo to nak?” Pak Lurah kaget. Dion njawab amek kudu nangis “Ibu kula mboten sanggup malih mbayar biayanipun kangge sekolah kula Pak.” Pak Lurah banjur nenangake atine Dion lan janji yen PakLurah wis panen tebu bakal mbantu Dion lan ibune, banjur Dion diterake mulih karo Pak Lurah.
Dion kuwi bocah sing sregep. Karo ibune yo manut. Pancen sapaninggale Bapake Dion lan ibune urip serba kakurangan, ibune ora bisa kerja abot amarga duwe lara sesek. Gawe nyambung urip Dion dodolan es muter-muter desane. Bengine deweke sinau lan mbantu ibune nyepakake dagangan. Isuk e sawise sembayang subuh Dion nyepakake buku-buku lan sarapan. “Dion, ayo cepet sarapan!” ibu ngutus Dion. “inggih bu” jawabe Dion. Wektu Dion sarapan ibune ngendikan “Le, ibu ketone wis gak sanggup mbayar biayamu sekolah meneh le” ngendikane ibu karo sedih. Dion mesem karo nguasi ibune “Boten napa-napa bu, kula usahaake saged sekolah tanpa biaya sing katah”. “sakkarepmu le, ibu bakal ndukung sampeyan sampek sukses” omonge ibu kao ngelus sirahe Dion. Sawise sarapan Dion pamitan karo ibune banjur budal menyang sekolah. Ing sekolah Dion aktif takon-takon lan njawabi pertanyaan tekan guru-gurune. Kancane ya akeh sing ngajak sinau baren Dion.
Wektu istirahat gak sengaja Dion maca pengumuman yen iso oleh peringkat paralel deweke oleh reward gratis SPP setaun. Akhire Dion dadi luwih semangat maneh olehe sinau. Saben mulih sekolah Dion mesti nang perpustakaan gawe sinau, nggarap tugas utawa nyilih buku kanggo sekolah. Sawise tekan kunu deweke banjur ngedolne dagangane muter-muter desone sampek dagangane entek. Tekan omah Dion sinau meneh, ibune seneng nyawang Dion semangat gawe sekolah. “Le sampeyan saka mau kok durung mangan ta? Wis dicepakake karo ibu kawit mau lho”. “Inggih bu, kula tasik mgerjakaken tugas” jawabe Dion karo maca bukune. Akhire ibune melebu kamare lan ndulang Dion supaya gak lali mangan.
Senen mene iku wis ulangan kenaikan kelas, Dion atine wis nderedeg amarga deweke durung ngelunasi SPP lan sak sembarange. Tne Dion wis gak kepenak sampek kegawa mulih. Pas deweke mlaku mulih lewat sawah deweke ketemu Pak Lurah maneh “Dion!” pak Lurah nyeluk Dion. “Wonten napa Pak Lurah ?” jawabe Dion. “Ikilo aku kate menehi dhuwit awakmu kanggo mbayar sekola” pak Lurah banjuh menehi dhuwiy marang Dion. “Maturnuwun Pak Lurah sampun mbantu kula lan ibu. Maturnuwun sanget Pak” jawabe Dion karo salim. “Iya nak, digawe sing temenan yo dhuwite” ngendikane Pak Lurah marang Dion. Sawise iku Dion langsung mulih, atine seneng banget. Tekan omah Dion sinau mempeng gae nyiapake ujiane. Deweke sinau lan ndungo marang Gusti Allah gawe ujiane iku. Senen isuk Dion pamitan lan njaluk dunga marang ibune supaya isa ngerjakake ujian kuwi “Buk, kula nuwun dunganipun nggeh” jare Don karo salim marang ibune. “Iyo le, ibu mesti ndunga supaya kowe oleh hasil sing apik” jawabe ibu.

Sawise seminggu mari ujian, pas rapotan ibune Dion kaget banget amarga Dion bijine palin apik sak sekolah. Ibune seneng banget. Akhire Dioan isa mujudake kapinginane gawe nerusake sekolahe tanpa biaya sing ngaboti ibune. Iku mau sekilas critane Dion sing kapingin isa sekolah terus. Yen awakdewe duwek kapinginan sing kuat kudu diimbangi karo dunga lan usaha sing temenan. Lan aja lali manut kkaro wong tuwa.
Za'imatul Hakimah Septiani (28)

Jam Weker

Tak pandeng kanthi jero langit wengi kang peteng lan elok. Kanthi tampilan lintang - lintang ing langit lan bunder e rembulan kang sampurna.Bangunan-bangunan pencakar langit ingkang inggil dipajangi karo kelap-kelip lampu kutha. Tak rasakno semilir e angin wengi kang ngenai pasuryan lan rambut dowo ku. Hawa kang adhem ngenani pori-pori kulitku.

            Keprungu swarane sikil saka mburiku. Tak ambakake mripatku nalika aku weruh menawa iku Tia, kancaku. Katon saka tangan lorone nyangking barang gedhe werna biru. Tia mlaku tumuju aku, banjur lungguh ing sisihku. Katon ing sorote mripat sawijining kabejan. Rumangsa keganggu karo pandelengku, dewekne noleh menyang aku lan mandengi aku banget.

            “Ana apa? Kok kowe mandeng aku kaya ngunu?” pitakone nyadarake aku.
            “Kowe ora apa-apa?” pitakonku heran marang dhewekne.
            “Apa maksudmu? mesti aku apik-apik wae.” Semaure alon.
            Rodok aneh, nanging aku ora nggatekake.
            “Hil, aku duwe barang kanggo kowe.” Semaure Tia.
            “Oh, apa kuwi?” pitakonku lirih.
            Tia mbuka barang biru sing dicangking mau. Tak deleng ana sak kothak roti cilik lan 4 kaleng soda.
            “Sugeng tanggap warsa Hilda!” semaure Tia alon menehake sak kothak roti cilik sing tak deleng mau.
            “Ohh… maturnuwun, Tia. Jebulane kowe iling, tak kirakno ora ana sawijining wong kang iling ulang tahunku.” Semaurku rada memelas.
            “Halah kowe iki… ora apa-apa, wes ben wae. Paling ora ana aku sing iling marang ulang tahunmu. Nah, saiki sebulen lilin e!” semaure Tia ngibur aku.
            Nyenengake banget ngrayakake ulang tahunku bareng karo Tia. Deweke ngrencaknakake sekabehe, malah durung tak pikir jalaran pribadine Tia dewe katutup saking kumpulan karo liane lan kadang ora nate peduli marang bab sing ora penting kanggo deweke.
            “Tia, Maturnuwun!” semaurku.
            “Ojo kaya ngunu, iki ombenen!” tanggape nyodorake sekaleng soda marang aku.
            Yo, iki kebiasane awake dewe. Nalikane kita sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane kita tansah ngrayakake ing nduwur payonan omah keluargane Tia.
            “He da.” Gemreneng e Tia.
            “Hmm?” wangsulanku.
            “Apa kowe rumangsa ana sing kurang?” pitakon e Tia marang aku.
            “Ora, kowe rumagsa?” Takonku balik.
            “Ndedungo marang Kang Kuwasa, bodho!”  semaure Tia nyawang aku kuciwa.
            “Ah… iyo, sepurane” semaurku balik nyawang dewekne
            “Ora opo-opo, delehen ngombemu! Ayo diwiwiti!” Ajak Tia.
            Tak deleh ngombeku lan ngrubah posisi lungguhku ngadhep marang Tia, semono uga dewekne ngrubah posisi lungguhne ngadhep marang aku.
            “Becike tutupen mripatmu! Opo wae kang kedadean ojo kok bukak mripatmu sakdurunge aku rampung, oke?” semaure Tia sing mung tak bales karo manthuk.
            “Kanggo Hilda sing tak trisnani, sungeng tanggap warsa. Muga-muga kowe bakal dadi wong kang luwih apik ing sakteruse. Aku ngerti, kowe duwe masalah karo kulawargamu, nanging pengarep-arepku kowe bisa nampa kanthi bijak. Ojo nganti kowe ngrasakake kaya opo sing tak rasakake saiki. Tansah dewean senajan diubengi dening wong akeh. Pengarep-arepku kowe ora bakal ngrasakake nalika sing nggugah kowe yaiku jam weker, dudu belaian drijine ibu.” Semaure Tia nahan tangis.
            “Sak ora-orane kowe nduweni kulawarga sing tansah tresna marang kowe. Lan sing tansah aku arep-arep, aja nganti kowe nduweni pamikiran dadi kaya aku. Senajan ketok e kaya ratu kang adhem, sakbener e aku mung kaya tikus elek rupane kang manggon ing peceren. Dewekan, tanpa ana kanca.” Teruse Tia mingset-mingset.
            “Sing tansah ngenteni obahe jarum jam ndadekake dering jam weker kanggo ndeleng mesem e wong lanang ing ngarepku. Ngenteni kumlawene tangan ngelus rambutku alus nalika aku nangis, dudu ngombe soda ing nduwur payonan omah. Ngenteni wong lanang nggeret tanganku alon nalika ndeleng rapotku sing apik, dudu malah ditinggal dewekan ing sekolahan amerga angka rapotku sing elek.” Omonge nganggo swara sing dibanterake.
            “Aku weruh kowe wis bisa ngrasakake apa sing pingin tak rasakake, nanging kowe durung bisa ngrasakake apa sing saiki tak rasakake. Lan pangarep-arepku iku ora bakal kedadean. Aku pancen meri tenan ndeleng kowe ngarasakno opo sing pingin tak rasakake. Apa kowe saiki nyesel wis kenal karo aku?” pitakon e Tia sing ora liya yaiku kancaku.
            “Aku ora ngomong iku” semaurku panik.
            “Nanging kowe nulis ing buku harianmu. He bodho! Lereno entokmu nyandiworo!” semaure Tia ninggalake aku.
            “Tia……” celukku marang Tia
            “Sepurane, aku wis ngeremehake sawijining wong kang pancen trisna marang aku. Aku pancen wis kesel banget, lilanono aku lungo. Nalika jam weker muni,  persis ing jam 12 wengi, mandek lan tangio! Aku pamit Hilda!” semaure Tia kang nyeblokake awake saka nduwur payonan omah sing nduweni jubin 2 tumuju tanah rata ing ndisor.

            Kring… Kring… Kring…
            “Tia…” aturku minangka muni jam weker nangikno aku.
            Tanpa sadhar aku nangis, aku iling marang mimpiku mau.
            ‘Opo iku mau ngimpi?  Rasane kok koyok temenan.’
            Tak deleng jam sing nuduhake ing wektu 12 wengi.
            ‘Aneh, padahal aku ora ngatur jam weker luwih awal. Opo yo mungkin…?’
            “Hilda, bukaen lawange!” panjerite Ibu ing ngarep e lawang kamarku
            Naliko tak buka lawang e, ora ana sinar opo wae sing tak temokno.
            “Surprise… sugeng tanggap warsa, Hilda!”
            “Tia……” kagetku menawa ngerti yen ana Tia ing ngarep lawang kamarku karo nyekel sak kothak roti kaya sing ana ing mimpiku.
            “Sugeng tanggap warsa sing ke 17 taun yo hil! Dhowo umure, mugi-mugi tansah binerkahan, bhakti marang wong tuwa loro, tetep dadi kancaku sing paling tak trisnani, sukses UNBK 2017, lan dilancarake sekabehe urusan dening Gusti Allah!” pandongane Tia marang Aku.
            “Amin… maturnuwun yo ti kanggo surprise e! aku seneng banget kowe ora lali marang ulang tahunku hehehe” semaurku marang Tia.
            “Ora mungkin lah aku lali marang ulang tahune koncoku sing paling njengkelno iki wkwkwk… saiki ndang ndedungo marang Kang Kuwasa lan sebulen lilin e!” semaur e Tia.
            Aku banjur nggawe panyuwun marang Kang kuwasa lan nyebul lilin, wengi iku dadi wengi sing paling nyenengno kanggo aku, bisa ngrayakno ulang tahunku sing ke 17 taun bareng kulawarga lan kanca sing paling tak tresnani. Ora butuh acara kang gedhe kanggo ngrayakno ulang tahun, asal karo wong-wong kang kita tresnani, iku wes cukup kanggo aku.
            Aku yo seneng banget nduweni kanca kaya Tia, kang ana nalika aku sedih, seneng, nangis, ngguyu utawa liyane, deweke tansah ana ing jejerku. Aku ngerti yen sejatine Tia nduweni masalah sing akeh, nanging deweke ora tau nduduhno sungkowone marang wong liyo amarga Tia iku wong kang kuat banget. Aku ora bakal nyia-nyiakne kanca sing kaya Tia, aku tresna banget marang deweke. Maturnuwun ti, kowe wis dadi kanca sing apik banget kanggo aku! (:


                                                                                                                        -Rampung-
Willy Ratno P/ 27
Usaha

Allahu akbar allahuakbar........ suoro adzan wes kumandang,howo adheme subuh ora iso ngalahno niatku madhep marang gusthi pengeran,aku langsung tangi,wudhlu banjur mangakt menyang mushola ing ngarep omahku. Banjur sholat aku mbyantu ibukku resik resik omah. Wektu wes nunjukake jam 5.00 aku banjur adus amarga arep mangkat sekolah. “ buk,kulo badhe mangkat datheng sekolah,kulo nyuwun pangestune panjenengan nggeh,” pamitku marang ibuku .
                Jenengku angga aku kelas 3 sma ing sawijining sma negeri favorit ing kuthoku. Aku urip karo ibukku lan simbahku,bapakku uwes suwe tilar dunyo wektu aku isih bayi,ibukku sng dadi tulang punggung kaluwargoku,ibukku dadi penjahit gae nguripi kaluwargoku.Wektu aku smp sampe kelas 2 sma aku ora ngerti cita citaku mbesok pingin dadi opo,amarga aku kelingan omongane ibuku “ le... sinau sing sregep,ora perlu mikir arep kerjo opo,arep dadi opo,pokoke kowe kudu pinter,mbesok kerjaan  kuwi bakal marani kowe dhewe”. Nanging saiki aku wes nentokno targetku pingin dadi pilot,kadang aku ragu karo tergetku iki,amarga biaya sekolah e ora murah,aku mung iso yakin marang pilihanku lan usaha sak isoku.
                Aku wes tutuk sekolahku,ucape ibukku krungu terus ing kupingku nganti sakiki. Aku bakal sinau sng sregep ben iso mbhagiak ake kaluwargoku. Kriingg bel ngaso wes krungu. Aku isih ing njero kelas nggarap tugas sing jek entas di wehno. Ora suwe konco ku marani aku.
                “ngga,kowe melu snmptn ora besok iku wes wayahe? Takone lukky konco cidekku.”mboh,nanging aku wes manthep ing sekolah pilot,yen aku ketrimo ing snmptn lan sekolah pilot aku kudu milih sng endi?”, Balesku. “ yo ora ngopo to,gae jogo jogo wae”. Balese koncoku. Aku mung meneng bingung kudu melu opo ora. “ halahh wes ora usah di pikir,ayo melu ora?”.ajake lukky. “nandi ndes?” takonku. “nang kantin lah arep nandi meneh?”.balese. “duwit gambar ladhing kuwalik ta ndes,ora due duwit aku”. Omongku .”halah lambemu,gak oleh ngomong ora due duwit iku,ora nyekel duwit iku baru bener”. Balese lukky.” Halah opo bedane ndes”. Balesku karo nglebokno buku ng tasku.” Yo bedho talah, wes wes debat e engkok ae,ayo saiki nang kantin,tak bayari pisan pisan”. Balese lukky karo mbatek tanganku ngajak nang kantin.” Tenan ta,dungaren luman”. Balesku.
                Ora kroso wktu wes sore,uwes wayahe moleh,aku isih nyempetno sholat ashar ing sekolahan. Banjur sholat aku moleh lan kondho marang ibukku “ buk badhe wonten snmpt,miturut panjenengan kulo tumut nopo mboten?”. “ teko melu o ae lee”. Jawabe ibukku. Aku nuruti omonge ibukku aku melu snmptn njupuk jurusan pertambangan.Wektu pengumuman ketrimo e snmptn,alhamdulilah aku ketompo ing ptn ternomo ing indonesia. Saiki kari ujian nasional e,aku bedho marang konco koncoku sng wes melu bimbingan belajar gae nyiapno ujian nasional,aku sinau dewe nang omah amargo aku ngerti ekonomine kaluwargoku,terus aku manfaatno pelajaran tambahan sing di sediakno sekolah.
                Wektu mlaku cepet banget sesok wayahe ujian nasional,aku wes siap gae ujian sesok. Koyo biasane aku mung iso mbyantu resik resik omah,banjur aku sinau karo ngancani ibukku njahit klambi garapane. Ora kroso wes ganti dino,wes wayahe ujian nasional.”buk kulo bahe nglempahi ujian,kulo nyuwun pangestu panjenengan nggeh?” pamitku karo ngambung tangan e ibukku. Lan alhamdulillah aku biso lancar nggarap soal soal ujian. Pancen bener omonge uwong uwong restune ibu kuwi yo restune gusti allah.
                Wektu mlaku ora kroso saiki wes mari ujian nasional,aku mung iso dungo marang gusti lan pasrah marang keputusane,sing penting aku wes usaha lan dungo. Sawise ujian nasional aku ora mandhek sinau lan golek golek informasi tentang pilot,opo sing di butuhno ben klebu ing sekolah kasebut.
                Wektu penguman sing wes ditunggu tunggu wes tibo,alhamdulilah perjuanganku ora sia sia. Nilaiku wes iso kalebu syarat mlebu sekolah sing tak karep ke.aku daftar nang ke sekolah pilot,amargo biayae ora sithik ibuku mecah celengane kanggo biaya daftar sekolahku. Biji wes memenuhi kari tes e. Tes e onok pirang pirang lapis. Sing kesiji tes tulis,alhamdillilah aku ketompo tes kesiji iku.banjur tes sing keloro iki tes wawancara basa inggris,aku wes nyiapke gae tes iki nanging sak durunge tes gusti allah mudhut simbahku,iki garai aku down,bingung kudu fokus marang sopo. Wektu e tes keloro, gara gara aku ora fokus ng tes iki aku ora klebu.
                Aku putus asa amargo ora klebu ing sekolah sing tak karepke,isih ono cadangan e yoiku snmptn. Aku nekuni sekolah pertambangan ing kutho liyo ninggal ibukku dewe ng omah. Sekolah sing giyat lan tekun iling perjuangane wong tuwo gawe nyekolahno aku.aku sekolah daksambi kerjo ben ora ngaboti wong tuwo,ora iku tok,aku yo golek golek info beasiswa kanggo ngenthengno beban. Prestasi,biji ku munggah saben semester, ing semester 3 aku oleh beasiswa teko perusahaan pertambangan ternama ing asia tenggara  lan wes di janjeni sawise lulus bakal langsung kerjo ing kunu dadi asisten meneger. Alhamdulillah gusti allah paringi dalan liyo gae aku sukses.

Ora kroso aku wes lulus banjur aku kerjo ing perusahaan sing biyayani aku kuliah,gaji ne wes lumayan,di sedhiani omah lan kendaraan. aku ngajak ibukku melu aku ing omah iku. Ora suwe aku wes iso munggah pangkat dadi manager.Iki wes wayahe aku bahagiakno ibukku. Aku paham iki to ujare ibukku yen kerjaan bakal teko dewe. Iki ora lain teko dungone ibukku lan hasil usahaku.
WANODYA KARCHANNA R / 26

KEKONCOAN

Jenengku Wanodya, salah siji murid ing SMAN 3 JOMBANG. Ket kelas siji, aku kepengen melbu nang organisasi siswa intra sekolah utawa disingkat OSIS. Akhire alhamdulillah sakmarine ngelok i tes kabeh, aku kalian kanca kan aku arek 29 lolos tes. Kelas siji, aku lan kanca kanca isih belajar ngerteni kepriye carane nggarap acara sing ana ing sekolah, kepriye carane nggawe acara sing sukses nang sekolah, lan lia-liane.
Waktu muter terus, akhire aku munggah kelas loro. Munggah kelas, aku lan kanca kancaku ya munggah jabatan lan nambah tugas nang OSIS. Sing asale apa apa biyen direwangi mbak mas seniorku, saiki aku lan kanca kanca ku sing dadi senior lan kudu ngewenehi contoh sing apik matang adhik adhik kelas sing bakale dadi pengurus OSIS. Sing asale jumlah e 30, aku lan kanca kancaku kudu kepisah dadi karen 16 arek. Sedih banget sing asale biyen bareng bareng setaun, tekan gak isok dadi isok, tekan gak ngerti sampek ngerti, apa apa ya bareng, diseneni bareng, guyon bareng lan akeh maneh.
Arek 16 iki mau ana Aku, Trisya, Yunanda, Dena, Yuyun, Abel, Anika, Atik, Iqbal, Andika, Friday, Pendik, Rami, Nazar, Taufiq, lan Yuda. Awal awal dadi senior rasane uabot apa maneh belajar ngandani adhik adhik lan ngajari. Tapi gara gara organisasi iki lan tugas tugas e aku nemu sing jenenge kanca temenan malah luwih lan saiki wis tak anggep dulur. Yo iki arek 15 kanca seperjuangan, kanca susah, seneng, sedih. Apa wae kondisiku kabeh ndukung aku ngewenehi solusi lan sakwalike nek enek kanca liane kayak ngunu kabeh yo bakal bantu.
Sampek pas awakdewe kabeh nang puncak bosen, bingung apa sing kudu dilakoni. Akhire dipikir alon alon lan bareng bareng kepriyale carane ben awakdewe tetep raket masuk kudu tukaran tukaran ndisik tapi kudu ngehasilno keputusan sing apik gawe kabeh wong 16 iki.
Rong taun bareng rasane seduiluk, padahal yo mben dino ketemu. Haha lucu ancen. Jarene wong wong sing ndelok, “ati ati lo yo, arek 16 koncoan lanang wedok mengko salah siji enek sing podo seneng e” tapi aku lan kanca ku gak enek sing nggatek, iku wis gak penting gawe awakdewe. Sing penting awakdewe rukun, apik apik ae, seneng terus lan mugo mugo sukses sak terus e. Aamin aamin ya robbalalamin.
Akhire waktu iku yo cepet banget muter, padahal rasane kaet wingi kenal arek arek iku kok yo sakki wes munggah kelas 3, maringene wes ape pisah, ape ngelanjutno sekolah e dewe dewe. Maringene wes bakal jarang ketemu, bakal angel ketemu lan geguyonan bareng. Tapi tugas e awakdewe dari anak iku kudu nyenengno wong tuwo. Gelem gak gelem awakdewe kabeh kudu pisah mben lan ngelanjutno sekolah e dewe dewe. Pesenku mung sini rek, mugo mugo masuk awakdewe pisah adoh lan suwi kekancanan e awakdewe gak bakal ilang. Ojo ngelalikno kanca kancamu, dulurmu iki. Masuk adoh iling o nek awakmu kabeh susah kabeh yo bakal ngerasakno susah lan awakdewe kabeh siap ngerewangi. Ojo wedi rek.
Semangat rek, mugo mugo cita citamu kabeh kelakon, mugo mugo opo sing ok karepno dikabulno matang Gusti Allah, ojo ngelalikno kanca kancamu iki, sukses kabeh sukses terus. Mben ketemu inshaaAllah wes podo sukses wes podo seneng wes podo isok nggarai wong tuwane dewe dewe bangga.

Sukses terus kanca kan aku. Sukses terus dulur dulurku. Aku sayang awakmu kabeh. 
VARMELIA PUTRI INDRIANA / 25

“KANCA”

Ing teras omah, semilir angin lewat ngenani godong ing wit-witan. Dahlia lungguh kursi ing teras. Ora ngerti kena apa Dahlia iling marang bocah iku, bocah kang wis dadi kancaku kawit aku cilik. Bocah kang mesthi njaga aku nalika Dahlia kena masalah, nalika Dahlia susah. Bocah kuwi mesthi ana kanggo Dahlia. Bocah kuwi yaiku Galang. Dahlia lan Galang kuwi sahabatan kawit Dahlia lan Galang isih pada cilik. Dahlia manggon ing omahe Pak Alfan, yaiku bapake Galang. Dahlia bisa manggon ing omahe Pak Alfan amarga Dahlia diajak Pak Alfan kanggo manggon ing omahe. Wektu iku aku dititipake ing Pak Alfan dening bapak lan ibune Dahlia amarga bapak lan ibune arep menyang kampunge. Bapak lan ibu menyang kampung merga simbahe gerah. Tapi ing perjalanan bapak lan ibune kecelakaan lan langsung seda. Dahlia bingung arep tinggal ana ngendi, tapi Pak Alfan ngongkon Dahlia tinggal ing omahe.
Ning omah iku Dahlia ketemu karo Galang. Galang kuwi bocah sing ora gelem ngalah. Yen dheweke dulinan mesthi dheweke kudu menang ora gelem yen kalah. "Galang, aku menang. Aku iso ngalahno kowe", ucapku. "Aku ora kalah, iku mau kowe ae sing bejo. Ayo tanding maneh karo aku", jawabe. "Aku wis pegel ora usah tanding maneh ayo mulih wae. Engko bapak nesu", ajake Dahlia. "Aku emoh, aku isih pingin tanding karo kowe". "Tapi iki wis sore Galang, ayo mulih wae". "Tapi Dahlia...." " Wis ta ayo muleh, Lang". Tangane Galang langsung digandeng lan diajak mulih karo Dahlia.
Pas sampek tekan omah Ibu wis ana ing ngarep omah karo mondar-mandir. "Assalamualaikum", ucape Dahlia lan Galang. "Walaikumsalam, tekan ngendi ae kowe le? Apa kowe ora ngerti yen ibu kuwatir". "Nggih bu. Aku karo Dahlia mari kasti ing lapangan". "Kok nganthi sore ta nak?". "Nggih bu, Galang lan Dahlia istirahat disek ing warung sebelahe lapangan". "Ya wis, ndang adus lan langsung mangan ya le. Dahlia kowe uga ya". "Nggih bu".
Wis mari resik-resik lan mangan, Dahlia langsung nang kamar lan sinau kanggo mene sekolah. Tapi ujug-ujug, "Dahlia, ayo mene tanding karo aku maneh. Yen aku menang kowe kudu nuruti apa wae sing dak jaluk". "Ayo, tapi yen aku sing menang kowe kudu nuruti apa sing dak jaluk. Piye setuju?". "Iyo aku setuju. Mene mulih sekolah langsung nang lapangan". "Oke, aku bakal teka. Wis ndang sinau kana". "Emoh, aku pingin nang kamarmu wae". "Ya wis, sak karepmu, Lang". Aku balik sinau maneh tapi Galang isih tetep gelendangan ing turonku. Sampek aku mari sinau, dheweke isih tetep ing turonku. "Galang, kowe ndang balik nang kamarmu kana lho". "Aku isih pingin nang kene Dahlia... Aku isih pingin turu nang turonmu". "Turu nang turonmu dewe kana lho". "Aku emoh, aku tetep nang kene". "Galang.....". Ora kesuwen Galang langsung tak seret lan tiba saka turonku. Aku banjur mlayu mudun lan arep nabrak bapak. "Kowe iki lapo Dahlia kok mlayu-mlayu ing njero omah?". "Galang pak, kulo dikejar Galang", jawabku. "Dahlia..... awas kowe ya". Galang melu mudun lan ngerti aku kari bapak. "Galang wis ta aja mlayu-mlayu kaya ngunu. Kene bapak pingin ngomong". "Ngomong babagan apa ta, pak?".
"Ngene le, bapak lan ibu arep nyekolahke kowe menyang sekolah ing Paris". "Tapi apa ora kadohan pak, aku sekolah ing Paris? Aku karo Dahlia kan pak sekolah nang Paris?". "Ora le, Dahlia tetep nang Jakarta kanggo nagncani ibu lan bapak. Kowe sekolah nang Paris dewean ora bareng Dahlia", ucape ibu. "Ya wis bu. Tapi kapan aku budal menyang Paris?". "Minggu ngarep le, kowe budal menyang Paris". "Ya wis bu, aku arep menyang kamar". "Iyo le, ndang turu mene tangi supaya seger". "Nggih bu".
Mulih sekolah, ing lapangan Galang wis ngenteni Dahlia karo nggawa bal kasti. Ngerti Dahlia teka adohan Galang langsung marani Dahlia. "Cepet ta Dahlia, aku ning kene wis ket mau" "Iyo Lang, iki aku wis nang kene. Ayo ndang dimulai". Galang langsung mulai kasti. Nilaine Galang isih kalah saka Dahlia tapi dheweke tetep ngejar lan akhire bisa ngalahno Dahlia. "Aku wis bisa ngalahno kowe, berarti kowe kudu nuruti apa wae sing dak jaluk". "Iyo wis", jawabe Dahlia rada mrengut. "Ya wis, ayo mulih wis sore". Dahlia mung mantuk-mantuk.
"Le, apa kowe nyiapno barang sing arep kok gawa menyang Paris?", pitakone ibu. "Sampun bu, kurang sithik maneh wis lengkap". "Ya wis, nek ana sing kurang kandha ibu ya". "Nggih bu".
Seminggu wis kelakon lan iki wektune Galang budal menyang Paris. Sadurunge budal Galang pamit lan masangno gelang ing tangane Dahlia. "Aja dicepot gelang iki, nek ora aku aku sing nyepot lan ngganti gelang iki". Dahlia mung mantuk-mantuk karo nguwasi Galang. "Aku budal ya, aku titip bapak karo ibu" "Iyo Lang, kowe ati-ati ya nang kana. Aja lali mangan lan sholat" "Iyo cerewet. Wis ora usah nangis ngunu aku bakal balik" "Sapa sing nangis, aku ora nangis kok". Mari pamit Galang langsung budal menyang bandara.
Galang bakal sekolah ing Paris 5 tahun. Wektu sing suwi banget kanggo Dahlia. Dahlia ora bisa ngerti apa wae kang dilakoni Galang ing kana. Akeh surat kang ditilis Dahlia kanggo Galang tapi ora dikirim. Wektu lagi nulis surat, Dahlia ora sadar yen bapak ana nang kamare. Surat sing ditulis mau langsung dideleh ing nisor bantal. "Sing disimpen iku mau apa nduk?", pitakone bapak. " Mboten napa-napa pak. Niku mung suwekan kertas". " Ya wis nduk gek ndang turu, supaya ora kawanen sekolahe mene" " Nggih pak". Bapak meyu tekan kamar lan mateni lampu kamare Dahlia. "Untung bapak ora ngerti yen iku mau surat gawe Galang. Wis tak turu wae aku, engko bapak rene maneh ye aku ora turu".
Ora krasa 5 tahun wis kaliwatan, iku berarti Galang arep mulih mentang Jakarta. Tapi Dahlia ora ngerti kapan pastine Galang bakal mulih ing Jakarta. "Pak, Galang kapan bali menyang Jakarta?". "Seminggu maneh Dahlia. Ana apa ta kok kowe ora sabar ngenteni Galang mulih?". "Mboten pak, kulo mung tanglet mawon".
Akhire wektu sing dienteni teka, Galang mulih. Dahlia seneng banget Galang mulih menyang Jakarta. "Assalamualaikum...". "Walaikumsalam, Galang. Akhire le kowe wis bali saka Paris. Pak, Galang wis teka", ibu katon seneng banget. "Galang anakku kowe wis mulih. Bapak kangen banget le karo kowe". "Nggih pak, aku yo kangen karo bapak lan ibu. Dahlia ana ngendi pak? Kok ora tumon aku”Dahlia isih menyang pasar le blanja”jawabe ibu “piye ta Dahlia iki ngerti aku arep mulih kok tambah ditinggal metu blanja. Ya wis bu, aku arep menyang kamar", ucape Galang karo rada mrengut lan mlaku nuju kamare.
"Assalamualaikum. Bu, niki blanjane". "Wis ta? Delehen pawon wae". "Nggih bu". Aku langsung nuju kamar sawise tekan pawon. Pas mlaku nuju kamar, Dahia krungu ana suara ing kamare Galang. Pas arep dibuka, lawang kamar buka dewe. Ujug-ujug Galang metu. "Galang, kapan kowe teka?", Galang meneng wae. "Galang, kowe kena apa kok meneng wae dtakoni? Lang...", pitakone Dahlia. "Aku teka wis ket mau, kowe nang ngendi wae aku teka ora nang omah malah ditinggal", jawabe karo mrengut. "Aku mau isih menyang pasar blanja kanggo masak engko bengi. Wis ta aja mrengut ae, ayo dak masakno masakan senenganmu". "Ya wis ayo, tapi masake sing enak ya", saure Galang.
Isuke Galang langsung nang kamare Dahlia. "Dahlia, aku duwe gelang gawe kowe. Kaya pesenku biyen gelangmu ora dicepot se?". "Ora gelange isih dak gawe". "Aku saiki pingin ngganti gelangmu karo gelang iki". "Apik Lang gelange, aku seneng". "Aku kan ngerti apa sing disenengi lan sing ora karo Dahlia". "Halah, kowe wingi dak tinggal mrengut ae", ucape Dahlia karo ngguyu. Galang yo ngguyu. "Ya wis, aku nang kamar disik ya". "Iyo, suwun ya Lang". Galang mung mesem.
Tanpa disangka Galang duwe rasa gawe Dahlia, Galang sadar duwe rasa iku pas dheweke ana ing Paris. Nanging ibune Galang wis jodohake Galang karo bocah wadon pilihane. "Le, apa kowe ora pingin nikah? Ibu wis pingin nguwasi kowe duwe kaluwarga". " Nggih bu, aku pingin". "Apa kowe wis duwe calon le?". "Sampun bu". "Sapa le, Anita ta calonmu?". "Mboten bu, calonku Dahlia". " Apa kowe arep nikah karo Dahlia?". "Nggih bu, aku arep nikah karo Dahlia". "Ibu ora setuju le nek kowe nikah karo Dahlia. Ibu ora setuju, ibu pingin kowe karo Anita wae". "Tapi aku mboten seneng Anita bu, aku seneng kari Dahlia", jawabe Galang lan langsung mlaku nuju kamare.
Sawise debat karo Galang ibu omong karo bapak. "Pak, Galang ora gelem dinikahno karo Anita". "Nek ora gelem ya wis ta bu. Apa Galang duwe pilihan dewe?". "Duwe pak, Dahlia pilihane". "Ya wis bek iku pilihane Galang ya ora apa ta bu. Bapak setuju". "Bapak iki ora ngerti ibu". "Wis ta bu ijinana Galang karo Dahlia. Dahlia ya wis kenal sapa Galang piye sifate Galang". "Ya wis pak, aku melu bapak ae. Pokoke Galang seneng ibu ya seneng". " Ngunu kan enak ta bu. Ya wis ayo turu".
Isuke ibu langsung omong nang Galang yen ibu wis setuju Galang nikah karo Dahlia. Galang seneng banget karo berita iku dheweke langsung nuju kamare Dahlia. "Dahlia apa kowe gelem dadi calonku?". "Calon apa Lang, maksude?". " Calon pasanganku". "Apa kowe ora salah, ibumu wis jodohake kowe karo Anita. Aku ngerti saka ibumu dewe". "Ibu wis setuju aku nikah karo kowe, ibu dewe wis ngomong nang aku nek ibu setuju". "Kowe aja aneh-aneh Lang, aja nentang pepinginane ibumu". Galang langsung ngajak Dahlia mudun. "Bu, Dahlia ora percaya yen ibu wis nguwehi restu gawe aku karo Dahlia". "Iya Dahlia, ibu wis nguwehi restu kanggo kowe pan Galang. Ibu seneng banget kowe bisa dadi bagian saka kaluwarga iki". "Nggih napa bu, Ibu sampun ngerestui kulo kaliyan Galang?". "Iya nduk, wis dak restui kowe". "Wis, kowe percaya yen ibuku wis nguwehi restu?". "Iya Lang, aku percaya karo kowe. Aku seneng banget bisa dadi bagian saka kaluwarga iki."

Akhire Dahlia nikah karo Galang. Kekarone katon seneng banget bisa dadi pengantin. Ibu lan Bapak uga seneng bisa nguwasi Galang urip seneng karo Dahlia.
SISCA NOVIYANTI SR / 24

MENTOK NOMOR SIJI

Ing desa sing cidek kuto, tepate ing desa Manggali, ana restoran ingkang katah diparani pengunjung. Wisatawanpun katah damel mengunjungi restoran kasebut damel nyicipi menu spesial  olahan mentok. Ora mung menune sing spesial iku, pelayanane dan  pemandangane sing elok agawe para pengunjung ngeroso bungah. Pak Ramlan sing gadah restoran kasebut, pinter ngedekorasi restorane sing bertema omah jadul tapi tetep ketok elok. Dheweke iku wong kang becil lan mentingno nasibe wong liyo. Nyatane pegawai restorane yaiku penduduk saka desa Manggali sing ora nduweni pekerjaan, nanging chefe yaiku chef profesional saka kuto. Meski dheweke sampun saget disebut tiyang sepuh, tapi dheweke gigih mbangun restorane supoyo luwih maju. Tapi kesuksesanipun ingkang dicapai Pak Ramlan mboten luput saking bantuanipu Afita. Afita sing menyetok mentok-mentok unggul ingkang dheweke ternak. Afita yaiku mahasiswa ekonomi ing Universitas MASS, dheweke saget kuliah amargi oleh beasiswa. Damel kebutihane saben dino, Afita kaliyan ibune nerusaken usaha ayahe yaiku ternak mentok. Saben mulih kuliah Afita ganteni ibune ngeramut mentoke. Mentoke iku wes terkenal ing deso lan kuto. Katah restoran sing memilih mentok e Afita, amargi mentok kasebut ora ana tandingane.
Sawijining dino Pak Ramlan ngrasa dheweke wis ora bisa nerusake usahane, dheweke pingin anake sing nerusake usahane. Andien anak semata wayange Pak Ramlan sing kuliah ing Amerika. Sebenare Pak Ramlan mboten saget percoyo ing Andien, mergane dheweke nggadah sifat sing ala. Tapi gelem opo ora Pak Ramlan kudu marisaken usahane ing Andien.
Akhire waktu liburan kuliah, Andien balik ing Indonesia. Ing bandara Andien disusul Roshita(ibune). Roshita sampun kangen sanget marang Andien. Andien menghampiri Roshita, Roshita langsung meluk erat.
“Ibu kangen kowe Andien”  ujar Roshita karo nglepas pelukane.
 “Miss u too mom, yok nopo kabaripun bapak, bu?” Takoke Andien.
“Gayamu mentang-mentang sekolah ing luar negeri dadi nggawe basa inggris, bapakmu kabare apik-apik wae, opo kowe ora pingin ngerti kabare ibumu, kok yo dorong-dorong wes takok kabare bapakmu?” ujar Roshita karo nggondok
“Ibu lak ten mriki kale kulo se, ngge jelas ibu sehat to” jawabe Andien lan nggudo ibune.
 “yowes ayo mulih.” Ajake Roshita
            Ing njero mobil Andien nyritakake kabeh sing dialami ing kono. Sampai ing omah Andien langsung ing kamar lan istirahat. Menene Andien sing kaet tangi diutus bapake ngunjungi restorane.
“Jam yamene kaet tangi, pingin dadi opo kowe? Ojo males-malesan yen pingin sukses, kono nang restoran!” Ujar Pak Ramlan
“Tapi Pak, kulo wonten janji kale konco-konco jam 10.” Jawabe Andien
“Wes kono ndang nang restoran, ojo dolen ae.” Utuse Pak Ramlan
“Tapi Pak…..” elakane Andien dipedot.
 “Wes… gak usah tapi-tapian, ndang ados langsung nang restoran!” Pak Ramlan muring-muring.
“Ono opo toh kok rame-rame?” Takoke Roshita.
“Niku bu, Bapak niku mosok kulo diutus dateng restoran sakniki, kulo kan badhe dolan kaliyan konco-konco jam 10.” Jelase Andien.
“Pak, barno Andien dolan karo konca-kancane riyen, dheke kan suwi ora ketemu kancane.” Ujar Roashita.
“Ibu iku mesti manjano Andien, mangkane dheke dadi males.” Jawabe Pak Ramlan.
“Yoweslah Ndien, kowe ados langsung nang restoran. Kowe ngerti dhewe nek bapakmu ngomong ngunu ora iso ditentang maneh” utuse ibuke.
“Yoweslah buk” jawabe Andien mangkel.
Sakmarine ados Andien budhal ing restoran. Dheweke ora pamitan karo wong tuane.
“Sampeyan delok iku anakmu buk, ora pamitan” ujar Pak Ramlan.
“wes talah pak, sing sabar” jawabe Roshita.
            Andien sampek ing restoran barengan Afita lagi nurunaken mentoke, mentok kasebut mblayu lan nelek ing sikile Andien sing lagi mlaku nang restoran.
 “Sepuntene yuk, kulo resiki ngge?” Afita nyuwun ngapuro lan langsung sikile Andien diberseni ambek Afita gawe lap sing biasane nang gulune Afita
“He awakmu, ora sopan! Aku dorong ngomong iyo wes diresiki nggawe gombal rusuh misan” Andien muring-muring.
“Ngge sepuntene sing katah” Afita nyuwung pangapuro.
“Ora sudi aku nyepurani arek koyok awakmu, ojok mentang-mentang awakmu sing nyetok mentok nang kene dadi aku kudu tunduk nang awakmu koyok bapakku” ujar Andien.
            Afita ditinggal ngaleh Andien. Pak Ramlan teko lan nguwasi Afita Lagi nangis ing lungguhan cidek restoran. Dheweke nyritakake kedadeyan sing dialamine karo Andien. Pak Ramlan isin karo kelakuane anake iku. Akhire dheweke jaluk sepuro marang Afita. Afita sampun nyepurani Pak Ramlan nanging Afita ora gelem nyetok mentoke maneh.
            Menene waktu sarapan, Pak Ramlan ngomong yen Andien kudu njalok sepuro ing Afita.
“Gara-gara kowe Ndien, Afita wes emoh nyetok mentoke” ujar Pak Ramlan sedih.
“kenopo kok kulo?” takone Andien.
“awakmu wes nyakiti perasaane Afita lan saiki ora sadar?” takone Pak Ramlan.
“lo… iku salahe deke dewe lapo gak sopan” jawab Andien.
“kowe iku yo, saiki mboh piye carane awakmu kudu iso gawe Afita nyetok maneh ing restoran” jelas Pak Ramlan.
“kenopo kudu mentoke Afita, aku iso nggolekno mentok liyo” jawab Andien.
“yo ndang nek awakmu iso nemokno mentok koyok mentoke Afita” balese Pak Ramlan.
            Mene isuke Andien budal golek mentok, dheweke nemokno peternak mentok uwakeh nanging mentoke rasane bedo karo mentoke Afita. Akeh pelanggan sing kecewa marang masakane sing rasa mentoke wes bedo. Wis hampir 1 minggu restoran iku sepi, bahkan sampek kate gulung tikar. Pak Ramlan sing emoh yen restoran iku tutup, dheweke langsung ngomong nang Andien supoyo jalok sepuro marang Afita. Andien tetep ora gelem jaluk sepuro.
            1 wulan wes kelewati, Pak Ramlan mulai sakit-sakitan. Restoran terpaksa kudu tutup, Keluarga Pak Ramlan butuh duwit gawe berobate Pak Ramlan. Akhire Andien jaluk sepuro marang Afita,. Andien moro ing omahe Afita.
“Assalamualaikum” Andien karo ngetuk lawang.
“Wa’alaikumsalam Wr. Wb, sampeyan sinten? Golek I sinten?” ujar ibu Afita.
“Afitane wonten buk?” takone Andien.
“Oh… Afita jek kuliah, bar ngunu mulih kok, ayo melbu disek” jawab ibune Afita.
            Andien melbu lan lunggoh ing sofa.
“Sampeyan niki sopone Afita?” takone ibue Afita.
“Kulo Andien anake Pak Ramlan sing gadah restoran Metow” jawab Andien.
“Oh… putrinipun Pak Ramlan” ujar Ibune Afita
“engge buk. Kulo ten mriki badhe nyuwon ngapuro marang Afita. Sakniki bapak lagi gerah lan restoran satu-satune penghasilan keluarga kulo sampun tutup amargi kesombongane kulo” jelase Andien.
            Afita teko omah.
“Assalamualaikum” ucape Afita
“waalaikumsalam” jawabe Ibue Afita lan Andien.
“Kenopo kok ana Andien nang kene?” takone Afita.
“aku nyuwun pangupuro nang kowe Fit, Bapakku lagi gerah lan restoranku tutup, aku pingin kowe nyetok mentoke maneh. Aku lagi butuh duwit gawe biaya bapakku sing lagi sakit” jelase Andien.
“Pak Ramlan gerah opo Ndien?” takone Afita.
“Bapak gerah batu ginjal lan kudu dioperasi secepete” jawab Andien.
“Saiki Pak Ramlan nek endi Ndien? Opo wes nang rumah sakit?” takone Afita.
“Saiki bapak nang rumah sakit lan ngenteni biaya gawe operasi, aku kudu buka restoran iku maneh supaya oleh duwit Fit, sepurane yo Fit aku duwe salah akeh nang kowe” jelase Andien.
“Aku wes nyepurani kok Ndien, aku gelem nyetok maneh nang restoranmu, nanging percuma nek ngenteni mulihno restoran iku supaya akeh pengunjunge jelase sondok suwi, kowe pastine butuh duwit iku secepete kan Fit, piye nek gawe celenganku karo ibuku disek, engkok baru gantenono pas restoran iku wes mbalek rame?” takone Afita.
“Iyo Ndien mending gawe celengane ibu lan Afita disek, yo ancen gak terlalu akeh, tapi bekne iso mbantu” ujare ibue Afita.
“suwon Buk, Fit, panjenengan sampun mbantu kulo lan kaluwarga kulo, padahal kulo sampun jahat kale Afita” jarene Andien.
“gapopo Ndien, Pak Ramlan iku wes tak anggep bapak dewe. Dheweke iku apikan marang sopo ae” jelase Afita.

            Andien lan Afita moro nang rumah sakit ngenteni Pak Ramlan operasi. 1 minggu sakwise operasi, Pak Ramlan wes sehat, dheweke moro nang restoran sing saiki dicekel karo Andien. Resteron iku wes rame pengunjunge maneh. Afita saben dino nyetok mentok maneh ing restoran kasebut. Pak Ramlan ngucapake matur suwon nang Afita amarga wis ngewangi kaluwargane. Akhire Andien lan Afita dadi partner bisnis lan uga dadi sahabat sing selalu ngedukung.